Thursday, November 09, 2006

Tuku Sanden

sakbubare riyoyo lebaran uteke bayan semun mumet
gak karuan.......muter tujuh keliling !
yang jadi mangsalah....anake 7 (pitu) durung enek
sing mentas......kabeh isik dadi tanggungane
bayan semun......!

lha kok njilalah.....Yu Darmi tonggone sebelah
kacek telung omah sing lagek mulih seko suroboyo....
dadi PRT - alias babune "tenglang" cino tionghwa.
ngajak sarikem,anake bayan semun sing mbarep
melu nyambut gawe dadi "pembokat" ning serebejeh !

bayan semun langsung njranthal......
nemoni yu darmi ngethuprus...crito ngalor ngidul...
sesuk esuk uthuk2.....sarikem karo yu darmi...budhal
ning suroboyo..numpak bis !

teko suroboyo, sarikem sak "kantor" karo yu darmi
alias sak majikan....yo iku "Babah Liong" pedagang
liong yen alias bakpauw.....

seminggu ngadoni bakpauw terus....sarikem iyo...
rodok kemeng tangane.....
mben mbengi...diblodroni beras kencur terus...
ben rodok kurang kemenge !

awan2...pas sarikem lan yu darmi lagek istirohat
diceluk karo babah liong....
"mi....tulong...tukokno...lawuh "iwak sing nok kalengan" iko lo !
bah liong ngomong (mangsud-e iwak sarden)
" sarikem ae bah....! supoyo ngerti..tukune nok endi ! " yu darmi njawab
" haa...iyyaa...iyo ...ola opo2..aaa !." bah liong - ngiyak-no

sarikem ,bablas metu seko omah, karo nggremeng...
tangan lagek kemeng , pas leren pisan di kongkon2.....!

sampek toko "larisss" pojokan pasar wonokromo
langsung mlebu, pas rodok sepi pisan..gak enek sing tuku..

"koh.....mau beli..........mau beli....opo...yo.....opo...yo.....
waduh....aku lali....iki..piye...?" sarikem mikir2

" mau beli apa mbak...?" takone sing jogo toko...setengah jengkel

gak kelangan akal sarikem langsung "ndulitno"....!
.......drijine diambok-ne ning irunge...bakule.....

njelalah ...kok langsung ngerti........
jawabane :...........OOOOO...mau beli SARDENCIS !

sarikem....lego plong....langsung mulih...
nyangking tas kresek isine sardencis !
pikirane sarikem ......
untung ae aku ..isik setengah eling ambune...!

bah liong....mangan telap telep.....
.........breeeek.....langsung....zzz...zzz ...turu !

sarikem karo yu darmi ...langsung nggawe
jladrenan bakpauw maneh.....!

by. Djumala

No comments: