Monday, October 30, 2006

Melu Methu

Mbuh sejatine kahanane Byan Semun kuwi koyo piye...

Ning ndilalah event iki Bayan Semun nasibe kurang apek..
Kerjo kuli neng pabrik, gajine cilek, ra gablek opo-opo kejobo cicilan omah type rss, sing isine muk kamar siji, ruang tamu, njur kamar mandi, wis thil, sakliyone kuwi duwekke wong... Nduwe anak siji kelas papat SD, bojone ngrewangi dodolan pecel ngider turut kampung.

Once upon a time...
Bayan Semun kepengen 'make love' ambek bojone, maklum kerjo re nek lerene, arep nghibur ati ora duwe ragad, yo sing gratis wae, make love mbek bojo tercinta. Tapi angger arep make love mbek bojone, Bayan Semun ngadepi masalah tithik, soale amergo kamare mung siji, dadi anake barang melu turu nang kono. Njur kudu ngenteni anake, Cuplis, semata wayang turu disek, gak etis yen anake rung turu...pikire Bayan.

Kiro-kiro jam 10 mbengi, biasane cuplis wis gak krungu suarane, alias turu. Kanggo ngetes anake wis turu opo durung, Bayan ethok-ethok nyeluk anake, "Plis, sesuk melu Bapak ra, nggolek karbit nggo nggawe mercon bumbung".Juk-ujuk ono suoro nyahut, " Melu Pak, entuk ngejak Endul ora Pak, deke pinter nggawe bumbunge" Ladalah, pikire bayan Semun, bocah iki kok rung turu," yo rapo-po (ambek ngrundel)...terpaksa ditunda disek... Kiro-kiro jam 1/2 12 mbengi, dijajal maneh mbek Bayan, " Plis tuku karbite piro yo le?", dienteni kok gak onok sahutan..." wah, berarti wis turu iki", pikire bayan ambek semangat...

Njur rumongso anake wis turu, Bayan mulai nggugah bojone, Bu Ayo to.. Cuplis wis turu....( That's mean let's make love, honey! )... Ra ngertio Cuplis mboh ngimpi opo, mungkin eling karo ajakane Bapake arep ditukokne karbit kanggo nggawe bumbung, dadi ora jenak turune, opo maneh krungu Bayan ngajak bojone make love, tambah kethip-kethip.. Ning Cuplis ra wani tangi soale wedi diseneni Bapake, wis wengi kok ra turu, engko malah ra sido ditukokno karbit nggo nggawe bumbung, malah rugi, pikire...
Wis meneng wae lah..senajan ra turu....

Singkat cerita adegan make love dimulai, kawet awal memang kamare sengojo dipetengi kahanane karo Bayan Semun, ben anake ra weruh...gak etis soale... Amergo wong telu turune sak amben, ambene dadi goyang koyo ono lindu.... Cuplis tapi meneng wae, mikir iki ono opo ya, kok dadi goyang ngene...? Tapi ra wani tangi, soale wedi diseneni berujung batal tuku karbit, rugi...pikire... Entuk kiro2 1/2 jam ( suwe juga ya...?).. Cuplis krungu suoro " Bu, aku pengen metu, ora tahan....", njur ono sahutan " aku iyo Pak..pengen metu..", Njur " Bu aku ora kuat tenan.. wis metu wae.." , " iyo Pak..aku iyo..", Ujug-ujug ono sahutan " Cuplis melu Pak...." ( walah......) Bayan...bayan....susahe urip rekoso, cobo bayan jupuk beasiswa S2....

No comments: