Thursday, November 09, 2006

Sisan Nggawe

Bayan Semun iku abdi sing setia, jujur lan sregep, didawuhi apa wae gak nate kakehan pertanyaan utawa mbantah langsung mangkat. Nek disebut kekurangane merga langsung melaksanakan tugas masiyo durung paham apa sing dikarepnee sing ngakon, kurang inisiatif, rada o-on, tur dasare mbeler. Maklum, saumpamane Semun pinter, perfect lan akeh inisiatife.. tak kira gak trima dadi Bayan, mungkin wis dadi Camat... he,he,he...

Ana crita, bayan Semun dikongkon tuku mangan awan kanggo para pamong sing nembe rapat nang kelurahan, Pak Lurah kon nukokne sego pecel njaluke lawuh peyek teri sambele aja pedes-pedes, pak Carik nyuwun soto aja nganggo jerohan, pak Jogoboyo njaluk rawon capare sing akeh sambele dipisah karo kon nukokne Gudang Garam Surya sak bungkus, pak Modin kepingin sego campur, segane separo ae lawuhe semur tahu.

Bayan Semun budhal, ditunggu wong-wong nganti cengklungen... eee bareng balik sing dituku mung sega pecel pesenane pak Lurah thok. Terus pamit mak klepat lunga meneh tuku pesenane pak Carik, ditunggu meneh nganti suwe.. eee pesenane Jogoboyo karo Modin durung ditukokne. Budal meneh nembe pesenane Jogoboyo, nembe kloter terakhir pesenane Modin. Iku bae isik ana kurange, rokoke Jogoboyo lali, kepeksa Bayan Semun mbalik meneh tuku Surya.

Akhire... merga pada mangkel lan kaliren ngenteni, para pamong yaiku Lurah, Carik, Jogoboyo, Modin kroyokan bareng nyeneni bayan Semun. Deweke diwanti-wanti supaya mbesuk aja ngono meneh... nek diperintah kudu sisan nggawe. Bayan Semun mung manut.. janji suk meneh bakal nindakne perintah nganti tuntas alias sisan nggae.

Mungkin merga telat mangan iku, pak Lurah sesuke rada mriyang, banjur ngongkon Bayan Semun supaya ngaturi Dokter Bambang. Meh setengah dina Bayan Semun gak balik-balik. Ngarepne magrib Bayan Semun teka dikancani Dokter Bambang lan rombongan wong-wong sing gak jelas.
"Mun.. apa kowe wara-wara karo warga nek aku mriyang, wong-wong iku pada arep besuk aku?", lurah rada kaget dene tekane Bayan Semun karo Dokter Bambang dikantheni rombongan.

"Sanes Pak Lurah… kula namung njagani mawon.. kula pun tekakne Ki Bedjo Umbaran, sinten ngerti Dokter Bambang mboten cocok obate, Ki Bedjo niki rak saged turun tangan ngangge pengobatan alternatif".

"Dengaren rada mletik pikiranmu... lha terus santri-santri kuwi kon nyapo"

"Anu Lurahe… sinten ngerti sakit sampeyan tambah nemen, menawi ngantos sekarat, para santri niku rak saged dijaluki tulung macakne surat Yasin. Malah pak Modin nggih kula aturi supados siap sewanci-wanci nelkin sampeyan. Hebat ta kula Lurahe".

"Oalah Mun… Semun…Semun…"

"Niku mawon dereng wonten napa-napane.. malah kang Jumadi kalih kanca-kancane teng pemakaman nggih pun kula aturi ndhudhuk kuburan nek sewayah-wayah perlu">

"Wis.. wisss… cukup… Mun aku gak sida lara!!!!", pak Lurah menyat saka tempat tidure.

by-kangucup

No comments: