Thursday, November 30, 2006

Say

Wis meng rong tahun anak ragile bayan Semun lungo neng arab dadi TKI. Ugo
wis suwe anake ora tahu kirim telegram, telepon opo maneh wesel. Bayan semun
dadi kepikiran karo anake, mengko gek gek ono opo.
Tinimbang kepikiran, bayan Semun menyat lungo numpak pit sing wis ucul
katengkase menyang kantor telkom kidul ndistrik. Sak untoro antri, giliran
bayan semun telepon. Kiro kiro seprapat jam, bayan Semun rampung nek telpon
anake.
"..Wah..lik bayan mau telpon mbok enom yo ?!!?.."ujare Tumini, kasir sing
lagi rong sasi iki kerjo neng telkom.
"..Ah..ngawur wae kowe iki, ..iku mau telpon neng anakku" wangsulane bayan
Semun karo nampani susuke ko Tumini.
" Ora percoyo aku, ..lha wong lik bayan ngomong..halo say..ngono barang
to.." Tumini berargumentasi (bhs mediune sing cocok opo yo).
"Lha piye ora ngomong say, lha wong anakku ragil sing neng Arab iki jenenge
sayuti" bayan Semun mangsuli karo nginthik metu

No comments: