Wednesday, November 29, 2006

KDRT

Merga rumah tanggane udreg terus, mula Ny Watik sing mooy (merga gakkalah ayu karo Angel Karamoy) lapor nyang pamong desa terdekat yaikuBayan Semun. Merga entuk lapuran, Bayan Semun manggil Hardian dikongkonteka menyang kebayanan, arep dibantu penyelesaian masalahe.

"Herdian.. aku krungu lapurane bojomu. Jarene kowe kuwi cengkiling utawa sering melakukan KDRT, kekerasan dalam rumah tangga. mBok sadar, kowe entuk Watik kuwi beja kemayangan tenan, kowe wis kepilih saka ribuan calon sing nyedhaki bojomu biyen. Sadar kowe entuk ganjaran, senajan bojomu entuk musibah. Mula kowe kudu dadi wong lanang sing tanggung jawab. Mosok duwe bojo ayu kaya ngono kok mung didublaki sambel kuwi piye?

"Tapi bojo kula niku nggih kebangeten, mentang-mentang ayu terus kathah karepe lho Pak, kalih bojone dewe ngepekne, tapi nek kalih wong lanang nggantheng sing akeh duwike ngethek mawon..."

"Lho... kuwi wis dadi resikone nduwe bojo ayu Her... wis ngene ae, nek kowe gak iso ngrumat bojomu, pasrahne aku, tak rumate wis!!.... Lha nek kowe kilangan sasaran nggo antem-anteman utawa dublak-dublakan.... bojoku gowonen, jaken mulih ae. Arep kok antemi sedina ping wolu, arep kok dublaki endhut petis Porong sedina ping pitu
gak masyalaah.."

Ujug-ujug, mbok Bayan sing awake gedhe dempal kaya Tika Panggabean metu saka senthong, malang kerik karo bengak-bengok.

"Apa!!!... bojo kok dipadhakne sandsak!!!. mBok ngelingi jaman apel udan-udan ban sepeda sampeyan nggembos mbiyen..."

Bayan Semun mengkeret, weleh jebule dia anggota ISTI, ikatan suami takut istri.. he,he,he...

by. kangucup

No comments: