Tuesday, October 17, 2006

Sales sabun deterjen

Mergo sering-e bayan Semun blusukan nang kampung-kampung, dimanfaatke mesisan karo dadi sales sabun deterjen, mergo sering ketemu, bayan Semun iso nggandeng yu Darmi kembang desa, bocah kemayu saka kulon kali gang kenongo.Gak urung, sing jenenge pacarane bocah sak iki, gak cumak dulat-dulit, tapi yo dulak-dulek. Malahan milih enggon wae yo ning losmen purbaya barang. Njajal, opo wae sing didulek-i nek wis nang kamar cah loro. Malah kedadeyan, banting bantingan, sruduk-srudukan sampek lali, nganti cah loro uda blejet, terus dolanan mama-mama-an,papa-papa-an.

Jenenge wong lali, yo piye....,kedadeyan, wis pertempuran bengi kuwi rudal "ngisrael" nembus pertahanane "Nglibanon". Bareng wis bubar, yu Darmi Lagi eling, nek uwis melakukan perbuatan sing kudune durung oleh. Yu Darmi nangis ngguguk nganti luh-e mili koyo bengawan madiun. 'Ono opo dik, kok awakmu nangis?', pitakone Bayan Semun.' Piye arep ora nangis, mas, aku sak iki wis ora suci maneh, uwis kenek noda', kandane ngono karo tambah banter nangise.

Bayan Semun langsung nyaut : 'Perkara noda ojo kuatir,dik. Aku duwe produk sing jenenge deterjen anti noda.
Bahkan, noda bandel sekalipun' Yu Darmi tambah gulung koming olehe nangis ..... !

No comments: