Thursday, October 30, 2008

Bayan Semun VS Mahasiswa

Krisis global ora mung nang ngamrik thok Bayan Semun ya katut krisis , Jijaluki tulung ndawak-ke KTP mung oleh rong ewu pada medit kabeh sakiki,..
Kanggo nyiasati, semun golek tambahan, Preian wingi semun budal nyang sarangan dadi sopir perahu nyang telogo sarangan.

Pelanggan pertama ndilalah cah enom kuliahan sing nembe piknik saka surabaya jarene (mungkin ITS / UNAIR apa ngendi mbuh semun ora weruh).

Pas seperempat puteran salah siji mahasiswa mau takon :
Mahasiswa : Pak kowe nate sinau Matematika ora,...
Semun : Halah ora mas , Bayan kaya aku kanggo apa matematika sing penting isa ngitung duwit wis cukup,..
Mahasiswa : Wah sampeyan wis kelangan salah sijine kesempatan kanggo sangu urip,..utawa sampeyan nate sinau Filsafat,..
Semun : Filsafat kuwi apa mas , ora nate krungu aku,...
Mahasiswa : halah sebagian maneh sangu uripmu wis kok sis-siakan kudune sampeyan belajar filsafat kanggo sangu urip nang ndoya iki ,..
Lha nek Sejarah nate sinau apa ora ? Mahasiswa mau takon maneh,..
Semun : Belajar temenan sih mboten natos mas, ning nek mung perang diponegoro utawi walisanga nggih ngerti,..
Mahasiswa : wis-wis kabeh kesempatan bekal urip kok sia-siakan kabeh pak , terus sangu kanggo uripmu apa,..?
Semun : Oalah mas kulo tumut Gusti kemawon ngalir kados toya,...

mara mara udan deres angin gede banget ,....posisi kapal pas nang tengah telogo goyang goyang merga keterak angin sing kuenceng mau,....banyu mlebu nang kapal ,..semun nyiduki banyu sing mlebu kapal,.. ning banyu sing blebu saya suwe saya akeh,..prahu miring arep ndelep,...Mahasiswa mau pucet abang ireng,...

Semun : Mas sampeyan nate belajar nglangi mboten,...
Mahasiswa : wah ora nate pak,..
Semun : waduh njenengan sedelut maneh kelangan sakkabehe kesempatan kanggo urip ,....