Thursday, November 30, 2006

Lindhu

Setu sore, kangmase karo mbakyu-ipene kesusu pamit nyang mBantul, merga morotuwo-ne termasuk korban musibah lindhu Jogja, anake si Klethong karo Klowor umur limang tahun karo patang tahunan ditipne. Bayan Semun gak kabotan dititipi ponakan, apameneh mase iku sering mbantu, tur cah loro iku wis ditinggali butuh sakwetara nggo mangan karo jajane.
Tapi omahe Bayan Semun rak tipe "dekat kemana-mana" maksude nang omah gak perlu mrana-mrana, merga kamar tamu, kamar makan, ruang keluarga lan kamar tidur dadi siji. Mula engko bengi, gelem ra gelem nyawa papat kudu ngringkel bareng sak dipan pring
sing lemekan klasa.

Ndilalah wektu iku Bayan Semun lagi "awas merapi", alias tegangan tinggi kaya udun sing arep mecah wis seminggu luwih gak nindahkne "sunah rasul" soale malem Jemuah wingi ronda. Sakjane wis semayanan karo bojone, engko bengi arep "merapi-merapian". Tapi ujug-ujuga entuk titipan ponakan mau, tapi supaya gak menimbulkan "bencana alam", hajat sing gak iso disemayani iku disiasati, kudu nunggu wektu nek bocah-bocah iku wis pada turu nglepus….
"Le adhimu jaken ndang turu... supaya turume angler lampune tak pateni ae yo", ngono kandhane karo ponakane karo nyeklekne sekakel nang cagak.
Jam rolas bengi, wis sepi, bocah-bocah wis turu, jelas saka suara ngoroke… Bayan Semun mulai gerilya.
Tapi lagi nang tengah-tengah atraksi ujung-ujug Klowor alok, "..Indu, indu, indu … kang Enthong … ana indhu".

"Tenang ae lee.. dudu lindu kok, aku karo bulikmu lagi merapi-merapian kok", sumaure Bayan Semun semu gugup.

Ujug-ujug Klethong mbengok, "Aduh Lik… kecipratan lava pijar aku"

Disusul Klowor adhine, "Edhus embel etu ya kang….?"

No comments: