Tuesday, October 17, 2006

Semun Naksir Maya

Bayan Semun naksir si Maya (nama keren, sline sih Maysaroh) anake pak Kaji Romli. Ndilalah si Maya iki ayu, putih, moleg, mirip karo Sarah anake Kaji Romli nang sinetron "Kiamat sudah dekat nang SCTV" sing tau dadi pacare si Alul iku. Cuma Pak Kaji Romli bapake si Maya kuwi streng banget, akibate si Maya dadi cah omah gak tau gaul karo cowok, gak tau kluyuran nang mal, nek sekolah dikawal. sakjane akeh cowok sing naksir, tapi kandas kabeh, wis akeh korbane pak Kaji Romli nalika coba-coba nyedhaki si Maya. Dina iku Kaji Romli nang langgar ngarep omahe, sakjene arep sholat asar, tapi sandal jepite pedhot. Ndilalah meneh kaya sinetron ae.... bayan Semun lagi nang kono. Ndilalah Pak kaji karo Bayan Semun wis akrab, mula bayan Semun langsung diprintah supaya njupuk sandal jepit nang ngarep kamar mandi nang njero omah. Merga wis biasa, Bayan Semun langsung mlebu omah. Lagi clingak-clinguk nggoleki sandale pak Kaji weruh klebate si Maya, terus takon "May... kowe ngerti ora bapakmu mau ngakon aku ngambung kowe!" "Husy... aja sembrono , dudu mukhrim dosa kang" "Mosok kowe wani mbantah prentahe bapakmu, nek gak percoyo iki tak tak buktekne" Bayan Semun mbengok seru "Pak Haji.... sing tengen napa sing kiwa?" "Kowe ki piye ya komplit kiwa karo tengen no", kandhane Pak Kaji saka ngarep omah. Bayan Semun nyedhaki Maya karo omong, "Iya kan... bapakmu ae ngakone kiwa tengen kok, mosok kowe mbantah!" "......."



Indonesia Version


Bayan Semun naksir si Maya (nama keren, aslinya sih Maysaroh) anaknya pak Haji Romli. Kebetulan si Maya ini ayu, putih, moleg, mirip kaya Sarah anaknya Haji Romli nang sinetron "Kiamat sudah dekat di SCTV" yang pernah jadi pacarnya si Alul itu.
Cuma Pak Haji Romli bapaknya si Maya itu streng banget, akibatnya si Maya jadi anak rumah nggak tau gaul sama cowok, nggak pernah kluyuran ke mal, kalau sekolah dikawal. Sebenarnya bayak cowok yang naksir tapi kandas semua, sudah banyak korbannya pak Haji Romli ketika coba-coba ndeketin si Maya.
Hari itu Haji Romli ada Di Musholla depan rumahnya, sebenarnya mau sholat asar,tapi sandal jepitnya pedhot (baca putus).
Kebetulan lagi (kaya sinetron aja serba kebetulan) bayan Semun berada disana. Pak kaji sama Bayan Semun memang akrab, maka bayan Semun langsung diperintah supaya ambil sandal jepit di depan kamar mandi dalam rumah.
Karena sudah biasa, Bayan Semun langsung masuk rumah. Ketika sedang clingak-clinguk (baca tolah-toleh) nyari sandal pak Haji dia ketemu si Maya, terus nanya "May... kamu ngerti nggak bapakmu tadi nyuruh aku nyium pipi kamu!"
"Husy... jangan sembarangan ya , nggak mungkin bapak nyuruh gitu"
"Masak kamu berani mbantah perintah bapakmu, kalau nggak percaya ini aku buktiin"
Bayan Semun teriak keras "Pak Haji.... yang kiri atau yang kanan?"
"Kamu ini gimana sih ya harus kiri kanan masak cuman sebelah", kata Pak Kaji dari depan rumah.
Bayan Semun ndeketin Maya sambil ngomong, "Iya kan... bapakmu nyuruhnya malah kiri kanan kok, mosok kamu mbantah!"
"......."
Dan Bayan Semunpun,…………(cerita selanjutnya silahkan anda teruskan sendiri sendiri……)

No comments: