Tuesday, October 03, 2006

Salah Sambung

Mari ndelok Blethok Lapindo Bayan semun nelpon nang omah,...
Bayan Semun: "Hallo mbok-e?"
Iyem: "Dudu pak"
Bayan Semun: "Lho iki sopo?"
Iyem: "Iyem pak, pembantu anyar"
Bayan: Semun "Ooo anyar tho, Bune ono ora"
Iyem:"Wonthen pak tapi nembe sare"
Bayan Semun:"Gugahen aku arep ngomong"
Iyem: "Wah kulo mboten wantun pak won bune nembe sare"
Bayan Semun: "Wis tho gugahen"
Iyem : "Masalahe tileme kaleh tiyang kakung pak"
Bayan Semun kaget:"Haa karo sopo cah lanang, kurang ajar lagi ditinggal rong ndino nang
surabaya wae wis selingkuh, Yem goleko bendo trus bacoken loro-lorone yo mengko kowe tak rabi nganteni bojoku gelem ora"
Iyem: "Ngih pak mangke rumiyin nggih"
Ora let suwe "Sampun pak loro-lorone sampun pejah, sakmeniko pripun pak?"
Bayan Semun: "Buangen nang kolam mburi omah yo, ben-e kethok koyo kecelakaan"
Iyem: "Kolam wingking griyo pundi pak?, wong wingking omah niku griyane pak RT"
Bayan Semun: "Lho iki omahe Bayan Semun dudu"
Iyem: "Sanes pak niki griyane pak Tukijan!"

No comments: