Wednesday, May 27, 2009

Bayan Semun ketangkep polantas

Bayan Semun ngebut, tekan prapatan lampu abang murub isik bablas, akibate ketangkep Briptu Samidi terus arep ditilang.

Polantas: "Selamat malam Pak. Tolong lihat SIM-nya".

Bayan Semun (BS), dengan tenangnya: "Wah nggak nduwe… SIM-ku wis dicabut merga keseringen ngelanggar lalin"

Polantas: ”Nek ngono, endi STNK-ne ".

BS dengan PD njawab: "Nggak gableg Pak. Embuh iki mau mobile sapa. Wong mau ki ana mobil dirparkir nang samping stasiun, tak utak-atik nganggo kunci duplikat.. ee jalan.. ya wis terus tak lakokne ngono ae".

Polantas: "Berarti iki mobil curian?"

BS: "Aku gak ngerti istilahe... nyilih gak nembung apa nyolong... Tapi, tunggu sedela. Nek nggak salah, aku mau weruh ana STNK neng kotak perkakas nalika aku ndelikne pistulku neng kono”

Polantas: "Hah ...? Ana pistol nang kotak perkakas?"

BS: "Iya Pak. Aku ndelikne pistol sing bubar enggo ngrampok lan mateni uwong.. lha mayite korban mau tak lebokne neng begasi mburi kok".

Polantas kaget: "Ana Mayit nang begasi ..?"

BS : (Dengan muka dingin) "Iya Pak....".

Krungu ngono iku, Polantas panik, terus ngontak kantor pulisi terdekat, sing ngerahne tim buser. Gak suwe meneh mobil itu dikepung pulisi pak Kapolsek melu teka nyedhaki nginterograsi Bayan Semun sing gak melawan.

Kapolsek: "Boleh saya lihat SIM Anda, Pak ?"

BS : "Oh, mangga". (SIM isih berlaku lan resmi)

Kapolsek: "Iki mobile sapa?"

BS : "Niki mobile pak Lurah, wong kula wau dikongkon njemput bu lurah. Niki STNK-ne ". (Isik berlaku)

Kapolda: " Boleh Anda buka kotak perkakas dengan perlahan dan tunjukkan kepada saya pistol Anda di sana”.

BS : "Silahkan saja Pak.. cobi sampeyan tingali, niki obeng, tang, kunci Inggris, kuci busi, kunci pas... mboten wonten pistule kan".

Kapolres: "Hmm.. kalau begitu, boleh tolong buka bagasinya? Saya mendapat laporan bahwa ada mayat di sana”.

BS : "Mangga Pak ..." (Bagasi dibukak lan isine mung ban serep karo barang sawetara, mayit sing ana paling bathang cecak utawa kecoak sing kegencet)

Kapolda: "Saya heran. Petugas yang menghentikan mobil anda tadi mengatakan bahwa anda tidak memiliki SIM, dan anda telah mencuri mobil ini, punya pistol di kotak perkakas, habis merampok dan membawa mayat di bagasi".

BS : "Oh, ngoten nggih....? Mesthi... si tukang tipu niku badhe ngapusi sampeyan melih, criyos nek kula wau ngebut lan nglanggar lampu merah..."

Gak bakal gelem nganggo jilbab

Kang Sodikin nembe magang dadi modin sementara merga modin sepuh seda, tapi ana sing ngganjel merga nganti saiki bojone nganggo jilbab mung nek nyang langgar utawa sholat ae. Ing pergaulan sedina-dinane durung gelem nganggo. Isik isin jarene.

Mula Kang Sodikin kepingin milih presiden sing bojone nganggo busana islami.
Bayan Semun takon “Jilbab iku kan mung buntel ta, sing penting rak isine".
Kang Sodikin: "Buntel ya penting lho kang... sampeyan gelem tah mangan sego pecel sing dibuntel kaos kaki bolong"
Bayan Semun: "Wah mesthiiiiii... sing jelas nganggo jilbab kan bu Mufidah karo Bu Uga berarti sampeyan milih JK-WIN"
“Durung mesthi”, kang Sodikin ngeles, “Agomo iku kan proses... saiki durung, sapa ngerti entuk hidayah terus gelem nganggo”..

Bayan Semun: “Puji sukur... kang... tapi ana lho bojo capres sing gak bakal gelem jilbaban”.

Kang Sodikin: “Lho mosok... kabeh capres lan cawapres kan agamane Islam, ya aneh nek bojone nentang jilbab”.

Bayan Semun: “Tak kandhani kang.. sak alim-alime Pak Taufik, gak bakal gelem nganggo jilbab”
????

Tuesday, May 19, 2009

Sapa sing salah?

Mayite cewek muda korban tabrak lari iku gumletak ing pinggir ndalan, ditutupi kertas koran... getih abang mblambang durung garing, embuh apa sing pating cecer daging apa bagian awak liyane... montor Vario rusak kaya angka wolu... Wong-wong ndeso Pingkuk mulai teka ngrubung,...

Dumadakan ana wong lanang setengah baya, sing ketok pucet gemeter ngacung,

“Nuwun sewu... kulo narto sing paling salah, kula sing njalari matine”. Kabeh mata nuju wong iku, sing nerusne omong “Kula wau mlampah teng pinggir ndalan mriki. Lare wedok wau numpak montor, ujug-ujug mak jegagik meh nyrempet kula... untung jantung teksih sehat, cobi nek empun mbrebet... mila kula pisuhi... ketingale piyambake keweden, grogi montore oleng.. kesamber montor sing ugal-ugalan, mak thes...... Duh Gusti.. inalillahi”.

Cep klakep, wong-wong pada pandeng-pandengan, ujug-ujug saka arah liya ana tangan liyane sing diangkat.

“mBoten leres niku... kula sing langkung salah”, kang Narto tukang parkir anyaran neng warung Darmi melu nrambul, “Lare niku wau parkir teng ngajeng warung, nalika ajeng lunga kula jaluk karcis parkire, ngakune ical. Terus kula njaluk STNKne, tirose mboten mbeta... Untunge onten tiyang sing kenal lare niku maringi konfirmasi. Kula saged yakin nek deke sanes maling, nanging kula sampun ngrampas wekdale gangsal menit.. Saumpami wau langsung kula kon lunga mboten kula tahan ngantos limang menit, mesthi lare niku teksih urip mboten kesamber montor nganti ajur ngoten niku”.

Eee ujug-ujug ana Briptu Slamet saka Polsek mBendo sing ngaku, masiyo omone ditegas-tegasne tapi grogine gak gak bisa ditutupi.

“Bukan.. bapak-bapak, niku salah saya... cewek naik Vario itu tadi melintas di depan saya jaga di prapatan. Ketok gugup. Naluri pulisi nek ana pengendara gugup iku kan panganan empuk, apameneh wektu iku durung sarapan. Eee naluri saya bener, sakwise tak stop lan tak takoni bener dia ndak nggawa surat kendaraan. Terus tak jak nyang pos, nawani transaksi damai. Saya merasa berdosa merga ngerasmpas wektune sepuluh menit lan ngerampok duwike nggo sarapan.. Mesthi merga bar tak cekel lan tak rampas duwike iku pikirane dadi terganggu, numpak montor karo ngelamun, mula gak tegen terus kesrempet montor nganti mati..."

Durung rampung Pak Pulisi omong, ana wong aneh sing gak jelas saka ngendi asale lan kapan tekane wis nang kerumunan kono.

“Maap Bapak2 dan Ibu2... ini kabeh salahku. Wanita iku jenenge Narti, kancaku sak kantor, deweke randa ditinggal bojone rabi meneh. Bayangne wis enem sasi gak dibelai wong lanang.. jelas kepingin tenan... Aku nyedhaki, rayuanku jebul bisa nembus lan nggoyahne imane... dekne gelem tak jak selingkuh, nyanggupi ketemu neng Losmen Cempaka kulon kono, supaya cepet tak kon nyilih montore mbakyune, sekalian mampir warunge Yu Darmi tuku payung merek Sutra... pengaman supaya lehku demenan luwih aman.... Ahh... wis takdire, nembe bae ninggalne warung Darmi... wis disamber montor ugal-ugalan... mula dosa gede banget, ngajari gak bener, ngejak selingkuh lan njalari matine”.

Saiki kabeh mata menthelengi wong aneh iku, kabeh pada menghakimi.
Nalika kahanan wis mulai tenang Pak Bayan nyedhaki wong iku “Ngertos kula lare niku dereng nate rabi, mboten kerja kantoran lan mboten duwe mbakyu. Berarti sampeyan salah?”

Wong asing itu mung manthuk.

Pak Bayan terus takon, “Sampeyan napa sanes warga Pingkuk, kok kula dereng nate sumerep nggih?. Sampeyan sinten nggih??”

Wong aneh iku mung mesem, “Aku Pak?.. aku iki rak sing ngarang cerita fiksi iki”

“Waduh... nuwun sewu mawon, nami kula kangucup melok dosa, merga njupuk ide cerita tanpa ijin".

Tuesday, May 12, 2009

Ngertio Ngono

Sakdurunge dadi perangkat desa , bayan semun biyen nate dadi tukang lan melu kang Gudel kontraktor bangunan sing paling terkenal sak Magetan.
Embuh wis pirang perumnas sing dibangun tangane bayan semun , ora mung perumnas, gedung pemerintahan malah omah mewah duwek-e pejabat lan pengusaha terkenal nang mediun semun sing nggawe.
Isuk pas bareng-e musin pelem semun ngadep nang juragan-e kang Gudel, "Boss kulo bade medal , mboten saget tumut njenengan maleh" jare semun
"Loh ana apa tho mun" Kang Gudel kaget
"Awakmu wis tak angep keluarga dewe, lan tandang gawemu ya ora nate salah , Juragan Karyo sing pesen omah gedong kae ya puas, awakmu termasuk tukang sing paling rapi gaweane lho mun" Kang Gudel nerusne omongane ....
"eee,...kulo angsal pedamelan enggal boss , dados Bayan teng Kelurahan Pingkuk, niki pancen cita-cita kulo saget makaryo teng kelurahan" wangsulane Semun
"Gajimu pira tho nang kelurahan, apa perlu tak tambahi " Kang Gudel nawani..
"Mboten saget boss, kulo pun janji kalih pak Lurah lan Pak Carik yen kulo purung nyambutdamel teng kelurahan" Semun ngeyel
"nek pancen awakmu wis manteb, ya piye meneh ....tapi mun kepriye nek kowe ngawe omah siji maneh ukurane kira kira 150m2 nek wis dadi ya wis sumonggo nek arep pangsiun dadi tukang" Kang Gudel nawani ....
"gawekno sing apik ya mun, materiale miliho dewe sing paling apik, jogan-e marmer kayu jati kabeh,....material njaluk-o nang kang Tarjo ya..." pesen-e kang Gudel
"Nggih pun boss kulo damelke" jare Semun ngalah lan aras-arasen
Akhire semun ngawek-ne omah siji maneh kanggo kang gudel....merga wis aras-arasen semun ngawe sak kepenak-e dewe , ngaci tembok ora mateng ngosok mung sak madyo wae...
"Kang tarjo , aku butuh kayu jati lan marmer , arep tak pasang atep-e ,...." jare semun
"Lho kok cuepet men tho mun,...lagi rong sasi kok wis pasang getheng , malah wis arep masang tegel.." semaure kang Tarjo
"Iyo kang tak kebut wae ben gek ndang bar...aku wis ora srantan iki....."jawabe semun..
"Tapi Mun kayu jati lan marmer-e nang gudang lagi kosong,...anane mung kayu kamper karo keramik putih kw2 , aku isih order kira kira sewulan maneh tekane,.."
"Walah kesuwen kang Tarjo , wis lah sak anane wae tak pasange ,.."
Ora suwe ,..mung seminggu wae, genteng wis munggah keramik wis temata...omah wis siap huni...
"Kang Gudel niki kulo serah-ke kuncinipun , matur suwun sampun saget nyambut damel teng ngriki,.." semun nyerahke kunci omah.
"Ya ,...tak tampa kuncine Mun,...iki honormu rong sasi pitung ndino, lan iki bonuse..." kang Gudel nyerahne amplop karo nyerahno kunci sing mau diwenehne semun.....
"Dirawat sing apik ya mun,...." pesene Kang Gudel...
klemun klemun ndas-e semun ngelu mubeng-mubeng ,...mara mara bleg nggeblak....

..ora merga oleh kunci omah tapi merga getun...
ngertio ngono tak enteni nganti kayu jati lan marmer-e ana,...
ngertio ngono olehku nggawe omah tak gawe sing tenanan ora asal-asalan........

Friday, May 08, 2009

Bayan Semun Main Golep

Desa Pingkuk dibangun lapangan golep anyar. Investor menehi keanggotaan gratis kanggo para pamong (hebat banget). Lurah, Carik karo Kamituwo njajal lapangan anyar mau, ngajak Bayan Semun melok main.

“Kang Semun, sesuk jam pitu aku, carik, kamituwo karo kowe nuthuki bal neng lapangan suket anyar kuwi ya?”.Pak Lurah ngajak Semun.

“Nggih Pak, nanging nuwun sewu lho... mbokmenawi dipun keparengaken nyusul wingking mawon” jawabe Bayan Semun.

“Ora apa-apa lah... agger kowe nyusul tenan”, Pak Lurah ngijini.

Sesuke, nalika Lurah, Carik, Kamituwo tekan lapangan, eee... Bayan Semun wis nunggu neng kono.

Akhire perabot ndeso papat iku main, Bayan Semun maine lumayan masiyo nganggo tangan kiwo.

Merga puas wong papat mau janjian nek minggu ngarep main meneh.

“Pak Lurah... nyuwun sewu nek minggu ngajeng kula telat” ature Bayan Semun.

“Wis lah... pokok angger kowe gak mbolos ae”.

Kaya wingi... Minggu ngarepe nalika wong telu teko nang lapangan, Bayan Semun wis njagrog neng club.

Wong papat main meneh, Bayan Semun tetep main kiwa. Merga puas janjian arep main meneh minggu ngarepe.

?Pak.. ngapunten mbokmenawi minggu ngajeng badhe telat” Bayan Semun matur karo lurahe.

“Lha ora to Mun... kowe kuwi kok angger dijak main kok terus omong nek arep telat. Padahal kowe paling dhisik neng kene, lha terus mainmu ki nganggo tangan kiwa ki gek nyapo ngono lho?”

“Oooo.. niku. Ngaten lho Pak niku syarate dukun”, jawabe Bayan Semun..

“We lha main golep ae kok nganggo dukun”, carike melu urun rembug.

“Inggih Pak, miturut pituture mBah Dukun nek ajeng budahal teng lapangan niku ken ndelok Yu Darmi bojo kula.

Menawi pas mangkat Yu Darmi miring kiwa kula kudu main kede, nek miring nengen kula nggih kedah main tengen”.

“Lha nek yu Darmi mlumah, kowe kon piye?” aloke pak Lurah.

“Menawi Yu Darmi mlumah...kula mesthi telat Pak, mergi kedah triple boogey teng hole satu rumiyin”.

