Thursday, December 27, 2007

Mantu Teladan

Semun wes suwe naksir karo anakke pak Haji Kosim yaiku yu Semi sing
ayune meblong2. Nanging ora pernah iso kesampaian berduaan saben apel.
pak Haji Kosim mesti nyusel2 nang tengah pas enak2 e Semun karo Semi
omong2an.

Pak Haji Kosim iki salah siji da'i kondang nang desane Semun. Saben
ceramah, suwe banget. Biasane iso nganti 1-2 jam. Dino iki bar sholat
isya', sing ceramah pak Haji Kosim. Semun sing pengin dadi mantune pak
Haji Kosim melu shaf ngarep dewe. Pas wayahe pak Haji Kosim ceramah,
shaf mburi2 wis podo ilang, mblayu kabeh. Kari sak baris shaf ngarep
sing terkantuk-kantuk, yo iku termasuk Semun.

Ceramah e dino iki suwe banget. Sampe 1 1/2 jam. Sak bubar e pak Haji
Kosim ngomong salam, Semun langsung ringkes2 sajadah trus kesusu metu
soko mushola. Nang ngarep mushola, wis dipoyokki kanca2ne, "Weh, sing
arep dadi mantune pak Kosim, sregep ngrungokke ceramah e...". Semun
sing dipoyokki mung mencep thok. Pikiran e, mumpung pak Haji Kosim sik
nang mesjid, iso apel karo Semi.

Tekan omah e Semi, wis disambut dengan meriah (halah...) karo Semi.
Sakwis e Semun lungguh, langsung ditakoni karo Semi, "Kang, sampeyan
suwe temen nang mesjid e? Jare arek2 sampeyan ngrungokke ceramah e
bapak sampe bar yo? Wah, jan sampeyan iku calon mantu teladan kok..."
Semun jawab, "Jane aku mau yo arep ringkes2 ndang menyang mrene, honey
(halah...), tapi bapakmu ceramah nang ngarepku, ngidak sajadahku, gek
ora ngaleh-ngaleh. Yo terpaksa aku ngrungokke karo ngantuk2 ceramah e
bapakmu..."

Oalah...Semun.

..Semun...tibakno sajadah e kepidak karo pak Haji
Kosim...dudu mantu teladan...

** kangge poro bapak2, waspada nggih calon mantu macam Semun... **

Bayan Semun sempal dhengkule

Masiyo blekak-blekuk lan ilate kelibet-libet nek maca ayat Al Quran, bayan Semun iku termasuk paling sregep sholat bareng nang langgar. Saking sregepe lan dhisik tekane nang langgar sasat nduwe kapling dewe yaiku nang shaf ngarep kiwane imam jejere Kaji Dulkamid...

Nanging rong dina iki irunge Bayan Semun ra ketok nang langgar… padahal akeh sing weruh nek deweke ora lunga, malah mau esuk akeh sing weruh isik nyang kelurahan.

Mula nalika wong-wong ngumpul sakwise sholat sing digunem ora liya absene si Bayan Semun.

"Nalika arep mangkat mrene mau, aku weruh kang Semun… tak jak bareng ora gelem malah sajak kesusu mlebu omah", kandane kang Dalimin menyang wong-wong.

"Eh.. kok nganeh-anehi men kang Bayan Semun ki, mengko gek saiki wis melok Islam Jamaah", aloke Saimo.

"Anggota Islam jamaah kuwi lak isoh didelok saka pakeyane ta Mo, biasane pada nganggo celono cingkrang" omonge Kadirun sok teu…

"Lha cocok wiisss!!!…", Dalimin semangat, "Wong mau ki celonone ya dilinting.. berarti bener dekne saiki emoh sholat bareng awak dewe merga wis dadi anggota Islam Jamaah"

Nembe gayeng pada rembugan, Kamituwo Kuwat rawuh nggoleki Bayan Semun, dijawab karo pating clebung karo wong-wong nek saiki deweke wis gak gelem nang langgar kono merga wis melok aliran sempalan.

"Empun rong dinten mboten purun sholat sareng teng langgar niki lho Pak Wo.." aloke wong-wong.

"Lhoo… nek wis rong ndina iki Bayan Semun dibayat dadi anggota golongan sempalan aku gak ngerti, tapi ngertiku rong dina kepungkur dengkule Bayan Semun abuh merga udunen. Malah kanda karo aku, nek sholat sikile cekakaran merga kangelan nek arep lungguh tahiyat… mungkin ae deke absen sholat nang langgar merga gak kepingin ngrepoti kiwa tengene…"

Oalah….. taraki melok aliran sempalan ra ngertine sempal dhengkule...

Tuesday, December 18, 2007

Obrolan Yu Semun

Yu Darmi, Yu Semun karo Yu Tinah, telu-telune nduwe anak wedok ABG. Wong telu asyik ngobrol. Topike polahe bocah saiki sing aneh, beda banget karo jamane ibu-ibu iku isik bocah mbiyen.

Yu Tinah; "Aku wingi kaget nalika mbongkari tas sekolahe si Nancy anakku... aku nemu rokok sak bungkus, padahal aku ngerti kok nek anakku kuwi gak tau ngrokok".

Yu Darmi "Iku gak sepiro jeng.. aku wingi malah nemu 'gendul ireng' nang ngisor tempat tidure Reni anakku wedok.. padahal Reni kuwi gak tau mabuk-mabukan lhooo"..

Yu Semun, "Kuwi biasa jeng… sing aku nggumun kuwi malah karo anaku Lastri, nalika tak bongkari lemarine aku nemu kondom sak pak… terus piye carane ngenggo lha wong cah wedok?"

Semun Dadi banci

Tresno iku pancen nglarani ati, nanging sanajan ngunu sik akeh wong
sing ngalami katresnan. Alkisah, Semun lan Semi wes kenal rikolo sik
SMA. Hubungan e wes raket banget. Jare wong jowo, tresno iku jalaran
soko kulino. Amargo kulino cedak karo Semun, akhir e Semi jatuh
cintrong.

Tapi semi nyimpen rahasia, kekaguman e karo Semun sing pinter banget.
Dewekke wedi nek ditolak karo Semun, trus ora iso kekancan maneh karo
Semun. Sak ora-orane, yen dewekke bisa njogo perasaan e, dewekke isih
iso bareng-bareng karo Semun. Ngarep² sopo weruh yen Semun nembak
dewekke dhisik. Ngono pikir e Semi.

Wektu kliwat. Sekolah e Semun karo Semi wes lulus. Semun lan Semi ora
podo maneh sekolah e. Semi nang Mediun wae, kuliah nang IKIP disambi
kerjo jogo konter HP nang PP. Semun kuliah nang luar negeri. Tapi wong
loro iki isih hubungan e-mail, es em es, ngirim2 poto nang prenster
lan isih ngirim hadiah pas salah sijine ulang tahun. (jaman modern je,
semi wes jowo internet).

Semi kangen Semun balik, dewekke pengen menyatakan cinta lan perasaan
karo Semun, mbesuk yen Semun mulih. Dewekke wes tatag. Lah, njilalah
e-mail soko Semun mandeg. Es em es yo ra ono. Semi njajal hubungi,
nanging ora dibalesi. Nang ndi Semun? Ono kedadean opo? Akeh pitakonan
nang pikiran e Semi.

2 taun kliwat lan Semi isih ngarep² yen Semun bakal mbalik, utawa sak
ora-orane ngirimi surat. Nah, dongane Semi terkabul. Semi nompo es em
es soko Semun.

"Semi,temoni aku nang Juanda sesuk jam 7 bengi. Aku wes ra kuat pengen
ketemu awakmu...cinta & cium soko kancamu"

Semi berbunga-bunga. "Cinta & cium". Kanggone Semi, bocah wadon sing
tresno mati karo Semun, yo wes luar biasa. Semi seneng setengah mati,
amargo es em es e Semun lan bakal ketemu Arjuna ne. Sesuk e, isuk-isuk
Semi wis berangkat nang Surabaya, nang Juanda. Moh telat mapag Arjuna
ne. Dewekke nggawe klambi paling apik sing lagi tuku wingi nang Sri
Ratu. Pokokke Semi pengen tampil secantik mungkin. Ben Semun naksir
aku yen ketemu, ngono pikire Semi.

Jam 7 pas, Semi wes ngenteni nang gerbang kedatangan Internasional.
Pesawat sing soko Amrik wes teko. Semi celingak-celinguk golekki
Semun. Nanging ora enek. Amargo cuwo, Semi arep mulih. Nanging
ujug-ujug (dudu sepur) ono wong wadon gawe kaos ketat biru nyedak.
Seksi tenan bocah wadon iki, pikir e Semi.

"Hai, Semi ya? Lali yo karo aku?" pitakone bocah wadon iku. Rumangsa
jeneng e diceluk, Semi mandeg.
"Sampeyan iki sinten nggih?" jawab e Semi sopan.
"Aku nggowo kabar kanggo awakmu. Semun ora bakal teko, dewekke ora
bakal iso teko mrene maneh." jare wong wadon iku karo nyeleh koper e
nang cedak sikil. Tangan e nyekel pundak e Semi.
"Semun nang ndi? Ono kedadean opo? Omongno nang aku..." Semi mulai
panik. Wong wadon iku mentelengi trus nepuk pundak e Semi trus
ngomong....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

"ALAAMAAAKK.

. SEMI, INI EIKE SEMUN...APAKAH IKE TERLIHAT CANTIK
SEKARANG?? AIH...AIIIIH. .. YEY NGGAK BISA NGENALIN EIKE LG YAH???
IIHHH.......
..SEBELL DEEEEHH...!! !!"

............
..............

Semi langsung nggeblag ora sadar. Semaput...!!
!

Penyakit Keturunan

Iki ceritane jaman Semun isih SMA. Pas diwulang Biologi bab reproduksi
sub penurunan sifat dan penyakit genetis, gurune ngendikan:
Guru: "Hayo, saiki pelajaran arep entek. Sopo sing arep takon?"
Semun: "Kulo bu...!" semun ngacung.
Guru: "Yo mun, arep takon opo?"
Semun: "Taksih wonten ingkang ngganjel datheng pikiran kulo bu, lha
menawi tiyang sepahe mandul, nopo mangke putranipun mesti mandul
nggih, bu?
Guru: "???&^*(^(^(

"

Oalah...Semun.
..Semun...takon wae kok aneh-aneh...

Semun Jago Bal-balan

Cita-citane Semun dadi pemain bal-balan propesional ora tau
kesampaian. Asline Semun iku pinter main bal-balan, nanging amargo
rodo ndlodok lan ora iso disiplin, akhir e ora tau biso ditompo nang
tim2 gede. Mung iso memperkuat tim kesebelasan Gulun FC. Karier e
Semun wis mentok.

Semun iku duwe konco sing podo pinter bal-balan e lan dadi anggota
kesebelasan elit nasional, dadi seleb pokokke. Jenenge kang Samin.
Semun karo Samin iku wis koyo sedulur. Opo-opo bareng. Nah, sawijining
dino, Semin iku mati amargo overdosis narkoba (biasa sleeb kan
senengane narkoba). Lewat pitung ndino matine Samin, Semun ngimpi
ditekani karo kancane iku. Semun kaget weruh kancane.

"Piye kang Semin, awakmu apik2 wae to nang kono." pitakone Semun nang Samin.
"Ora apik mun, aku nyemplung neroko goro2 narkoba kae." jawab e Samin.
"Makane to kang, wingi2 wes tak kandani ngeyel wae...mending ngombe
arak wae....ojo narkoba..." jarene semun sok pinter.
"Jane aku mrene ora kanggo bahas kuwi Mun, aku mrene nggowo pesen apik
karo elek kanggo awakmu..." Samin omong maneh.
"Wes...sing apik wae dhisik..." jawab e Semun.
"Kabar apik e, awakmu bakal ditompo nang kesebelasan paling bergengsi
yang pernah ono nang seluruh jagat iki." jawab e Samin.
"Wah, sip kuwi, ganteni awakmu yo? Lah terus berita elek e opo, Kang?"
"Sikilku cedera, awakmu tak rekomendasi menyang bosku. Awakmu ditompo
nang Jahanam FC, tim pemimpin klasemen sementara nang Liga Neraka
ganteni aku."

Glodak...Semun glundung trus tangi langsung sholat subuh, tobat,
njaluk ngapuro karo Allah SWT. Tobat ora bakal ngombe arak maneh...

Friday, December 14, 2007

Bayan Semun dan Permen karet

Bayan Semun jadi duta Indonesia di SEAGAMES Bangkok. Di pagi hari ketika sedang menikmati sarapan di perkampungan atlet, seorang atlit Malingsia nyamperin dan mulai mengajak berbicara sambil mengunyah permen karet.

Atlet Malingsia: "Orang Indon kalo makan roti pasti sampai habis yaaa..?"
Bayan Semun: "Lha iyaaa.. kan nggak baik buang-buang makanan".
Atlet Malingsia: "Kami tidak. Di Malay kami hanya memakan bagian dalamnya saja. Bagian kulit luar roti yang kering dikumpul lalu masuk kontainer, diproses diproduksi jadi roti croissant dan kami ekspor ke Indon."

Si orang Malingsia itu tersenyum puas saat melihat si Bayan Semun blangkemen nggak bisa njawab sepatah katapun.

Atlet Malingsia: "Apakah kamu juga makan roti pake selai ?"
Bayan Semun: "Emangnya kenapa"
Atlet Malingsia: "Kami tidak (sambil tertawa ngeledek). Di Malaysia kami makan buah segar pada saat makan pagi. Kami kupas kulitnya, keluarkan isinya dan kumpulkan kulitnya di kontainer, diolah jadi selai. Setelah itu kami ekspor ke Indon"

Bukan Bayan Semun kalo nggak bisa mbales, entah dapat ide darimana, tiba-tiba ia bertanya dengan penuh semangat: "Apakah kalian, orang Malay melakukan hubungan seks?"
Atlet Malingsia : "Kenapa? Apa salahnya hubungan seks kalo dengan pasangan yang sah"
Bayan Semun: "Apakah kamu juga menggunakan 'pengaman'?"
Atlet Malaysia: "Tentu saja!! Kami menggunakan kondom"
Bayan Semun: "Lalu, apa yang kamu lakukan dengan kondom bekas?"
Atlet Malaysia: "Jelas kami buang... emangnya baju, bisa dicuci terus dipake lagi? "
Bayan Semun: "Ooo... tidak di negara kami. pemerintah secara diam-diam memasukkan kondom-kondom tersebut ke dalam kontainer, kami lebur, lalu diolah menjadi permen karet dan diekspor ke negara ente. Itulah alasan yang sebenarnya kenapa kami orang Indonesia tidak suka makan permen karet kaya kamu. "
Atlet Malingsia: "???" (sambil diam diam membuang permen karet dari mulutnya...)

Kondom aneka rasa

Nang Medhiun cedhak omahe Semun ana pabrik Kondom merek-e Yowista,...
Tapi wis setahun iki pabrik lesu kurang order,.....
Setelah diteliti ternyata kalah karo produk liyane kaya fiesta sing wis
nggawe kondom aneka rasa , misal rasa jeruk, coklat , strobery lan liyane
kanggo meningkatkan daya saing, pabrik Kondom Yowista ngundang
masyarakat setempat kanggo riset mengenai rasa ,......

Semun sing didaulat nganakno riset mulai blusak-blusuk turut kampung
takon nang masyarakat , kira-kira rasa apa sing paling disenengi ,.....
"Mun rasane sing lain dari yang lain ya,....nek isa aja niru fiesta ,
golek-o rasa sing khas, khas indonesia,..

." pesen kepala produksi
"Nggih pak" wangsule semun
Sewulan riset semun langsung laporan nang kepala produksi , ...

Sakwise sewulan pabrik kondom Yowista nggawe kondom aneka rasa, ternyata
penjualan gak ana perubahan sing ana malah peningkatan komplain,...
Komplain terbesar yoiku sering terjadi kecelakaan dalam permainan sex
terutama pas oral sex, penis pasangan sering kecakot.
Merga komplain terus meningkat , presiden direktur nesu-nesu ,

" Kowe iki kepriye to Mun , tak biayai nganti entek atusan juta tapi ora
ana hasile , pabrik ora mundak produksine tapi malah mundak akeh
komplin-e nek ngene terus pabriku isa bangkrut. "

"Nggih pak , mungkin kondomipun kedah dipun tarik, amargi pengguna
sering terlena amargi raosipun" jare semun rada ndredek

"eh Mun emang kok wenehi rasa apa tho" pak direkture takon

"Sesuai permintaan bapak kepala produksi , rasa khas indonesia, rasa
pecel, rasa dawet jabung, rasa brem madiun, rasa sate ponorogo, ugi rasa rendang"
jawab semun.

Wednesday, December 05, 2007

Blue Energi-ne Semun

sak wise krungu berita bahwa wong nganjuk iso
menciptakan bahan bakar seko banyu (blue energy)...

komentare kang semun :............

"lagek ngono ae ...kok gumun......!"
(kang semun terok2 istilah-e gus pur :...."gitu aja kok repot"...)

sore2 iku ning pos RW :
kang semun crito ngethuprus ambek wong sak kampung
"sak durunge wong nganjuk iku nemokne ....
sak jane aku disik sing nemokne, ....
........uwong2 ae sing gak weruh ! "...

uwong 2 podho ndomblong kabeh...
....krungu omongane kang semun.....
wah.....wah....hebaat....kang semun iki.... !
.......................................

"kang .....ojo kakehan omong.....sak jane sing diciptakan..
kang semun...iku opo sih.....???" kabeh uwong ora srantan...

"poro sederek sedoyo......! "
"perlu diketahui....dan perlu saya informaskan bahwa....
.....................................
....bla....bla.....bla......lan sak teruse...! "........
kang semun wiwit.....ndobosi.......

"bahwa saya mau mendaftarkan ke hak patent...ttg...
penemuan saya.......
yaitu BBM yg iriiiiiiiiit banget.....

BENSIN CAMPUR......1 liter bisa awet berminggu2....

"wah.......hebaat......hebaat....kang semun " batine uwong2

"campur opo kang......???" kabeh uwong takon.....

"campur DORONG (surung)........
.....nek entek bensine langsung disurung....montore....!"
jawab kang semun karo mesam mesem.....

dasar semun gebleg.......!

Tuesday, November 06, 2007

Manuk-e Semun

esuk uthuk2...koyok biasane ; kang semun ...
ngruwat.....lan ngrawat ingon2 ...ocehane....
perkutut...jalak...derkuku...prenjak...kacer...
....suarane....rame koyok ning pasar manuk...

lha kok....ujug2 diparani karo ponakane srinthil.....
"pak dhe......sing muni kuk geruk...kuk geruuuk...
niku larang ..nggih ?" Srinthil takon....

"yo larang nduk.....limang atusan iku !" jawab kang Semun

"lha nek sing pencilakan niku......?"

"ooo....nek iku manuk prenjak nduk....jenenge...
kuwi nek oleh ....dek wingi seko pinggir kali"......
jawab-e kang Semun karo ngunggah-ke sarung-e sing mlorot...

lha kok njelalah .....enek sing aneh....?
Srinthil takon meneh........:
"lha nek manuk-e...sing niku.......?" Srinthil takon karo nudingi
kang Semun sing lagek ngunggahke sarunge sing kedhuwuren...

"nek sing iki ....ora iso ngoceh ...nduk....!
...isone ...muk manthuk2.....thok" .....jawab-e kang Semun
kamikisinen karo mbenakne sarunge......

dasar Semun.....nggladrah !

Thursday, November 01, 2007

Dunkin Donat

Lagi kepenak nonton bal-balan nang tipi moro-moro Yu Semun mbengok,..

“Pak, lampu teras mati kae lo, mbok diganti disik men ora peteng!”
“Masang lampu ? mbok kira aku iki PLN apa …!! Bayan semun setengah mbengok.

“Ya uwis nek ora gelem , ora usah bengok-bengok dandan-ono ledeng jeding kae wae banyune mluber kecer-kecer eman,…” jare Yu Semun.
“Halah bune-bune kok kira aku iki PAM apa piye kok kongkon ngurusi ledeng,….” Bayan Semun ngrundel.

“Pak , jarene sampeyan kentek-an rokok iki tak wenehi duwit , gek ndang nang warung tuku-o rokok, mesisan titip lengo potro arep adang lengone entek iki lho,…..” Yu Semun setengah mangkel.
“Karepmu iki piye aku iki dudu Pertamina kok kon golek lengo, ngerti ora lagi mentelengi bal-balan nang tipi,….” Bayan Semun pegel setengah mati.

Ora jenjem olehe nonton , bayan semun klepat methu saka omah melu nonton nang omahe kang Semin.

Jam 2 bengi Semun muleh rada gumun, merga lampu teras wis padang njingglang,..durung mari olehe gumun mlebu jeding kran wis mampet ora ketes-ketes,..
Tambah gumun maneh nang meja wis cumepak sego sak cething plus mujaer goreng lan sambel sak layah.

“ Bu sapa sing nganti lampu teras , ndandani kran trus sapa sing tuku lengo kanggo adang?” pitakone semun.

“Ooo mau ana wong lanang ngganteng saka desa sebelah lewat, trus tak jaluki tulung,..” jare Yu Semun.

“Terus kok bayar pira ”

“Ora mbayar nganggo duwit kok, dewek-e mung njaluk turu bareng sedelut karo aku utowe digawekne donat” jare yu Semun

“Lha kok ngunu tho , terus dewek-e kok gawek-ne donat pirang iji kok ora ana sisane” jare bayan Semun

“Nggawekne donat ??? sampeyan pikir aku iki dankin donat opo!” klepat yu semun mlebu kamar.

Tuesday, October 02, 2007

Ngintip

Kacuk, anaknya Bayan Semun, lari ngos-ngosan masuk rumah nyari ibunya.

"Buuuk . .Ibuuuuk...!!!" teriak kacuk.
"Ada apa Cuk, kamu kok kayak diuber celeng . .?" tanya Yu Semun.
"Bu aku tadi lihat Bapak sama Yu Darmi berduaan . . ." kata kacuk sambil ngos-ngosan.
"Sebentar to Cuk, pelan-pelan kalau cerita, duduk dulu yang enak.." kata Yu Semun.
"Gini lho Buk, pas aku main kerumah Kelik, aku lihat Bapak masuk ke rumah Yu Darmi." kata Kacuk.
"Udah Stop ! Stop ! Stop!, ceritanya disimpen aja dulu kamu minum dulu biar tenang. Nanti kalau Bapakmu udah sampai, ceritanya diterusin biar bapakmu denger sendiri. Aku pingin tahu gimana reaksi Bapakmu. "kata Yu Semun.

Sorenya Bayan Semun pulang udah ditunggu Kacuk dan yu Semun.
"Ayo Nak, cepet terusin ceritamu tadi" Kata Yu Semun.

"Pas aku main ke rumah Kelik, tiba-tiba aku lihat Bapak masuk kerumah Yu Darmi. Aku pelan-pelan ngikutin terus ngintip dari jendela. Aku lihat Bapak sayang-sayangan sama Yu Darmi. Setelah itu aku .... udah ah aku nggak berani nerusin . ." kata Kacuk.

Yu Semun penasaran, Bayan Semun gemeteran tegang.
"Jangan takut sama Bapakmu, ayo cepet terusin. Setetah itu Bapakmu ngapain lagi sama Yu Darmi !!" Yu Semun maksa anaknya.

Karena dipaksa-paksa akhirnya Kacuk nerusin ceritanya
"Setelah itu Bapak sama Yu Darmi main kuda-kudaan kayak , . . . kayak . . .” Kacuk berhenti cerita nggak berani nerusin ngomong.

“Lho ayo terussin jangan takut, kaya apa biar jelas “ Yu Semun mbentak anaknya lagi. Sementara Bayan Semun gemeteran tampak Pucat pasi.

Akhirnya Kacuk berani nerusin lagi.

“Kayak Ibu sama om Gempil dulu dikamar itu . . ." jawab Kacuk sambil nunjuk kamar Bayan Semun.

Friday, August 31, 2007

bayan semun dadi pelayan restoran

Sakdurunge dadi Bayan, kang semun dadi pelayan restoran. Dudu nang Krebi Peti soale nek nang kono wis onok Sepongbob.
Sawijining ndino nampa tamu sing songong, kemlinthi, bawel, ladak... wis lah pokoke gayane njelehi banget. Dengan songongnya nyeluk si Semun,
"Hey.. sini kamu..." karo nudingi kang Semun.
Sebagai kandidat employi op the mon, si Semun tetep marani lan masang rai ramah senajan atine nggondhok...

"Ada apa boss??" Bayan Semun mundhuk-mundhuk marani si tamu.
"Saya minta Susu Soda!!"
omonge si tamu karo mendelik.
"Oke boss.... siap dalam lima menit!", bayan Semun mencet stop wot karo balik kanan.

"Tapi Jangan pake es!!!" si songong order khusus.

"Sorry boss… kalo yang itu nggak bisa!"

"Gak bisa gimana? Tadi katanya bisa ...." si tamu menthelengi Bayan Semun

"Kalau tanpa es saya nggak sanggup!" Bayan Semun balik mentheleng.
"Pokoknya saya mau yang itu... Gubrakk" si tamu nggebrak meja kaya Muhsin Alatas nang iklan penyedap masakan nang tipi ndisik iku.
Bayan Semun kaget kumat latahe, "Eee... mati, mati, mati... ..taapi... saya tetep nggak bisa.... Soalnya SUSU SODA kalo tanpa "S" jadinya kan UU ODA boss!!!!!"
"Dasar gemblung…"

Robot Semun

Masiyo omahe nang desa terpencil kaya pingkuk, ning bayan semun ora nate ketinggalan bab teknologi,..

..buktine masio direwangi nyekolahke pit udug-e Bayan semun mempeng pingin tuku komputer, sakiki wis rada kethok hasil-e,.......Semun rada melek komputer.
Pancen pas tuku komputer anyar biyen bayan semun isih durung ngerti apa kuwi "not pond" , apa kuwi IP , malah ngirim email nang anake wae almate ditulis lengkap kaya surat pos. Ning sakiki bayan semun wis rada pinter , dibantu karo anake sing kuliah nang suroboyo jurusan komputer bayan semun berhasil nyiptakno robot sederhana pendeteksi kebohongan.
Robot iki dirancang nek krungu wong ngapusi, robot mau langsung ngeplak .

Dino iki tes pertama robot gaweane , pas Kacuk anake ragil muleh sekolah kewengen langsung ditakoni karo bayan semun.
"Kowe saka ngendi le kok jam 7 wengi nembe teko omah" takone bayan semun.
"Ana pelajaran tambahan pak" jare kacuk

"PLAK" moro-moro robot-e bayan semun ngeplak kacuk

"aja ngapusi kowe le iki robot gaweanku lan kangmasmu iso ngerti yen kowe ngapusi" jare bayan semun
"enggih pak wau nonton pilem pcd kaleh rencang" jare kacuk karo mringis
"pilem apa"
"pilem india pak" ,.......

"PLAK" robote bayan semun ngeplak endase Kacuk maneh,......

"eh anu pak pilem porno" jare Kacuk tambah mringis karo nyekeli endase.
Bayan Semun nesu ora karuan , "kowe kuwi diragati sekolah ben-e dadi bocah sing pinter malah kaya ngunu, delok-en kangmasmu sing saiki dadi ahli komputer kae, bapakmu iki masiyo goblog , ora nate mangan sekolahan ning biyen ora nate nonton pilem kaya ngunu kuwi"

"PLAK" giliran Bayan semun sing dikeplak endase karo robot-e dewe,........Bayan Semun sak dek sak nyat meneng,.........

"Wis ta pak ora usah kaya ngunu , uwoh ceblok ora adoh saka uwite anak karo bapak pada wae" Yu Semun ngece
"Masio kaya ngunu Kacuk iku rak anakmu dewe,...." durung bar yu semun olehe ngomong ujug-ujug,.....

"PLAK" Yu Semun kenek keplak ,............

Monday, August 27, 2007

Rabi Maneh

Goro2 bayan Semun kakeyan nonton sinteron lan infotainment, dadi pengin rabi maneh. Jelas wae bu Semun uring2an, masak jangan/sayur pedes banget, nutup lawang dibanting, nggosok klambine bayan semun digawe miring2 ra karuan. Ning saking pinter-e bayan Semun leh ngrayu (belajar teko blog-e wong Mediun), akhire bu Semun lilih ugo penggalihe.

“Yo wis, panjenengan entuk rabi maneh ning syarate sing wadon kudu rondo tuwo. Umure nduwur 65 tahun.” Ujar bu Semun.

Bayan Semun nganyang, “Walah, ketuwek-en kuwi. Repot, aku golek prawan 20 tahunan yo?”

“Ora entuk, Over my dead body!” jare bu Semun karo methuthut. “Prawan oleh, ning umure seket lima” bu Semun rodo kendo.

“Yo isih ketuweken to diajeng, rodo enom maneh yo” Bayan Semun tambah giat leh ngrayu sinambi mijiti pundake bojone.

Bu Semon karo glegeken dipijeti bojone nyahuti, “Iki tawaran terakhir: 50 tahun. Wis, seket ora iso medun maneh!”

Bayan Semun mikir rodo suwi, akhire, “Yo wis, aku gelem. Prawan, 50 tahun. Ning selawe-nan loro ya?”

Gubrak! Bu Semun banting lawang.

Sego goyeng

Bayan Semun kuwi kedal, ra iso ngomong R nganti gede. Nek ngomong R dadi Y, jan pokoke ilate kaku. Karo konco2ne sering dibedo, soale bayan semun seneng banget andok sego goreng ning warunge kang Samin. Ndilalah kang Samin yo seneng mbedani si Semun, dadi nek pesen sego goreng, etok2 kang Samin ora krungu terus si Semun ben ngomong banter.

Pesen opo, Mun?

Sego goyeng, kang

Opo Mun? SEGO GOYENG?

Grrrrr . Kabeh sak warung do ngguyu.

Goro2 kuwi si Semun, niat belajar ngomong sego goreng sing bener. Saben dino latihan.

Sego goyeng, sego goiyyyeng, sego goylleng, sego goolleng .sego gorlllleng!

Terus nganti seminggu, poso gak budhal warunge kang Samin nganti iso nyebut sego goreng.

Akhire pas seminggu, si bayan Semun iso ngucap, sego gorrrrrleng, sego gorrrreng, SEGO GORENG!

Karo semangat 45 (lan ngiler ngidam sego goreng) sore2 si Semun buhdal nyang warunge kang Samin karo ngejak adhine.

Pesen opo Mun?

Rodo banter setengah pamer si Semun pesen, SE-GO GO-RENG, kang!

Karo rodo nggumun kang Samin takon maneh, Piro?

YONG PIYING!

Thursday, August 23, 2007

Manuk kaji pak kacer

Pak Kaji, tonggo sak RT karo bayan Semun duwe manuk kacer sing wis dadi ngocehe.
Manuk kuwi wis terkenal sak kelurahan mergo sering menang lomba.

Lha kok ndilalah, manuk kacer-e pak Kaji mabur wektu dipakan.

Sedih-e ra ketulungan, pirang2 ndino
pak Kaji ora penak dahar.
Awan2 sak durunge Ashar, bayan Semun lewat ngarep omahe pak Kaji sing lagi sepi.

Sak klerapan bayan Semun ndelok ono manuk nyekukruk ning pang wit Jambu pekarangane pak Kaji.

Bareng dimat2ke tibake kuwi manuk kacer-e pak Kaji sing ilang wingi.

Bayan Semun pengin ngingu dewe, manuk sing ketok stress gering mau dijupuk alon2 ben ora konangan pak Kaji.

Ning mak bedudug, pak Kaji mbuka lawang pas ndelok bayan Semun nyekel manuk mung ketok ndase wae
.

“Heh Mun, opo kuwi sing bok cekel? Manuk ku yo!” bengok pak Kaji.

Dasar bayan Semun wong-e kagetan tur rodo lugu, karo mlayu sipat kuping njawab, “Manuk kaji, pak Kacer.”

Tuesday, August 21, 2007

Isih Kuat

Setiap bulan Ramadhan nang daerah Mediun, Diskotik lan Bar kaya fire
kudu tutup jam 1 bengi, nek lewat saka iku pasti kena razia.

Pas bengi kuwi ana Diskotik sing nekat bukak nganti jam 4, terus sesuai kesepakatan
diskotik mau kena razia sing melibatkan multi aparat mulai aparat keamanan kampung, aparat kepolisian + Aparat desa.

PSK , ABG sing kebetulan ana nang diskotik mau dikongkon baris kanggo di data.
Ketepaan ana Simbahe Bayan Semun karo bayan semun sing arep nang pasar gede lewat .
Simbahe Bayan semun gumun olaopo isuk-isuk kok ana arek wadhon dijejer jejer.

"Mun ana apa kok cah wadhon kuwi dijejer-jejer? takone simbah nang bayan semun

Merga isih ngantuk Bayan Semun njawab sak kenek-e: "Oh kuwi antri permen mbah".

Wah lumayan entuk permen gratis ngunu pikire Simbah, aku tak melu baris lah,..

Pas pendataan nama, aparat desa kaget kok ana simbah wis sepuh nang barisan

Aparat Desa karo bingung takon "loh mbah wis sepuh kok melu-melu sing isih abg , apa isih kuat tho?"

Simbah-e bayan Semun njawab: "halah lha nek mung ngemut wae ya aku isih kuat pak."

Friday, July 13, 2007

Komputer anyar

Nalika ana program internet mblusuk ndeso, Bayan Semun tertarik karo omonge mantri telpon jare komputer kuwi alat canggih, mesin pinter, iso mikir dewe... Mula gak kakehan mikir, dina iku pit montore sing nembe dicicil telung sasi, sekolah nang nggadhean swasta.. deweke terus bablas nang pasar kawak arep tuku komputer (mosok ana toko kumputer nang pasar kawak).

"Halah... ra rah kursus-kursusan... wong mesin pinter ae kok.. mesthi isoh lah carane nglakokne", ngono pikirane.

Akhire komputer pentium lengkap sak printere wis tekan omahe.

Bayan Semun iku masiyo ndak ngerti tapi kemlinthi lan gedhe gengsine... mula sungkan nek arep njaluk ajar uwong... "ndak dikira goblog" (padahal ya gak ngerti tenan)... komputer dipasang dewe. Merga wis nate mbantu Pak Lurah masang komputer nang kelurahan, mula nek mung carane ngecopne lan nyambung-nyambunge kabel ya gak masalah...
Nanging nalika diuripne... komputerm ana tulisane "printer not found".
Weruh tulisan ngono mau.. Bayan Semun gak kurang akal, ponakane sing sekolah wis sekolah smp diceluk..
"Nang.. deloken komputerku, iki mau nembe tuku... iki mesin pinter... nek kowe cah pinter mesthi ngerti artine tulisan iku?' kandhane Bayan Semun pura-pura nge-test..

"Gampang... printere mboten kepanggih leres mboten Lik" jawabe

"Sembarangan... iki mesin printer ya jelas salah", jawabe bayan Semun. Tapi batine ragu-ragu, "Engko gek kuwi bener, tapi gak mungkin nek mesin sak mono gedhene gak eruh.. eh gek aku diapusi karo Koh Abun sakjane iki mesin guuuooblog...", Bayan Semun duwe pikiran nek diapusi karo sing dodol..

"Koh... kowe aja ngapusi yaa... wong komputer goblog kok diomongne pinter, mosok printer gedhene sak mene kok gak bisa nemokne ki piye", Bayan Semun protes.

"Ora nemu piye"

"Lha iki tulisan .. printer not pond iki"

"Owalah kang Bayan... kuwi dudu komputere sing goblok tapi durung lengkap syarate maksude isik butuh driver.."

„Maksude butuh sopir ngono.. lha ku aku iki rak ya wis siap nyetir komputer ta"

„Tunggu ae.. engko tukangku tak kon mrono."

Mumpung isik nyambung karo Koh Abun...Bayan Semn kepingin takon sisan. Sing mendorong dekne nekat tuku komputer iku sakjane merga kepingin iso ndelok gambar wong wedok mliding, wis kepingin arep ngobrol karo tanggane kang supri sing saiki nang amrik, kepingin ngirim duwik lan mbayar tagihan listrik.
"Koh nek aku arep ngirim kabar nyang ponakanku sing nang Hongkong piye?"

"Kowe kudu ngerti alamate"

"Wis tak tulis lengkap alamate kok, malah tak lengkapi si Panjul ponakane Bayan Semun, asline Kampung Pingkuk, nang Hongkong tahun 1998 dikirim biro jasa Bumen Rejo Abadi.. lsp tapi kok gak ketemu karo bocahe yaaa.."
"Mosok alamate ngono... Nek gak ngerti persise sampeyan bisa lacak saka ipene"

"Ipe sing endi... wong bocahe iki isik bujangan ya mesthi durung nduwe dulur ipe ta.."

"Wis kang.. kumputermu paken meneh kirim balik mrene, duwekmu tak balekno, montormu tebusen meneh"

Wednesday, June 13, 2007

Semun nggonceng dhemit

Flashback, balik nèh nèng tahun sewu sangag atus pitungpuluh lima... Kang Semun durung dadi bayan, isik dadi hansip, isik dadi OB nang kantor kelurahan, isik manten anyar karo bojone. Malah isik honimon, dasare bar entuk rejeki merga dibeseli amplop karo pak Lurah sing bar entuk saka wong bar duwikan lemah mula malem minggu bar maghrib semrinthil wis ngejak bojone nang PESTA BUGIL utawa "bukak giling" pabrik gula pagutan. Tujuane arep nonton ludruk, kethoprak, nonton gambar sorot sing bitange roy marten karo yessy gusman, jajan brondong karo kacang asin, mulihe nenteng Martabak India Super nggo adhine ipe karo maratuwane lanang...

Masiyo jarak nDelopo Pagutan iku gak pati adoh, mung nem kilo tur lewat dalan aspalan ireng jurusan Mediyun - Ponorogo, tapi ya lumayan wong kang Semun numpak pit lan tur akeh nggon sing wingit utawa angker yaiku kretek mBathil, kuburan Slambur, mBulak Sekelip karo kali Ngrobyong…. sing jaman sakmono durung rapet omah kaya saiki....

Saka nDelopo kang Semun goncengan ngonthel pit ngalor parane, Yu Semun ngetapel kaya ransel. Sakwise tekan simpangan dalan sepur sing disebut mBéngkok (cedhak sentral listrik ndelopo) dalane lumayan sepi.. Senajan cedhak gardu listik, tapi daerah kono peteng ndhedhet lan sepi lan ya cedhak karo kuburan lan jembatan mBathil... rongatus meter sakdurunge jembatan dalane mudun, nanging sakwise jembatan munggah meneh, mula ing kono ana rambu dishub gambar (nuwun sewu).... "kutang". Embuh merga dalane rada menggok merga simpangan sepur terus mudhun-munggah iku apa merga ana sing mbaurekso, daerah kono iku sering banget ana kecelakaan, wiwit jaman sepur "lempung" mediyun-slahung isik urip wis sering ana dongeng uwong utawa kendaraan ketabrak sepur, sakwise iku sering ana kejadian tabrakan utawa kecelakaan.. malah nurut jarene kancane tanggane dulure adhine kancaku nang daerah kono sering ana "penampakan" wewe gombel, embuh "kiasan" apa nyata gak bisa dibuktekne perawi utawa sanadnya... he,he,he....

Untung ing daerah kono lakune sepedah kang Semun kebantu gaya gravitasi, nanging persis nang tengah kreteg mBathil, sensor irunge kang Semun nangkep ambu telo bakar. Mak nyut... kang Semun kelingan kandhane wong-wong nek iku ambune "kringet gendruwo". Ditambah angin semiriwing nggawa wangine kembang kemboja saka kuburan.. githoke kang Semun kontan mengkorog atine mak serrrr... tanpa ancang-ancang sepeda digenjot kaya wong kesetanan mlayu sipat kuiping (padahal setane muncul saka atine).....
Lamat-lamat krungu wong bengok-bengok saka mburi, rumangsane deweke diuber dhemit.. mula tambah cepet lehe nggenjot sepeda… Tambah cepet meneh nalika ngliwati kuburan Slambur.... nembe krasa menggeh-menggeh nalika wis tekan lewat lan tekan daerah sing rada rame...…

"Kooangggg … koang…. Kang Semun… byuhh, byuuhhh... ra mbloko men sampeyan ki piye… budeg yaaa… kit maeng dibuuuengooooki kok tuerus ae..." Nalika noleh, kang Semun kaget kaya disamber bledeg luput... mas Dalimin krenggosan ngoyak deweke, sing tambah digumuni meneh bojone wis digonecengke karo mas Dalimin.

Kang Semun curige, engko gek iki mas Dalimin jadi-jadian, "Umpama iku bojoku tenanan, terus sik tang gonceng saka nDelopo karo tak jak ngobrol mau sapa???".
Kang Semun ndelok boncengan sepedae... jebul kosong... mak tratab, wis siap arep mlayu sepedane ditinggal...

"Kosik kang.... aja kaget, iki aku Dalimin tangga lan dulur sampeyan... bojo sampeyan iki mau lak ceblok nang kreteg mBathil… umpama mau sing nemokne dudu aku bisa dadi isen-isene asrama mBéngkok!" kang Dalimin cengengesan..

Tuesday, June 12, 2007

Burik

Tanggane bayan semun , Yu darmi duwe ingon ingon manuk beo , manuk iki jan pinter-e puuol , iso nebak sing ora ketok mata,.....
sawijine dino bayan semun dolan nang omahe yu darmi,...
Yu darmi "mun manuk beoku iki iso lho ndelok sing ora kethok mata, jajal celuk-en si agung (dudu agung prabowo)kuwi mrene" terus agung kongkon nyedak manuk beo mau,...
"helo kiti helo kiti" unine beo mau ,.......
"lho kok helo kiti , apane sing helokiti" jare bayan semun bingung,.....

