Monday, March 31, 2008

Transportasi semun

Bayan Semun – Numpak Becak

Bayan Semun entuk undangan Seminar ning Jogya, topike “Kiroto Boso Jawi Mediun-an vs Mataram-an” (halah, opo to kuwi). Ono wektu sedhelo dienggo blonjo ning Malioboro, sepur sore kudu dicengklak Semun ben sesok isuk iso nyambut gawe maneh nang Cibinong. Saking asyik-e blonjo, Bayan Semun kekepepet wektu, terus golek becak gawe ngeterke ning stasiun Tugu.

“Stasiun Tugu. Pinten?”

Lima ribu” (logate tukang becak Meduro-nan)

“Yo wis, sing cepet mengko tak tambahi”

Tukang becak langsung ngebut ugal-an, ngepot ora karu-an. Bakul jarit wae nekad diserempet. Semun pucet, ora bayangke nek tukang becak ngebut-e edan2-an koyo ngene.

“Aduh Mas, yo alon-alon to ….!”

Ciiiiiiet, tukang becak ngerim ndadak karo ngepot mbalik arah.

“De’ rem-ma sampiyan, jare nang Tugu saiki balik Lun-Alun”

-----------------------------

Bayan Semun – Numpak Bis Kota

Panas2 ning bis Kota Jurusan Joyoboyo – Bratang (karo bayangke lagune Franky S.), bayan Semun pucet kentekan napas. Ben oran mati sesak napas, Bayan Semun nyrondol nyedaki lawang mburi (ben entuk angin). Bis kota nge-gas ndadak, bayan Semun sing lagi nyrondol memburi tambah glundung. Untunge Bayan Semun sing pendekar Terate iso pasang kuda2 ben ora tibo. Ning tetep wae raine nyosor keno pipine cah wedok ayu ning sebelahe. Lumayan ….

“Bu, iki lho ono wong lanang ngambung aku”, jerite cak wedok mau ning ibune sing ngadek cedake. “Ojok kurang ajar, mengko tak laporno bapake, di-gibeng koen. Ngertio bojoku KKO!” jare ibu sing ketoke lagi teko pasar karo mendelik. Karo cengengesan bayan Semun nyauti, “Ngapunten Bu, mboten sengojo. Lagian senggolan kulit podo kulit mawon kok”.

Durung rampung Semun leh ngucap, bis ngegas ndadak maneh. Bayan Semun (nek saiki sengojo) nyosor pipine cak wedok mau. Ning ibune cak wedok luwih sigap. Keranjang blonjo diangkat, pipine Bayan Semun nyosor buah duren. “Rasakno iku kulit podo kulit” …. Ibune cak wedok mesem puas.

-------------------------------

Bayan Semun – Numpak Bemo

Asyike numpak bemo ning Suroboyo iku lungguh adep2-an. Nek pas rejeki iso entuk pemandangan dengkul-e mbak2 sing sexy. Sore iku mulih kuliah, barengan ambek mbak2 sing ketoke arep budhal njogo pameran ning Mall. Ndelok seragam-e ono lambang pabrik rokok “Gendul Ireng”. Perusahaan rokok Gendul Ireng pancen terkenal seragam rok super mini. Sore kuwi pancen rejekine Semun, SPG Gendul Ireng lungguh pas ning ngarep-e. Bayan Semun entuk pemandangan indah lan bebas, opo maneh pupune mbake kuwi ora gawe stocking, putih mulus tur ono wulu-2ne alus. Bayan Semun ora isin mendeliki Populer (Pose Pupu di-ler). Mbak SPG blingsatan, opo maneh ora nggowo tas mung dompet cilik. Bingung oleh-e nutupi area terbuka mau. Corone yo mung sekuat tenaga ndudute rok mini mau ben iso mlorot sethithik. Ning dasar bahane cupet, piye2 wae ora berhasil meng-cover telung prapat pupu mulus mau.

Karo santai bayan Semun alok, “Mbak, sampeyan sak jane arep nutupi bagian endi? Nek nduwur, yo wis ben ngono wae. Tapi nek pengin nutupi bagian ngisor, yo kene tak enteni”

Mulane,..

Merga "ketrucut" apa pancen saking lugune bab "serpis" wingi , bayan semun rada jaga jarak karo keling,..
wis seminggu semun ora "ngorbit" nang pos ronda, padahal biasane meh saben wengi semun melu gadangan nang pos ronda nganti beduk subuh,...
Suwe ora kethok Keling nyambangi nyang omahe semun,..
Keling : Mun kok pirang-pirang ndino ora njedul nyangdi wae,..
Semun : Nyang omah wae ling ,...
Keling : ooo, eh mun kowe ngerti sing jenenge Luna Maya ora,...
Semun : ora , luna kuwi sapa tho,...
Keling : Lunamaya kuwi artis top , sakiki dewek-e lagi raket karo Gendhul Ireng lho,..
Semun : Gendhul Ireng cah maospati sing ireng, elek tur botak kae,...
Keling : Iya, lho kowe ora ngerti gosip anyar iki ya,.. mulane melu-o jagong nyang pos ronda maneh ,..aja nang omah wae,...

sesuk-e keling nyambangi semun maneh,..
Keling : Mun kowe ngerti sing jenenge Ayu azhari, kae lho bintang sing lagi gawe sensasi soal klambine sing wahhh
Semun : ora, eneng apa,..
Keling : Pas acara maca puisi nang manggala wana bakthi , dewe-e ngandeng cowok anyar bocah mediun asli,..
Semun : masak tho , sapa sing digandeng,..
Keling : iku cah mediun sing sakiki manggon nang mbandung , nek gak salah jenenge Agung Prabowo,....
Semun : oooo hebat ya agung kuwi, isa ngandeng artis top,..
Keling : mulane mun meluo jagongan nang pos ronda tha ,..

Sesuk-e maneh,..
Keling : Mung kowe ngerti ora sing jenenge , Ari Wibowo,..
Semun : halah sapa maneh kuwi,..
Keling : winggi ari wibowo ngandeng cewek anyar maneh , langsung 2 kiwa
tengen cah mediun sing digandeng , di ajak nonton konsere Diana Rose,..
Semun : sapa ling sing digandeng Ari wibowo,..
Keling : jare inpotaimen jenenge Yuni gaos karo Idafaya,..masak ora ngerti gosip paling anyar kuwi mun,..mulane melu-o jagongan nang pos ronda ,..dadi ngerti gosip anyar,....

Merga anyel sesuke bayan semun nyambangi pos ronda sing biasane nggo jagongan,..
Semun : ling kowe ngerti ora sing jenenge Mbah Darmo,..
Keling : Mbah darmo sapa,...
Semun : Kae lho , wong Tinap sing omahe cedhak-e kang Depe , sing awak-e gede dukur kaya adi ray, tumpakane CB glatik,..
Keling : Ora weruh ki mun , terus gosipe apa ,..
Semun : Mulane aja jagongan nang pos ronda wae, nek kowe sakiki nang omah pasti kowe ngerti,
Mbah darmo kuwi rak sing "ngeloni" bojomu saben bengi nek kowe ora ono.

Thursday, March 27, 2008

Isih enak bojomu

Bayan Semun duwe kanca raket jenenge Keling bojone Yu Darmi, dewek-e wis kaya amplop lan perangko, yen ana semun nang kana mesti ana keling , mancing bareng , nonton wayang bareng , nganti golek wedhokan ya bareng,..
Pirang minggu kepungkur wong loro krungu yen jarene nang wisma rindu malam ana wong anyar , cakep bahenol , servise ruuaar biasa jenenge Ngatmi asli cah desa suratmajan maospati.
Pancen-e wis akeh sing crita soal Ngatmi iki, mulai goyangan-ne , nganti lekak-lekuk bodine. Nek mung Lunamaya wae lewat,..
Ngatmi pancen top markotop body bass bethot, barang legit kaya ketan ,...ngunu jare crita sing sumebar,..
"Mun jarene wong-wong, Ngatmi kuwi istimewa , kepriye nek kapan kapan awak-e dewe njajal nang wisma Rindu Malam" Ajak-e Keling
"Iya ling , wingi mbah karyo wis njajal, wah komentar-e uedan , daya cengkram-e pancen hebat pokok-e ciamik lah" jare Semun
"Kepriye arep njajal piye , aku sing mbayar lah" ajak-e Keling ora srantan
"Sakiki wae ya,..mumpung lagi kosong nggak ana kerjaan" Semun ya wis kemecer
Semun karo Keling budal bareng nang Sarangan goncengan brompit, tujuan-e jelas "Wisma rindu malam"

Tekan Sarangan langsung njujuk "Wisma Rindu Malam" , Sakwetara nunggu akhir-e Ngatmi methu , maklum akeh tamu kudu ngantri.
Keling ora sabar , "Mun aku disik ya , edan huuuayu tenan,...kowe mengko wae"
"Iya wis manut , wong kowe sing mbayari" jare Semun ngalah.
Wis sakjam lewat Keling durung methu saka kamar , wah aja aja pancen mak nyuss serpis-e Ngatmi kuwi Bayan Semun nlgamun,...
Lamunan bayan semun bubar merga Keling wis methu kamar "kepriye ling yahut ora serpis-e" Bayan Semun nyrocos ora sabar

Karo mencep lambe-ne keling njawab : "yahut apane , gak ana apa apane yen dibanding karo sing nang omah, isih enak-an bojo-ku, nek ora ngandhel jajalen dewe"

Gantian Keling sing nunggu nang njaba karo rokok-an.
Durung sak jam bayan semun wis methu " Kepriye mun enak ora" takon-e keling

"Bener omongan mu ling , ayu sih ayu tapi soal serpis , isih enakan bojo-mu" jare bayan Semun

Konsultasi Sex

Iki kisah-e Bayan Semun (BS) lagi konsultasi sex nang dokter Naek Tobing (NT).


BS: Dokter, menawi sex aman kagem tiyang sepuh niku gaya nopo nggih?

NT: Umure pinten?

BS: Nggih kiro2 sweet-dak ngoten.

NT: Doggy Style

BS: Halah, nungging?

NT: mBoten. Ngendus-endus mawon.



BS: Menawi kagem bujangan sing pengin nahan howo nafsu?

NT: Ganti kalender.

BS: ???

NT: Kalender wonten kamar diganti gambar masjid, sanes Pamela Anderson.



BS: Lha nek penganten anyar mboten pengin gadah anak rumiyin, pripun?

NT: Kontrasepsi.

BS: Waduh sering lali ngombe pill, kondom boten enak, spiral wedi
komplikasi.

NT: System kalender

BS: Ooo, dadi nengeri wektu datang bulan nggih?

NT: Nggih mboten, jarene lalen. Hastakarya mawon kaliyan nyawang kalender
gambar Pamela Anderson.



BS: Pak Dokter, yu Darmi, bojone Bejo si office boy, nembe babaran.

NT: Ya ….

BS: Lha Bejo niku wedi lali nyeruduk bojone sak-durunge wayahe. Wonten
saran?

NT: Ken tumbas Indomie rong kardus.

BS: Nggih …

NT: Saben bengi, nek pas “pengin” langsung ndudud sak bungkus indomie mboten
angsal luwih. Dijamin rong kardus telas, sampun saget nyruduk.

(Kontra indikasi: Tidak dianjurkan bagi yang masih tinggal dengan orang
tua/mertua, apalagi banyak keponakan)


by. Indra Depe