Tuesday, November 06, 2007

Manuk-e Semun

esuk uthuk2...koyok biasane ; kang semun ...
ngruwat.....lan ngrawat ingon2 ...ocehane....
perkutut...jalak...derkuku...prenjak...kacer...
....suarane....rame koyok ning pasar manuk...

lha kok....ujug2 diparani karo ponakane srinthil.....
"pak dhe......sing muni kuk geruk...kuk geruuuk...
niku larang ..nggih ?" Srinthil takon....

"yo larang nduk.....limang atusan iku !" jawab kang Semun

"lha nek sing pencilakan niku......?"

"ooo....nek iku manuk prenjak nduk....jenenge...
kuwi nek oleh ....dek wingi seko pinggir kali"......
jawab-e kang Semun karo ngunggah-ke sarung-e sing mlorot...

lha kok njelalah .....enek sing aneh....?
Srinthil takon meneh........:
"lha nek manuk-e...sing niku.......?" Srinthil takon karo nudingi
kang Semun sing lagek ngunggahke sarunge sing kedhuwuren...

"nek sing iki ....ora iso ngoceh ...nduk....!
...isone ...muk manthuk2.....thok" .....jawab-e kang Semun
kamikisinen karo mbenakne sarunge......

dasar Semun.....nggladrah !

Thursday, November 01, 2007

Dunkin Donat

Lagi kepenak nonton bal-balan nang tipi moro-moro Yu Semun mbengok,..

“Pak, lampu teras mati kae lo, mbok diganti disik men ora peteng!”
“Masang lampu ? mbok kira aku iki PLN apa …!! Bayan semun setengah mbengok.

“Ya uwis nek ora gelem , ora usah bengok-bengok dandan-ono ledeng jeding kae wae banyune mluber kecer-kecer eman,…” jare Yu Semun.
“Halah bune-bune kok kira aku iki PAM apa piye kok kongkon ngurusi ledeng,….” Bayan Semun ngrundel.

“Pak , jarene sampeyan kentek-an rokok iki tak wenehi duwit , gek ndang nang warung tuku-o rokok, mesisan titip lengo potro arep adang lengone entek iki lho,…..” Yu Semun setengah mangkel.
“Karepmu iki piye aku iki dudu Pertamina kok kon golek lengo, ngerti ora lagi mentelengi bal-balan nang tipi,….” Bayan Semun pegel setengah mati.

Ora jenjem olehe nonton , bayan semun klepat methu saka omah melu nonton nang omahe kang Semin.

Jam 2 bengi Semun muleh rada gumun, merga lampu teras wis padang njingglang,..durung mari olehe gumun mlebu jeding kran wis mampet ora ketes-ketes,..
Tambah gumun maneh nang meja wis cumepak sego sak cething plus mujaer goreng lan sambel sak layah.

“ Bu sapa sing nganti lampu teras , ndandani kran trus sapa sing tuku lengo kanggo adang?” pitakone semun.

“Ooo mau ana wong lanang ngganteng saka desa sebelah lewat, trus tak jaluki tulung,..” jare Yu Semun.

“Terus kok bayar pira ”

“Ora mbayar nganggo duwit kok, dewek-e mung njaluk turu bareng sedelut karo aku utowe digawekne donat” jare yu Semun

“Lha kok ngunu tho , terus dewek-e kok gawek-ne donat pirang iji kok ora ana sisane” jare bayan Semun

“Nggawekne donat ??? sampeyan pikir aku iki dankin donat opo!” klepat yu semun mlebu kamar.