Tuesday, October 17, 2006

Pithik bakar

Bayan Semun lagi judeg kahanan sing iso mulehke ati soko ati sing kemrungsung mung mangan sak akeh akehe. Dewek-e lunga nang Rumah makan ayam goreng kampung sing paling terkenal nang desane terus mesen ayam kampung balung empuk siji,....

Sakwetoro pesenane siap di suguhke. Tapi pas arep dipangan pelayan liyane ngomong " Aduh nyuwun sewu mas sakjane ayam goreng iki pesenane wong lanang gede duwur (sebut wae Agun Prabuwu = sing iki yo jeneng temenan ) sing lungguh nang pojokan kono iku. lan ayam goreng iki mung kari siji sijine ,...sampun telas mas nyuwun ngapunten nggih Mas."

Bayan Semun noleh nang pojokan ndeleng wong lanang sing perawaane pancene gede duwur akeh tatone pisan, Bayan Semun ora ciut atine malah ngomong, "aku wis terlanjur tekan kene dadi ayam goreng iki kanggoku lha wong aku yo mbayak kok."

Pelayan-e bingung , wong gede duwur (agun prabuwu) karo nesu nesu nendang sembarang kalir njupuk pisau marani Bayan Semun.

"Hai kowe cah elek, ojo kok dumuk barang sak itik !! Opo wae sing kok gawe nang pitik kuwi ,.kowe kenek podo plek . mbok tugel sikile pitik kuwi , tak tugel sikilmu,.....mbok tujes garpu wetenge pitik kuwi tak tujes wetengmu nganggo pisau iki ,......opo wae sing mbok lakok-ne nang pitik kuwi kowe oleh podo akibate,........."

Bayan Semun meneng sakwetoro , trus alon alon ayam goreng mau diangkat ,..........cedake nang tutuk-e trus alon alon di jilati brutu ayam
goreng mau ,.....................

catetan :
jeneng nang crita iki jeneng sing sakbenere babar blas ora ono hubungane
karo jenenge anggota milis madin club nuwun

No comments: