Wednesday, June 13, 2007

Semun nggonceng dhemit

Flashback, balik nèh nèng tahun sewu sangag atus pitungpuluh lima... Kang Semun durung dadi bayan, isik dadi hansip, isik dadi OB nang kantor kelurahan, isik manten anyar karo bojone. Malah isik honimon, dasare bar entuk rejeki merga dibeseli amplop karo pak Lurah sing bar entuk saka wong bar duwikan lemah mula malem minggu bar maghrib semrinthil wis ngejak bojone nang PESTA BUGIL utawa "bukak giling" pabrik gula pagutan. Tujuane arep nonton ludruk, kethoprak, nonton gambar sorot sing bitange roy marten karo yessy gusman, jajan brondong karo kacang asin, mulihe nenteng Martabak India Super nggo adhine ipe karo maratuwane lanang...

Masiyo jarak nDelopo Pagutan iku gak pati adoh, mung nem kilo tur lewat dalan aspalan ireng jurusan Mediyun - Ponorogo, tapi ya lumayan wong kang Semun numpak pit lan tur akeh nggon sing wingit utawa angker yaiku kretek mBathil, kuburan Slambur, mBulak Sekelip karo kali Ngrobyong…. sing jaman sakmono durung rapet omah kaya saiki....

Saka nDelopo kang Semun goncengan ngonthel pit ngalor parane, Yu Semun ngetapel kaya ransel. Sakwise tekan simpangan dalan sepur sing disebut mBéngkok (cedhak sentral listrik ndelopo) dalane lumayan sepi.. Senajan cedhak gardu listik, tapi daerah kono peteng ndhedhet lan sepi lan ya cedhak karo kuburan lan jembatan mBathil... rongatus meter sakdurunge jembatan dalane mudun, nanging sakwise jembatan munggah meneh, mula ing kono ana rambu dishub gambar (nuwun sewu).... "kutang". Embuh merga dalane rada menggok merga simpangan sepur terus mudhun-munggah iku apa merga ana sing mbaurekso, daerah kono iku sering banget ana kecelakaan, wiwit jaman sepur "lempung" mediyun-slahung isik urip wis sering ana dongeng uwong utawa kendaraan ketabrak sepur, sakwise iku sering ana kejadian tabrakan utawa kecelakaan.. malah nurut jarene kancane tanggane dulure adhine kancaku nang daerah kono sering ana "penampakan" wewe gombel, embuh "kiasan" apa nyata gak bisa dibuktekne perawi utawa sanadnya... he,he,he....

Untung ing daerah kono lakune sepedah kang Semun kebantu gaya gravitasi, nanging persis nang tengah kreteg mBathil, sensor irunge kang Semun nangkep ambu telo bakar. Mak nyut... kang Semun kelingan kandhane wong-wong nek iku ambune "kringet gendruwo". Ditambah angin semiriwing nggawa wangine kembang kemboja saka kuburan.. githoke kang Semun kontan mengkorog atine mak serrrr... tanpa ancang-ancang sepeda digenjot kaya wong kesetanan mlayu sipat kuiping (padahal setane muncul saka atine).....
Lamat-lamat krungu wong bengok-bengok saka mburi, rumangsane deweke diuber dhemit.. mula tambah cepet lehe nggenjot sepeda… Tambah cepet meneh nalika ngliwati kuburan Slambur.... nembe krasa menggeh-menggeh nalika wis tekan lewat lan tekan daerah sing rada rame...…

"Kooangggg … koang…. Kang Semun… byuhh, byuuhhh... ra mbloko men sampeyan ki piye… budeg yaaa… kit maeng dibuuuengooooki kok tuerus ae..." Nalika noleh, kang Semun kaget kaya disamber bledeg luput... mas Dalimin krenggosan ngoyak deweke, sing tambah digumuni meneh bojone wis digonecengke karo mas Dalimin.

Kang Semun curige, engko gek iki mas Dalimin jadi-jadian, "Umpama iku bojoku tenanan, terus sik tang gonceng saka nDelopo karo tak jak ngobrol mau sapa???".
Kang Semun ndelok boncengan sepedae... jebul kosong... mak tratab, wis siap arep mlayu sepedane ditinggal...

"Kosik kang.... aja kaget, iki aku Dalimin tangga lan dulur sampeyan... bojo sampeyan iki mau lak ceblok nang kreteg mBathil… umpama mau sing nemokne dudu aku bisa dadi isen-isene asrama mBéngkok!" kang Dalimin cengengesan..

Tuesday, June 12, 2007

Burik

Tanggane bayan semun , Yu darmi duwe ingon ingon manuk beo , manuk iki jan pinter-e puuol , iso nebak sing ora ketok mata,.....
sawijine dino bayan semun dolan nang omahe yu darmi,...
Yu darmi "mun manuk beoku iki iso lho ndelok sing ora kethok mata, jajal celuk-en si agung (dudu agung prabowo)kuwi mrene" terus agung kongkon nyedak manuk beo mau,...
"helo kiti helo kiti" unine beo mau ,.......
"lho kok helo kiti , apane sing helokiti" jare bayan semun bingung,.....

"Ooo jajal bukaken celana-ne agung kuwi"
"Ooo sempak-e agung ana gambare helokiti, halah kuwi mesti ketepakan wae" jare bayan semun ora percaya.
"ya wis jajal undangen hari , iwan , karo fuad telu mesisan (pisan maneh jeneng ora ono hubungane blas karo anggota MC)" omonge yu darmi bocah telu mau langsung dicedak-e nang beo-ne yu darmi,....
"sincan donal tomjeri" beo-ne ngoceh nganti ping telu,..
bayan semun penasaran langsung diplorotne celanane cah telu mau , la rak tenan cawet-e hari gambar sincan , iwan gambar donal bebek lan fuad gambar tom & jerry,...
"piye kang semun percaya ora?" yu darmi mesem "aku sik ora ngandel jajal siji maneh aku tak nyedak, iso ngerti gambar kolorku ora" jare bayan semun .
Dasar bayan semun sedurunge nyedak mlebu nang kamar mandi disik trus kolore dicopot , dadi mung sarungan wae tanpa kolor , jajal mengko rak bingung beo kuwi ngunu pikire bayan semun.
mung nganggo sarung tok bayan semun nyedak-i beo ne yu darmi ,...

sak menit beo meneng wae , limang menit isih meneng wae ,....

"piye yu darmi beo-mu meneng wae , mau kuwi pancene ketepakan wae,..." durung mingkem olehe ngomong moro-moro beo-ne yu darmi muni

"burik,....burik,....burik,...."

Kang Semun 1st day

Anuju sawijining dino, kang Bayan ingkang nembe nglokro,...( ngono salah ngene salah, pijer didukani wae karo pak Lurah....)... terus duwe angen-angen rodok nekat, pengin minggat seko kampung’e, dadi TKI...., neng ngendi wae, dadi opo wae, pokok’e uncat seko desone.........

Nanging, masiyo kadang-kadang ndlodog, kang Semun ora grusa-grusu oleh’e arep gegayuhan dadi TKI......., “aku kudu duwe modal disik...”, ngono lamunan’e...”Paling ora aku kudu iso coro Inggris....”......, tambah maju oleh’e nglamun.....

Masiyo oleh’e sekolah ndisik mbayar nganggo jagung gedheng’an, ning kang Semun wis ngantongi ijazah sekolah menengah, mestine nek pelajaran coro inggris yoo wis tau diwulang, ning sayang’e blaasss ora iso muni...... “Ben cepet iso muni inggrisku, aku kudu melu kursus wae nang kutho.....” gagasane kang Semun bab modal coro inggris sajak oleh dalan tur wis ditekadi tenanan........

Dino seloso isuk kang Semun mbolos....., pak Lurah thingak-thinguk thok, ndangu sopo-sopo ra enek sing weruh gelibet’e kang Semun...... “opo mergo wingi kae tak senen’i yoo ???.....aahhh mengko lak mbalik dhewe..” ngono batin’e pak Lurah...

Gak ngertiyo jam wolu isuk tibak’e kang Semun wis tekan ngarep kursus’an inggris sing gedhung’e magrong-magrong. Rodok gemeter sithik ning amergo wis nekat tenan kang Semun mlebu....

Ditemoni karo petrugas Pron Opis, nom2an cah lanang, “nyuwun sewu Mas Bagus......... (kabeh nom2an nek lanang mesti diundang Mas Bagus karo kang Semun, lha nek ketokane...masiyo mung ketokane ...wedok, mesti diundang mBak Ayu, opo maneh sing semlohee tambah suemuangat dek’e...ngundange mesti diimbuhi mesam-mesem) .......Mas Bagus, kulo niki pengin cepet-cepet saged coro inggris, carane pripun nggih ???, tumut kursus sing pundi niki ??.....”, karo nyerahke brosur sing wis setengah lecek diuntel-untel neng njero Colt mau...

Petugas’e sajak yoo ramah tur simpatik, terus mernah-mernahke kang Semun : “niki mawon Pak, niki Immerse Coarse, kirang langkung tigang wulan..gurune niki native speaker, .....”, kang Semun rodok ndlongop sithik, ning terus takon : “ wah kulo kok mboten mudeng...., genah’e pripun ??!!!. Immerse Coarse niku ibarat’e njenengan di leb-leb ke ngantos komoh-komoh kaliyan gurune sing saking inggris langsung, lhhaaa mengke nek mpun mentas mesti mpun saged muni inggris’e...... Wooo ngaten thoo, nggih mpun kulo tumut niku mawon....., batin’e kang Semun : wong aku biasa ciblon karo lumban neng kali wae kok.... dileb-leb ke ritak ra po’po....asal inggrisku ndang muni........

Singkat ceritaaa........ha..ha..ha, ...tibak’e yoo kesel ngarang/nulis crito Bayan Semun kuwi....

Hari pertama kang Semun neng kelas........., sakjane dek’e yoo wis siap-siap nggowo kathok kolor diwadahi tas kresek...siap-siap nek arep di leb-leb ke mau....

Tapi..lhooo, lha kok konco-koncone podho necis-necis, klimis ngguantheng-nggantheng tur wedok’e yoo akeh tenan....., kang Semun mulai ragu-ragu..., “ ahhh mosok wong-wong koyok ngene arep di leb-leb ke neng kali..” batin’e.....cah kae mesti ngapusi......, batin’e mulai nggerundel karo petugas pron opis..

Nanging mental Bayan’e terus metu....tenaanggg, jarene atine...

Sak wis’e Mr. Steven Gerrard (dudu gelandang’e liverpool) nerangke toto coro kursus nganggo coro indonesia......banjur kursus’e dimulai, ....neng kelas wis ora oleh maneh nganggo boso indonesa (iki kebiasaan’e kang Semun nek ngonek’ke indonesia mesti ora nganggo huruf “i”...dadi dudu salah ketik, pancen yoo indonesa tenan), kabeh kudu nganggo boso inggris......arep takon, usul, ijin....opo wae kudu nganggo coro inggris.... (namanya juga immerse coarse...).....

Sayang’e kang Semun rodok gak nyemak....dadi yoo rodok plonga-plongo.......

Lhaaa oleh rong jam neng kelas sing full ac...., mulai enek masalah...., mungkin mau isuk bar sarapan ngombene kakehan, tur ruangane adem pisan, kang Semun mulai kebelet pipis.......waduh piye iki ???!!!, rai’ne di tenang-tenangke ning soyo-suwe soyo pucet......., arep ijin sik durung iso ngomong’e.....waaahhhh, dengkul’e wis dirapetke karo bokong’e rodok megal-megol neng kursi, lambene wis njekithut.....

Ndelalah enek cah wedok sing lungguh ngarep menyat karo ngacung njaluk ijin neng toilet.....” excuse me Steve, may I......bla..bla....” terus metu seko kelas....., lha iki wis enek sing mulai...batin’e kang Semun..., cuman mergo lungguh’e dek’e nang mburi..., gak sepiro’o krungu bocah mau ngomong’e piye ????...waaduuhhh...., kepekso ngemept terus. Bareng cah wedok mau mbalik, enek maneh sing ijin, cah ngarep..... excuse me Steve....bla..blaa............, terus mlaku metu kelas....

Suwe-suwe kang Semun gak kuat maneh....., begitu cah ngarep mau mbalik mlebu klas....., kang Semun karo mundhuk-mundhuk, tangane kiwo nyekeli ngisor wudel, nguempeet poolll, terus tangan tengen’e ngacung neng Steve karo setengah bisik-bisik muni ngene :...."kus me Steve, I want to throw little water"

maksude "Maap Steve, aku kepingin buwang air kecil"...mak bleber terus njeranthal metu....

!!!!!.......

Nyantuni Rondo

ustad mukidin ceramah, "ora kalebu golongane wong mukmin nek durung seneng nyantuni fakir miskin lan rondho-rondho tuwo".
bayan semun ngacung "syarate niku kedah randha tuwo nggih kang ustad?"
"soale nek randane isik enom, gampang nyebabne fitnah...", wangsulanme ustad
"lha nek setengah tuwo dospundi!", bayan semun takon meneh.
"maksudmu mun?" pancinge ustad mukidin durung ngerti arah pitakone bayan semun.
"anu ustad... sing kula maksud niku randhane mas trihatmojo" ature bayan semun karo cengar-cengir.
pak ustad ngguyu ngakak: "hayyyyaaah.

niyatmu arep nyantuni apa modal kolor nunut mukti???"
"lho dospundi to pak... pak mukti sakniki rak pun pindah teng purwokerto"
"sak karepmu..."

Thursday, June 07, 2007

Kacang Mede

Yu darmi nembe wae pindah nang desa pingkuk, ketepakan sebelahan karo
Bayan Semun sebagai penduduk anyar , Yu Darmi sowan nang omahe bayan
semun sing luwih tuwa umure.
Yu darmi : Mbah, tepangaken, kulo tetangga enggal sebelah griya njenengan nami kulo Darmi.
Bayan Semun : Oh, monggo pinarak, kok ngundang mbah tho wong aku isih gagah seger ngene lho? kulo Semun .
Pas lagi ngobrol, yu darmi ndelok ana saktoples kacang mede.
Yu darmi : Wah mbah, eh pak Semun angsal mboten nyicipi kacang medenipun
Bayan Semun: oh... yah...monggo monggo ora usah sungkan anggep wae omahe dewe.
Saking enak-ke ngobrol ngalor ngidul , saktoples mede entek di emplok Yu Darmi.
Yu Darmi : wah, ngapunten lo mas Semun (nyeluk mas merga rada isin ngentek-e mede saktoples) kacang medenipun kulo telasne...
Bayan Semun : Oh, nggak apa-apa kok, aku dewe yo ora pati seneng kacang mede mula tak klumpuke nang toples kuwi , senenganku coklat silverkuin.
Yu darmi : lho coklat silverkuin rak wonten mede-nipun to mas semun,..?
Bayan Semun : mulane kuwi angger mangan coklat silverkuin , ora nate tak cakot , mung tak klamuti wae lha kacang medene tak klumpuk-e nang toples sing kok entek-ke mau,...
Yu Darmi : "#$@##$&@"

rasakno tangga anyar kok ngragas bathine bayan semun karo mesem,......

Wednesday, June 06, 2007

Blutut

Marco bocah kelas telu SD ngobrol ngalor ngidul karo Indo ngomongke rencana piknik sekolahe sing arep diadakne sesuk, Marco anake wong sugih mbrewu ponakan-ne Bayan Semun , bocah iki sombonge ora ketulungan sok pamer yen duwe barang anyar, pas dina kuwi deweke nggawa HP nokia anyar seri N90 sing nembe wae ditukokne bapak-e ,..

Marco : "Aku duwe HP anyar delok-en apik kan iki komplit banget lho ana kamera , blutut, isa ngrungoke lagu mptre, isa video , triji, pokoke komplit, sesuk tak gawa ah . eh indo kowe duwe hp ora takone" .
"aku duwe, iso foto juga, iso blutut juga" , jare Indo ora gelem kalah,
"sik tak jupuk-e" , jare Indo , trus mlayu mlebu omah njupuk HP lawas samsung X100
Marco : "yah HP butut isa foto nggak kuwi"
" isa " jare Indo sok tau , "blutut ya enek "
Marco : "isa lagu mptree ora ? coba lagune apa wae?"
" isa " jare Indo sik tetep wae ngedebus sok tau,....
Marco: "ana lagu kangen band ora kirim aku dong ngganggo blutut wae cepet,....."
Indo : "nggak ah mengko blututku entek,....."
Marco : "aja kuawatir nek blututmu entek mengko tak isi , blutut-ku akehkok nembe wae diisi karo papah-ku,..."

Oalah tibake poda katro-e

Manten Anyar

si tino (bukan nama sebenarnya) ponakane bayan semun termasuk bocah lugu nanging bocah manis gak tau mbantah apa perintahe wong tuwo, tapi rada kuper, sing jeneng pacaran ae durung tau.. lha wong lagi nyedhak cah wedok ae wis ndredheg gemeteran ngewel jeee... mula termasuk genre stmj alias setengah tuwo masih jomblo... angger ditakoni "kapan kawin?"
jawabe mung, "may"... maksude "may be yes may be no"... masiyo telat kawin tapi sebagai cowok sing gak neko-neko, dijamin nek segel abang sing ana tulisane "do not accept if the seal is broken" isik utuh tanpa cacat utawa baret..
kocap kacarito, sambel kecap ditambah merico... bener apa jare unen-unen "jodo, rejeki lan mati iku pesthi", ujug-ujug si tino rabi karo si tini (bukan nama sebenarnya).
merga dianggep bocah kolokan, anak mami, mula ing titi wanci menjelang dadi mnaten ibune sibuk, kepingin banget ngajari si tino piye carane memperlakukan isteri ing malem pengantin mengko. ibune kuwatir nek tino gak ngerti apa sing diarani "ngadu saliro tanpa busono" iku mula dijelasne apa sing kudu ditindakne karo bojone... (ibune lali nek wedhus kae gak nate ana sing ngajari ya bisa dhewe.. he,he,he...) "le... kowe engko turu sak amben bareng bojomu, aja nganggo pakean, terus kowe rangkulan.. bagian awakmu sing atos kuwi lebokna nang nggone bojomu pipis, terus mlebu-metu bolak-balik bareng karo aba-aba kenthongan sing tak tabuh saka njaba " ngono dhawuhe ibune, si tino manggut ngerti.
singkat crita, pas malem ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang pengantin nggawa kenthongan rondha. sakwise ana aba-aba siap... ibune tino nuthuk kenthongan.. thok...
thok.. tok.. wiwitane alon-alon... saben limang kethukan mendeg dhisik.... terus tambah suwe tambah cepet.. thok,thok,thok.

thok,.thok,
terothok,terothok,terothok... akhire kaya titir banjir..
sakwise sekitar limalas menit saka njero kamar si tino karo bojone jerit-jerit njaluk tulung...
wong-wong kaget... lawang didobrak alon-alon ditiliki mbokmenawa ana masalah.
tenan, nang njero kamar si tino gudras getih bathuke babak bundhas...
"lho iki piye.. ana apa nduk....???..."
"ng.... anu mbok... mas tino nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero kloset"
ealah..... dasar....