Tuesday, October 17, 2006

Lompat Guling

Withing trisna jalaran saka kulina ,..
Ungkapan iki pancen tepak kanggo ngambarke hubungane Bayan Semun karo shinta ,.....
Mergo sering chating dewe cah loro, ora nate ngajak kanca milis liyane akhire cah loro resmi jadian, tanggal 14 wulan loro tahun winggi didadekne tanggal resmi jadian mesisan nepak-i dino palentin ,.....tanggal 14 pebruari 2006 wingi genap setahun Semun karo Shinta olehe pacaran,.... kanggo memperingati setahune pacaran Semun karo Shinta arepe ngrayake nang Mediun mesisan ngenalne karo wong tuwane ,......
Cah loro janjian budal nyang mediun numpak bis ,...ben rodo gayeng nang perjalanan dewek-e milih mudun solo terus nyambung lewat tawangmangu , cemarasewu, sarangan, ngerong, plaosan, magetan, ngorang-ngareng,......nembe mediun,.........
Tapi ndelalah pas tekan sarangan colt L300 sing ditumpaki ndadak mogok,.....padahal jam wis nunjuk angka 09.00 wengi,....setelah debat eyel-eyelan cah loro akhire milih nginep nang Sarangan , mergo malem minggu losmen nang Sarangan wis podo kebak ,....ono siji sing isih kosong nangin dipane mung siji,......."Piye iki Kang Semun " Jare Shinta , "Yo wis ora opo opo, mengko aku tak turu nang jobin" jare Semun nduduhke kesatrian-ne,...Akhire cah loro mlebu nang losmen ,...Shinta mapan nang kasur (Wegah adus mergo sarangan adem), Semun njereng slimut njajal turu nang
jobin,.....lagi limang menit olehe turu Semun tangi munggah kasur nyedeki Shinta ,.."Dik anyes tenan je, piye aku tak turu kene wae yo" Jare Semun,....Shinta meneng sedeluk terus semaur,....Yo wis nanging dipageri guling yo, kan awake dewe durung resmi dadi suami istri,....
Sak jam , rong jam , cah loro isih durung iso turu mung kethap kethip wae , bathine Shinta walah bocah iki kok meneng wae tho,...yo uwis turu wae lah,.......akhire cah loro keturon ,....moro moro srengenge wis mencungul,......(hayo ngeres kabeh yo pikirane)Cah loro cek out ,...menyat arepe muleh, nang ndalan Semun nukokne topi
sing ono tulisane "sarangan" kanggo Shinta,.........(mesra tenan ya)Pas mlaku mlipir telogo ujug-ujug,.......wuuuussss angin gedhe,....
topine Shinta mabur duwur banget ,.....Semun dengan semangat 45 nguber,.... opo wae diterjang pager tembok siji setengah meter dilompati hupppp topine bablas cemplung telaga , moro moro Shinta nangis gero-gero,......."wis ora usah nangis mengko tak tukokne maneh ? " jare Semun ,......
"aku nangis ora mergo topi , aku mung gumun pager tembok 1,5 meter iso kok lompati kenopo dek bengi pager guling sing mung limolas centi ora iso kok lompati " ..........

Catatan :
Cerita ini adalah kejadian nyata,..
Untuk menjaga kerahasiaan pelaku nama nama sengaja disamarkan,........

No comments: