Thursday, November 09, 2006

Dilarang Mancing disini

Jeng Maya alias Maymunah lagi ngenggar-enggar ati… dewekekan leyeh-leyeh nang prau bebek ing tengah telogo Sarangan. Merga angine semribit lan semriwing, sinambi kupinge ngrungokne lagu ndangdut saka MP3 player deweke maca taboit Gosip Artis…ora sadar kapale digawa angin menyang nang bagian tlogo sing sepi. Lagi enak-enak nglaras ujug-ujug diparani HANSIP Sarangan sing sangar, brengose sak kepel-kepel. Pak HANSIP mau nyedaki, matane jelalatan nang njero prahu, terus menehi peringatan setengah nyentak..

"mBak… sampeyan ngerti gak! Nang telogo kene dilarang mancing?"

"Lho sapa sing mancing.. sampeyan aja nuduh wong sembarangan tanpa bukti", mbak Maya ngeyel.

"Sampeyan aja selak…. aku duwe barang bukti.. kuwi pancing sing kok simpen nang tasmu kuwi, jorane jelas ketok nongol ngono?", sumaure pak Hansip gak gelem kalah.

"Apa? Pancing iki lak gak tak enggo mancing cumak tak simpen thok. Sampeyan aja ngancem, aku bakal bengok-bengok ben dadi layatan, sampeyan memperkosa aku!", mBak Maya ganti nyentak.

"Lho.. lak ngawur, buktine apa nek aku merkosa sampeyan?"

"Alah… kuwi alate jelas sing sampeyan gawa, sebagai barang bukti, alat kudu disita lan disimpen nang kantor pulisi!!!"…

"Ampun…ampun mBak… aku gak apa-apa", pak HANSIP sangar ngibrit…

by-kangucup

No comments: