Friday, August 31, 2007

bayan semun dadi pelayan restoran

Sakdurunge dadi Bayan, kang semun dadi pelayan restoran. Dudu nang Krebi Peti soale nek nang kono wis onok Sepongbob.
Sawijining ndino nampa tamu sing songong, kemlinthi, bawel, ladak... wis lah pokoke gayane njelehi banget. Dengan songongnya nyeluk si Semun,
"Hey.. sini kamu..." karo nudingi kang Semun.
Sebagai kandidat employi op the mon, si Semun tetep marani lan masang rai ramah senajan atine nggondhok...

"Ada apa boss??" Bayan Semun mundhuk-mundhuk marani si tamu.
"Saya minta Susu Soda!!"
omonge si tamu karo mendelik.
"Oke boss.... siap dalam lima menit!", bayan Semun mencet stop wot karo balik kanan.

"Tapi Jangan pake es!!!" si songong order khusus.

"Sorry boss… kalo yang itu nggak bisa!"

"Gak bisa gimana? Tadi katanya bisa ...." si tamu menthelengi Bayan Semun

"Kalau tanpa es saya nggak sanggup!" Bayan Semun balik mentheleng.
"Pokoknya saya mau yang itu... Gubrakk" si tamu nggebrak meja kaya Muhsin Alatas nang iklan penyedap masakan nang tipi ndisik iku.
Bayan Semun kaget kumat latahe, "Eee... mati, mati, mati... ..taapi... saya tetep nggak bisa.... Soalnya SUSU SODA kalo tanpa "S" jadinya kan UU ODA boss!!!!!"
"Dasar gemblung…"

Robot Semun

Masiyo omahe nang desa terpencil kaya pingkuk, ning bayan semun ora nate ketinggalan bab teknologi,..

..buktine masio direwangi nyekolahke pit udug-e Bayan semun mempeng pingin tuku komputer, sakiki wis rada kethok hasil-e,.......Semun rada melek komputer.
Pancen pas tuku komputer anyar biyen bayan semun isih durung ngerti apa kuwi "not pond" , apa kuwi IP , malah ngirim email nang anake wae almate ditulis lengkap kaya surat pos. Ning sakiki bayan semun wis rada pinter , dibantu karo anake sing kuliah nang suroboyo jurusan komputer bayan semun berhasil nyiptakno robot sederhana pendeteksi kebohongan.
Robot iki dirancang nek krungu wong ngapusi, robot mau langsung ngeplak .

Dino iki tes pertama robot gaweane , pas Kacuk anake ragil muleh sekolah kewengen langsung ditakoni karo bayan semun.
"Kowe saka ngendi le kok jam 7 wengi nembe teko omah" takone bayan semun.
"Ana pelajaran tambahan pak" jare kacuk

"PLAK" moro-moro robot-e bayan semun ngeplak kacuk

"aja ngapusi kowe le iki robot gaweanku lan kangmasmu iso ngerti yen kowe ngapusi" jare bayan semun
"enggih pak wau nonton pilem pcd kaleh rencang" jare kacuk karo mringis
"pilem apa"
"pilem india pak" ,.......

"PLAK" robote bayan semun ngeplak endase Kacuk maneh,......

"eh anu pak pilem porno" jare Kacuk tambah mringis karo nyekeli endase.
Bayan Semun nesu ora karuan , "kowe kuwi diragati sekolah ben-e dadi bocah sing pinter malah kaya ngunu, delok-en kangmasmu sing saiki dadi ahli komputer kae, bapakmu iki masiyo goblog , ora nate mangan sekolahan ning biyen ora nate nonton pilem kaya ngunu kuwi"

"PLAK" giliran Bayan semun sing dikeplak endase karo robot-e dewe,........Bayan Semun sak dek sak nyat meneng,.........

"Wis ta pak ora usah kaya ngunu , uwoh ceblok ora adoh saka uwite anak karo bapak pada wae" Yu Semun ngece
"Masio kaya ngunu Kacuk iku rak anakmu dewe,...." durung bar yu semun olehe ngomong ujug-ujug,.....

"PLAK" Yu Semun kenek keplak ,............

Monday, August 27, 2007

Rabi Maneh

Goro2 bayan Semun kakeyan nonton sinteron lan infotainment, dadi pengin rabi maneh. Jelas wae bu Semun uring2an, masak jangan/sayur pedes banget, nutup lawang dibanting, nggosok klambine bayan semun digawe miring2 ra karuan. Ning saking pinter-e bayan Semun leh ngrayu (belajar teko blog-e wong Mediun), akhire bu Semun lilih ugo penggalihe.

“Yo wis, panjenengan entuk rabi maneh ning syarate sing wadon kudu rondo tuwo. Umure nduwur 65 tahun.” Ujar bu Semun.

Bayan Semun nganyang, “Walah, ketuwek-en kuwi. Repot, aku golek prawan 20 tahunan yo?”

“Ora entuk, Over my dead body!” jare bu Semun karo methuthut. “Prawan oleh, ning umure seket lima” bu Semun rodo kendo.

“Yo isih ketuweken to diajeng, rodo enom maneh yo” Bayan Semun tambah giat leh ngrayu sinambi mijiti pundake bojone.

Bu Semon karo glegeken dipijeti bojone nyahuti, “Iki tawaran terakhir: 50 tahun. Wis, seket ora iso medun maneh!”

Bayan Semun mikir rodo suwi, akhire, “Yo wis, aku gelem. Prawan, 50 tahun. Ning selawe-nan loro ya?”

Gubrak! Bu Semun banting lawang.

Sego goyeng

Bayan Semun kuwi kedal, ra iso ngomong R nganti gede. Nek ngomong R dadi Y, jan pokoke ilate kaku. Karo konco2ne sering dibedo, soale bayan semun seneng banget andok sego goreng ning warunge kang Samin. Ndilalah kang Samin yo seneng mbedani si Semun, dadi nek pesen sego goreng, etok2 kang Samin ora krungu terus si Semun ben ngomong banter.

Pesen opo, Mun?

Sego goyeng, kang

Opo Mun? SEGO GOYENG?

Grrrrr . Kabeh sak warung do ngguyu.

Goro2 kuwi si Semun, niat belajar ngomong sego goreng sing bener. Saben dino latihan.

Sego goyeng, sego goiyyyeng, sego goylleng, sego goolleng .sego gorlllleng!

Terus nganti seminggu, poso gak budhal warunge kang Samin nganti iso nyebut sego goreng.

Akhire pas seminggu, si bayan Semun iso ngucap, sego gorrrrrleng, sego gorrrreng, SEGO GORENG!

Karo semangat 45 (lan ngiler ngidam sego goreng) sore2 si Semun buhdal nyang warunge kang Samin karo ngejak adhine.

Pesen opo Mun?

Rodo banter setengah pamer si Semun pesen, SE-GO GO-RENG, kang!

Karo rodo nggumun kang Samin takon maneh, Piro?

YONG PIYING!

Thursday, August 23, 2007

Manuk kaji pak kacer

Pak Kaji, tonggo sak RT karo bayan Semun duwe manuk kacer sing wis dadi ngocehe.
Manuk kuwi wis terkenal sak kelurahan mergo sering menang lomba.

Lha kok ndilalah, manuk kacer-e pak Kaji mabur wektu dipakan.

Sedih-e ra ketulungan, pirang2 ndino
pak Kaji ora penak dahar.
Awan2 sak durunge Ashar, bayan Semun lewat ngarep omahe pak Kaji sing lagi sepi.

Sak klerapan bayan Semun ndelok ono manuk nyekukruk ning pang wit Jambu pekarangane pak Kaji.

Bareng dimat2ke tibake kuwi manuk kacer-e pak Kaji sing ilang wingi.

Bayan Semun pengin ngingu dewe, manuk sing ketok stress gering mau dijupuk alon2 ben ora konangan pak Kaji.

Ning mak bedudug, pak Kaji mbuka lawang pas ndelok bayan Semun nyekel manuk mung ketok ndase wae
.

“Heh Mun, opo kuwi sing bok cekel? Manuk ku yo!” bengok pak Kaji.

Dasar bayan Semun wong-e kagetan tur rodo lugu, karo mlayu sipat kuping njawab, “Manuk kaji, pak Kacer.”

Tuesday, August 21, 2007

Isih Kuat

Setiap bulan Ramadhan nang daerah Mediun, Diskotik lan Bar kaya fire
kudu tutup jam 1 bengi, nek lewat saka iku pasti kena razia.

Pas bengi kuwi ana Diskotik sing nekat bukak nganti jam 4, terus sesuai kesepakatan
diskotik mau kena razia sing melibatkan multi aparat mulai aparat keamanan kampung, aparat kepolisian + Aparat desa.

PSK , ABG sing kebetulan ana nang diskotik mau dikongkon baris kanggo di data.
Ketepaan ana Simbahe Bayan Semun karo bayan semun sing arep nang pasar gede lewat .
Simbahe Bayan semun gumun olaopo isuk-isuk kok ana arek wadhon dijejer jejer.

"Mun ana apa kok cah wadhon kuwi dijejer-jejer? takone simbah nang bayan semun

Merga isih ngantuk Bayan Semun njawab sak kenek-e: "Oh kuwi antri permen mbah".

Wah lumayan entuk permen gratis ngunu pikire Simbah, aku tak melu baris lah,..

Pas pendataan nama, aparat desa kaget kok ana simbah wis sepuh nang barisan

Aparat Desa karo bingung takon "loh mbah wis sepuh kok melu-melu sing isih abg , apa isih kuat tho?"

Simbah-e bayan Semun njawab: "halah lha nek mung ngemut wae ya aku isih kuat pak."