"Ooo jajal bukaken celana-ne agung kuwi"
"Ooo sempak-e agung ana gambare helokiti, halah kuwi mesti ketepakan wae" jare bayan semun ora percaya.
"ya wis jajal undangen hari , iwan , karo fuad telu mesisan (pisan maneh jeneng ora ono hubungane blas karo anggota MC)" omonge yu darmi bocah telu mau langsung dicedak-e nang beo-ne yu darmi,....
"sincan donal tomjeri" beo-ne ngoceh nganti ping telu,..
bayan semun penasaran langsung diplorotne celanane cah telu mau , la rak tenan cawet-e hari gambar sincan , iwan gambar donal bebek lan fuad gambar tom & jerry,...
"piye kang semun percaya ora?" yu darmi mesem "aku sik ora ngandel jajal siji maneh aku tak nyedak, iso ngerti gambar kolorku ora" jare bayan semun .
Dasar bayan semun sedurunge nyedak mlebu nang kamar mandi disik trus kolore dicopot , dadi mung sarungan wae tanpa kolor , jajal mengko rak bingung beo kuwi ngunu pikire bayan semun.
mung nganggo sarung tok bayan semun nyedak-i beo ne yu darmi ,...

sak menit beo meneng wae , limang menit isih meneng wae ,....

"piye yu darmi beo-mu meneng wae , mau kuwi pancene ketepakan wae,..." durung mingkem olehe ngomong moro-moro beo-ne yu darmi muni

"burik,....burik,....burik,...."

Kang Semun 1st day

Anuju sawijining dino, kang Bayan ingkang nembe nglokro,...( ngono salah ngene salah, pijer didukani wae karo pak Lurah....)... terus duwe angen-angen rodok nekat, pengin minggat seko kampung’e, dadi TKI...., neng ngendi wae, dadi opo wae, pokok’e uncat seko desone.........

Nanging, masiyo kadang-kadang ndlodog, kang Semun ora grusa-grusu oleh’e arep gegayuhan dadi TKI......., “aku kudu duwe modal disik...”, ngono lamunan’e...”Paling ora aku kudu iso coro Inggris....”......, tambah maju oleh’e nglamun.....

Masiyo oleh’e sekolah ndisik mbayar nganggo jagung gedheng’an, ning kang Semun wis ngantongi ijazah sekolah menengah, mestine nek pelajaran coro inggris yoo wis tau diwulang, ning sayang’e blaasss ora iso muni...... “Ben cepet iso muni inggrisku, aku kudu melu kursus wae nang kutho.....” gagasane kang Semun bab modal coro inggris sajak oleh dalan tur wis ditekadi tenanan........

Dino seloso isuk kang Semun mbolos....., pak Lurah thingak-thinguk thok, ndangu sopo-sopo ra enek sing weruh gelibet’e kang Semun...... “opo mergo wingi kae tak senen’i yoo ???.....aahhh mengko lak mbalik dhewe..” ngono batin’e pak Lurah...

Gak ngertiyo jam wolu isuk tibak’e kang Semun wis tekan ngarep kursus’an inggris sing gedhung’e magrong-magrong. Rodok gemeter sithik ning amergo wis nekat tenan kang Semun mlebu....

Ditemoni karo petrugas Pron Opis, nom2an cah lanang, “nyuwun sewu Mas Bagus......... (kabeh nom2an nek lanang mesti diundang Mas Bagus karo kang Semun, lha nek ketokane...masiyo mung ketokane ...wedok, mesti diundang mBak Ayu, opo maneh sing semlohee tambah suemuangat dek’e...ngundange mesti diimbuhi mesam-mesem) .......Mas Bagus, kulo niki pengin cepet-cepet saged coro inggris, carane pripun nggih ???, tumut kursus sing pundi niki ??.....”, karo nyerahke brosur sing wis setengah lecek diuntel-untel neng njero Colt mau...

Petugas’e sajak yoo ramah tur simpatik, terus mernah-mernahke kang Semun : “niki mawon Pak, niki Immerse Coarse, kirang langkung tigang wulan..gurune niki native speaker, .....”, kang Semun rodok ndlongop sithik, ning terus takon : “ wah kulo kok mboten mudeng...., genah’e pripun ??!!!. Immerse Coarse niku ibarat’e njenengan di leb-leb ke ngantos komoh-komoh kaliyan gurune sing saking inggris langsung, lhhaaa mengke nek mpun mentas mesti mpun saged muni inggris’e...... Wooo ngaten thoo, nggih mpun kulo tumut niku mawon....., batin’e kang Semun : wong aku biasa ciblon karo lumban neng kali wae kok.... dileb-leb ke ritak ra po’po....asal inggrisku ndang muni........

Singkat ceritaaa........ha..ha..ha, ...tibak’e yoo kesel ngarang/nulis crito Bayan Semun kuwi....

Hari pertama kang Semun neng kelas........., sakjane dek’e yoo wis siap-siap nggowo kathok kolor diwadahi tas kresek...siap-siap nek arep di leb-leb ke mau....

Tapi..lhooo, lha kok konco-koncone podho necis-necis, klimis ngguantheng-nggantheng tur wedok’e yoo akeh tenan....., kang Semun mulai ragu-ragu..., “ ahhh mosok wong-wong koyok ngene arep di leb-leb ke neng kali..” batin’e.....cah kae mesti ngapusi......, batin’e mulai nggerundel karo petugas pron opis..

Nanging mental Bayan’e terus metu....tenaanggg, jarene atine...

Sak wis’e Mr. Steven Gerrard (dudu gelandang’e liverpool) nerangke toto coro kursus nganggo coro indonesia......banjur kursus’e dimulai, ....neng kelas wis ora oleh maneh nganggo boso indonesa (iki kebiasaan’e kang Semun nek ngonek’ke indonesia mesti ora nganggo huruf “i”...dadi dudu salah ketik, pancen yoo indonesa tenan), kabeh kudu nganggo boso inggris......arep takon, usul, ijin....opo wae kudu nganggo coro inggris.... (namanya juga immerse coarse...).....

Sayang’e kang Semun rodok gak nyemak....dadi yoo rodok plonga-plongo.......

Lhaaa oleh rong jam neng kelas sing full ac...., mulai enek masalah...., mungkin mau isuk bar sarapan ngombene kakehan, tur ruangane adem pisan, kang Semun mulai kebelet pipis.......waduh piye iki ???!!!, rai’ne di tenang-tenangke ning soyo-suwe soyo pucet......., arep ijin sik durung iso ngomong’e.....waaahhhh, dengkul’e wis dirapetke karo bokong’e rodok megal-megol neng kursi, lambene wis njekithut.....

Ndelalah enek cah wedok sing lungguh ngarep menyat karo ngacung njaluk ijin neng toilet.....” excuse me Steve, may I......bla..bla....” terus metu seko kelas....., lha iki wis enek sing mulai...batin’e kang Semun..., cuman mergo lungguh’e dek’e nang mburi..., gak sepiro’o krungu bocah mau ngomong’e piye ????...waaduuhhh...., kepekso ngemept terus. Bareng cah wedok mau mbalik, enek maneh sing ijin, cah ngarep..... excuse me Steve....bla..blaa............, terus mlaku metu kelas....

Suwe-suwe kang Semun gak kuat maneh....., begitu cah ngarep mau mbalik mlebu klas....., kang Semun karo mundhuk-mundhuk, tangane kiwo nyekeli ngisor wudel, nguempeet poolll, terus tangan tengen’e ngacung neng Steve karo setengah bisik-bisik muni ngene :...."kus me Steve, I want to throw little water"

maksude "Maap Steve, aku kepingin buwang air kecil"...mak bleber terus njeranthal metu....

!!!!!.......

Nyantuni Rondo

ustad mukidin ceramah, "ora kalebu golongane wong mukmin nek durung seneng nyantuni fakir miskin lan rondho-rondho tuwo".
bayan semun ngacung "syarate niku kedah randha tuwo nggih kang ustad?"
"soale nek randane isik enom, gampang nyebabne fitnah...", wangsulanme ustad
"lha nek setengah tuwo dospundi!", bayan semun takon meneh.
"maksudmu mun?" pancinge ustad mukidin durung ngerti arah pitakone bayan semun.
"anu ustad... sing kula maksud niku randhane mas trihatmojo" ature bayan semun karo cengar-cengir.
pak ustad ngguyu ngakak: "hayyyyaaah.

niyatmu arep nyantuni apa modal kolor nunut mukti???"
"lho dospundi to pak... pak mukti sakniki rak pun pindah teng purwokerto"
"sak karepmu..."

Thursday, June 07, 2007

Kacang Mede

Yu darmi nembe wae pindah nang desa pingkuk, ketepakan sebelahan karo
Bayan Semun sebagai penduduk anyar , Yu Darmi sowan nang omahe bayan
semun sing luwih tuwa umure.
Yu darmi : Mbah, tepangaken, kulo tetangga enggal sebelah griya njenengan nami kulo Darmi.
Bayan Semun : Oh, monggo pinarak, kok ngundang mbah tho wong aku isih gagah seger ngene lho? kulo Semun .
Pas lagi ngobrol, yu darmi ndelok ana saktoples kacang mede.
Yu darmi : Wah mbah, eh pak Semun angsal mboten nyicipi kacang medenipun
Bayan Semun: oh... yah...monggo monggo ora usah sungkan anggep wae omahe dewe.
Saking enak-ke ngobrol ngalor ngidul , saktoples mede entek di emplok Yu Darmi.
Yu Darmi : wah, ngapunten lo mas Semun (nyeluk mas merga rada isin ngentek-e mede saktoples) kacang medenipun kulo telasne...
Bayan Semun : Oh, nggak apa-apa kok, aku dewe yo ora pati seneng kacang mede mula tak klumpuke nang toples kuwi , senenganku coklat silverkuin.
Yu darmi : lho coklat silverkuin rak wonten mede-nipun to mas semun,..?
Bayan Semun : mulane kuwi angger mangan coklat silverkuin , ora nate tak cakot , mung tak klamuti wae lha kacang medene tak klumpuk-e nang toples sing kok entek-ke mau,...
Yu Darmi : "#$@##$&@"

rasakno tangga anyar kok ngragas bathine bayan semun karo mesem,......

Wednesday, June 06, 2007

Blutut

Marco bocah kelas telu SD ngobrol ngalor ngidul karo Indo ngomongke rencana piknik sekolahe sing arep diadakne sesuk, Marco anake wong sugih mbrewu ponakan-ne Bayan Semun , bocah iki sombonge ora ketulungan sok pamer yen duwe barang anyar, pas dina kuwi deweke nggawa HP nokia anyar seri N90 sing nembe wae ditukokne bapak-e ,..

Marco : "Aku duwe HP anyar delok-en apik kan iki komplit banget lho ana kamera , blutut, isa ngrungoke lagu mptre, isa video , triji, pokoke komplit, sesuk tak gawa ah . eh indo kowe duwe hp ora takone" .
"aku duwe, iso foto juga, iso blutut juga" , jare Indo ora gelem kalah,
"sik tak jupuk-e" , jare Indo , trus mlayu mlebu omah njupuk HP lawas samsung X100
Marco : "yah HP butut isa foto nggak kuwi"
" isa " jare Indo sok tau , "blutut ya enek "
Marco : "isa lagu mptree ora ? coba lagune apa wae?"
" isa " jare Indo sik tetep wae ngedebus sok tau,....
Marco: "ana lagu kangen band ora kirim aku dong ngganggo blutut wae cepet,....."
Indo : "nggak ah mengko blututku entek,....."
Marco : "aja kuawatir nek blututmu entek mengko tak isi , blutut-ku akehkok nembe wae diisi karo papah-ku,..."

Oalah tibake poda katro-e

Manten Anyar

si tino (bukan nama sebenarnya) ponakane bayan semun termasuk bocah lugu nanging bocah manis gak tau mbantah apa perintahe wong tuwo, tapi rada kuper, sing jeneng pacaran ae durung tau.. lha wong lagi nyedhak cah wedok ae wis ndredheg gemeteran ngewel jeee... mula termasuk genre stmj alias setengah tuwo masih jomblo... angger ditakoni "kapan kawin?"
jawabe mung, "may"... maksude "may be yes may be no"... masiyo telat kawin tapi sebagai cowok sing gak neko-neko, dijamin nek segel abang sing ana tulisane "do not accept if the seal is broken" isik utuh tanpa cacat utawa baret..
kocap kacarito, sambel kecap ditambah merico... bener apa jare unen-unen "jodo, rejeki lan mati iku pesthi", ujug-ujug si tino rabi karo si tini (bukan nama sebenarnya).
merga dianggep bocah kolokan, anak mami, mula ing titi wanci menjelang dadi mnaten ibune sibuk, kepingin banget ngajari si tino piye carane memperlakukan isteri ing malem pengantin mengko. ibune kuwatir nek tino gak ngerti apa sing diarani "ngadu saliro tanpa busono" iku mula dijelasne apa sing kudu ditindakne karo bojone... (ibune lali nek wedhus kae gak nate ana sing ngajari ya bisa dhewe.. he,he,he...) "le... kowe engko turu sak amben bareng bojomu, aja nganggo pakean, terus kowe rangkulan.. bagian awakmu sing atos kuwi lebokna nang nggone bojomu pipis, terus mlebu-metu bolak-balik bareng karo aba-aba kenthongan sing tak tabuh saka njaba " ngono dhawuhe ibune, si tino manggut ngerti.
singkat crita, pas malem ngantenan ibune lungguh nang ngarep lawang pengantin nggawa kenthongan rondha. sakwise ana aba-aba siap... ibune tino nuthuk kenthongan.. thok...
thok.. tok.. wiwitane alon-alon... saben limang kethukan mendeg dhisik.... terus tambah suwe tambah cepet.. thok,thok,thok.

thok,.thok,
terothok,terothok,terothok... akhire kaya titir banjir..
sakwise sekitar limalas menit saka njero kamar si tino karo bojone jerit-jerit njaluk tulung...
wong-wong kaget... lawang didobrak alon-alon ditiliki mbokmenawa ana masalah.
tenan, nang njero kamar si tino gudras getih bathuke babak bundhas...
"lho iki piye.. ana apa nduk....???..."
"ng.... anu mbok... mas tino nggejlug-nggejlukne bathuke nang njero kloset"
ealah..... dasar....

Monday, May 28, 2007

Logika semun

Merga wis gak cocok karo Yu Darsih bojone, akhire bayan Semun pegatan. Mungkin , terinspirasi Rafli vs Tamara, Tata vs Tomi, Yu Darsih nuntut hak asuh anak.
Merga didangu, yu Darsih ngetokne uneg-uneg keibuane:
"Pak Hakim... kula niki ibune si Thole niku.... . Sangang sasi sepuluh dina kula ngandung. Niku mawon mboten cukup, kula nggih sing nyusoni anake kalih bapake, nggih kula sing saben bengi begadang, kula sing nulungi nalika nangis, sinten melih sing nyewoki lan ngganti popoke, nggih kula sing saben dinten nggendhong, kula sing ndulang, nggih kula sing ngajari omong, kula ngajari mlaku... mula hak asuh anak niku mesthi dateng tangan kula!"
Pak Hakim mung mendel, noleh menyang Bayan Semun terus takon.
Bayan Semun njawab enteng:
"Pak Hakim... umpami sampeyan mlebet ruang alit, terus nglebokne KARTU teng bolongane mesin, tangan sampeyan jowal-jawil tombol, milih kode ngantos wonten reaksi saking mesin... si mesin bergetar lan goyang sekedhik..jegrek-jegrek-jegrek terus wonten dhuwik medal.... Dhuwik niku gadhahan kula napa gadhahane si mesin ATM?"

Friday, May 04, 2007

Bojo Impian

Yu Semin umure wis 30-an,nanging durung rabi. Deweke gak duwe wektu gawe pacaran karo arek lanang amargo akeh kerjaane. Pacare terakhir bubar nang tengah dalan. Akhire Yu Semin masang iklan pribadi nang koran.

" Digoleki cowok apik sing gak arep ngantem aku,gak arep ninggal aku, karo jos nang dipan"

Pirang - pirang dino wis lewat,nanging gak ono telphon nggoleki Yu Semin. Sawijining dino pas Yu Semin lagi nyetriko, lawang omahe Yu Semin dikethok - kethok.

" Ono tamu to, sopo yo?"

Wektu lawange dibukak, tamune wong lanang lungguh nang kursi roda, gak duwe sikil lan tangan.

" Sinten nggih, nopo sing saget kulo rewangi? "
" Kulo sing sampeyan padosi "
" Nuwun sewu,nopo mboten klentu? "
" Kulo maos wonten koran sampeyan pados tiyang jaler ingkang mboten saget ngantem lan mlajar, nggih kulo ingkang cocok,mboten gadah tangan kaliyan sikil "
" La sampeyan nopo pinter wonten dipan? "

Tamune Yu Semin njawab " Sampeyan kiro kulo ngethok lawang nggawe opo? "

Disclaimer : terjemahan ngawur..nyuwun ngapunten menawi mboten sopan.

by. ida faya

Tuesday, April 24, 2007

Bayang Semun juragan kapal

Bayan Semun duwe kembaran jenenge Semin (dudu Bayan).Cuma deweke durung kenal kak Seto – kak Kresna mula durung dadi anggota yayasan Nakula Sadewo.
Semun di samping bayan, nyambi dadi juragan perahu sing disewakne nang tlogo Sarangan. Lha kembarane yaiku Semin nembe wae kena alangan, bojone mati klelep merga kecemplung bengawan Solo nang daerah Sedayu....
mBah Mangun, gak bisa mbedakne antarane Semun karo Semin. Mula nalika ketemu karo Semun dikira iku Semin kembarane, langsung wae ngajak salaman karo ngaturake belasungkawa

"Mas… nderek sungkawa yaa… sapa sih sing gak sedih nek ditinggal sing kinasih"

Lha kok ndilalh, si Semun sing dijak omong mBah Mangun iku nembe wae kelangan prau merga bocor lan tenggelam nang tlogo Sarangan, mula Semun enggal wae njawab kanthi semangat: :

"Mboten dados napa mBah… wong malah beneran kok kula… sakjane kula rak sampun waleh. Wong modele pun ndesooo, wis gak njamani, awake kegedhen, kabotan bokong, kurang langsing, mlakune megal-megol, gak gesit lan lincah mula ya boros banget. Bodine gak mulus malah pating boncel, kakehan dempulan. Lubange bagian ngisor, amba ndoweh, ambune amis nek dicedhaki malah bacin. Mula nalika wonten seromobngan lare berandalan ajeng nganggo, kula tokne mawon. Ajeng dinggo rayahan, ajaneg nggo entrok-etrokan kula mboten nglarangt.. mi;a nggin mboten maido nek akhire malah suwek, sigar persis tengah mak byak…

"Astaghfirullah, duh Gusti... nyuwun ngapura", mbah Mangun nggeblak semaput....

Friday, January 26, 2007

Konsultasi

Kang Semun wis rabi limang tahun, tapi durung diparingi momongan. Ibarate wong duwe kebon, sabendina rajin macul, ndangir, ngrabuk. Tangan nganti kapalen awak adus kringet, tapi gak ana asile. Mula gak kurang usahane kang Semun, pirang-pirang dhukun mulai sing pijet ngantek sing nyuwuk diparani, dikon mbiyantu.. nanging dudung ketemu sing josss... Saran utawa nasehat saka kanca, kenalan lan sedulur dilakoni, jamu sehat lelaki, jamu sate kelinci, toge mentah, tarak mangan jangan terong, dll tapi durung ana tanda-tanda Yu Semun nggarbini.
Upaya sing rasional lewat medis ya ditempuh, kang Semun konsultasi ahli Andrologi ing Rumah sakit Sudhono Madiun (nek durung ana dianggep ana wae lah..). Kanggo upaya pengobatan Propesor Andrologi njaluk supaya kang Semun nggowo conto bibit sperma. Gunane arep diuji ing lab pira sing kuat mlayu ngetiprat lurus, pira sing aras-arasen, pira sing slewengan ngiwa nengen, pira sing mung meneng wae, pira sing maju - mundur, dll.
Mula deweke ndaftar periksa ing Makmal, karo mbak suster diweneni jelly ing wadhah tube, beberapa lembar tisu karo gelas ditutup kertas grenjeng. Kang Semun didhawuhi mlebu ruang sempit nang pojokan, supaya swalayan ngetokne conto bibite dhewe. Kamar sempit sing remeng-remeng iku, temboke ana gambar artis seksi, ana telepisi karo DVD player tapi ditempeli kertas "out of order", ana dipan ukuran singel komplit kasur lan bantal sing ditutup sprei putih, sayang banget... ketok ana noda-noda aneh pating dlemok ing sprei lan sawal bantale.
Bayan Semun mung turon sinambi kelap-kelop, bingung apa sing arep dilakoni... seprapat jam gak greng mula ya gak bisa nyapo-nyapo. Mula deweke nyerah, gagal nyerahne conto bibite dhewe dina iku... mungkin critane beda nek mbak suster sing ngulungake galas mau melok ngewangi.. he,he,he...
Kang Semun lapor mbak suster.
"Gak apa-apa Pak.. sampeyan jupuk dewe nang omah wae dibantu ibu.. tapi aja nganti luwih setengah jam kudu wis tekan kene supaya bibite gak mati", sarane mbak suster.
Esuk-esuk kang Semun gupuh teka meneh, nanging gelas isik kosong.
"Mbak Suster... sepurane aku durung bisa ngaturke conto bibitku meneh"
"Lho Pak.. apa bojo sampeyan gak gelem mbantu, iki rak demi berdua juga""
"Gak mung bojoku mBak... rewangku Ijah karo tanggaku yu Darmi sakjane ya melok mbantu ... tapi ya tetep gak bisa kuwi mbak!".
"Astaghfirullah.

. pembantu karo tangga sampeyan melok ngewangi?" mbak Suster sing nganggo jilbab iku kaget, nyawang wajahe kang Semun sing culun kuwi.
"Iya mbak... kabeh pada mbantu mbukak tutup gelas iki, tapi gak bisa kebukak... mula ya wis njlepret nang endi-endi"..
"Yaaa ampun..."

Thursday, January 04, 2007

Kempongane Bayan Semun

Bayan Semun dipanggil nang kecamatan, deweke dituduh nyebar berita palsu merga nggawe lapuran menawa montor muluk Adhem Air nyiblok ndik dukuh nDadapan.
Lurah dewe sakjane ya rumangsa melu salah, geneya langsung percaya karo Bayan Semun, tanpa ngecek langsung nerusne lapuran menyang Camat karo Kapolsek. Mungkin sing kepikiran supaya bisa cepat ditangani sapa ngerti ana sing bisa dislametne. Saka lapurane Lurah, berita diterusne pak Kapolsek tekan Kapolres, munggah terus tekan Gubernur lan Mentri Tahta
Rajaperkasa, akhire Presiden.

Gara-gara kempongane bayan Semun, wong sak ndonya umyeg, kampung nDadapan dadi rame, wartawan pada teka, stasiun telepisi siaran langsung. Tukang ojek panen, biasane sak tarikan limang ewu mundak dadi seket ewu.
„Mun, kowe sakjane weruh dewe ora?“ takone Mantri Polisi.
„Nggg... sakjane niku nggih namung jarene mBah Jambrong kok“, Bayan Semun lugu.
„Haaah.... mBah Jambrong kuwi sapa, aku arep ketemu“, ature pak Camat karo menteleng.
Kaya pesakitan dikeler, Bayan Semun nginthik ditutne para penggedhe kecamatan lan desa.. deweke mlebu kuburan, mlangkahi maesan-maesan. Tekan cungkup ngisor wit kepuh… ana wong edan sing rambute gimbanl, klambine rowak rawek lagi turu.
“Niku.. mBah Jambronge”, aloke Bayan Semun.
“Heeeh... Mbah Jambrong, aja turu ae… endi montor muluk sing nyiblok iku”,
getakane pak Kapolsek.
”Bapak-bapak priyagung, aku gak ngapusi kok … aku yakin weruh dewe. Lha kae montor muluke… pancen gak bisa didelok nganggo mata biasa, kudu nganggo trawang mata batin”, mBah Jambrong ngoceh..
“Waiyah… ngawur… montor muluk iku gaweyan pabrik nang negara maju, isine alat lan mesin canggih komputer ngono kae dudu thuyul karo dhemit, bisa mabur merga avtur dudu merga dikutugi menyan utawa disiram banyu kembang”., ature pak Lurah.
„Lho montor muluk ing trawanganku iku ya canggih lan njlime. Sing nggawe empu. Nalika kudu pasa patangpuluh dina patangpuluh bengi, kudu dietung dinane, neptune, digoleki naga dinane, naga sasine, digoleki naase. Merga dina nggawene Rebo Paing mula dijenengi „Boeing“. Kurang njlimet lan canggih piye?“, mBah Jambrong ngoceh terus gak gelem kalah.
“Eyel-eyelan karo wong edan berarti melok edan. Dasar gendeng, gak bisa mbedakne antara dunia nyata karo dunia lain. Gak bisa mbedakne alam nyata karo ngimpi”, pak Lurah rada nesu.
“He, he, he… sampeyan sing ngaku waras ya isik seneng ngimpi kok, buktine isik iso diapusi wong edan”, omonge mBah Jambrong karo cengengas-cengenges.

“Owalah lha nek gak saka ngimpi... kapan meneh awake dewe neng negara iki biso ngrasakne seneng" grenengane pak Lurah.
"Mesakne Pak Tahta Rajaperkasa, merga pusing mikir bencana kapal laut disusul kabar simpang siur kapal mabur rambute langsung dadi putih memplak", mBah Jambrong ndleming.
"Husy... iku nambah wibawa kok..."