Wednesday, May 06, 2009

Naas ing lapangan Golep

Krungu ceritane sementara Bapak-Bapak genit karo caddy ing lapangan golep, Yu Darmi gak tega ngeculne Bayan Semun sing ndampingi Pak Camat main golep neng lapangan kulon ndeso. Nanging nembe setengah jam main Bayan Semun dadi gotongan digawa ambulan nyang Puskesmas.
Raine rusak, babak bundhas, awake ketekuk-tekuk, Pak Mantri ae gedeg-gedeg ndelok kahanane, mula banjur takon kena apa awake Bayan Semun kok nganti ancur-ancuran kaya ngono.
Bayan Semun crita nek Yu Darmi merga arang main, pukulane mlenceng terus. Nalika nuthuk rada seru, bal gak nuju lubang tapi menggok nyang rombongan kebo sing diangon ning sawah pinggir lapangan. Abot-abote mbelani Yu Darmi, gak kalah karo Jaka Tingkir, Bayan Semun dengan gagah perkasa nekat nyerbu ing antarane kebu, milang-miling lan mbiyaki kiwa-tengen nggoleki bale Yu Darmi. Ujug-ujug weruh ana barang putih bunder nyang silite kebo wedok sing paling gede.
Bayan Semun nyedhaki kebo iku, buntute ditarik, disilakne nganti bal golep sing nyelip ketok
“Bune Darmi... deloken silit kebo iki.... iki kaya wekmu!”
Yu Darmi mbengok, “Apa?, dasar kurangajar!”
Bayan Semun gak eling apa-apa ngerti-ngerti wis nang Puskesmas.

Gak keduman bolo

Yu Darmi didawuh pak Lurah dadi panitia jamuan makan mêrga Pak lurah kepingin luwih akrab karo wargane. Sakjane Yu Darmi kuwi justru inisiator-e supaya tahun ngarêp isa kepilih dadi lurah maneh mula perlu PDKT karo wargane. Tapi mêrga umyêk dadi panitia” sing bertanggung jawab karo suplai makanan, Yu Darmi malah ora kepikiran yen dewek-e ora kêduman panganan.
“Wis êntèk, Yu,” jare Pak Lurah pas Yu Darmi nyandak piring.
“aku gak kêduman….?” Yu Darmi rada kêcewa.
Pak Kamituwa lan Bayan Sêmun ngguyu kêpingkêl pingkêl. Pak Carik , pak Jagabaya , pak Jaga Tirta lan Pak Modin ora kalah bantêr-e olehe ngguyu.
Yu Darmi mung mesêm kêcut wae.
“Bayan Sêmun mangané akèh déwé, Yu,” jare Pak Carik.
“Sing nggawé acara aku, sing ngêntèkne awakmu ngono lho pak ,” Bayan Sêmun ngêles karo nunjuk Pak Carik sing asik nyewêli iwak pithik.
“Pak Jagabaya…. sak balung-balungé dipangan,” balas-e Pak Carik.
“Dodo karo brutuné Pak Lurah, kèmpolé Pak Carik, aku mèk cèkèré,” jare pak Modin sing kawit mau mung mênêng wae.
“Mangan karèn-karèn gak opo-opo, Yu Darmi,” jare pak Modin.
Nang meja makan mung kari sêga thok iku wae sing nempel nang pinggiran cêthing.
“Mangkané masiho dadi panitia, nèk wayahé mangan sampèyan ojok têlat,” Bayan Sêmun mangsuli.
Pak Lurah prihatin karo Yu Darmi sing ora bagian babar blas kethoke kêcewa banget, “Gak opo-opo, Yu Darmi. Sampèyan isok dadi bahan pêlajarané wong gêde gêde sing lagi rêbutan bolo kae , Kuning wis kêduman, Biru ya wis nyêkêl bagiane mung abang thok sing isih umyêk alot golek bolo, masio abang sing dadi panitia koalisi ojok sampèk malah gak kêduman bolo.” Pak Lurah ngadêm-adêm Yu Darmi sing tambah mbêsêngut.

Yu Darmi wis menang ping limo

Bayan semun mampir neng stasiun pengisian BBM sing isih anyar. Neng spanduk promosi ditulis guede-guede: "Berhadiah Langsung 'Freesex' Jika Anda Bisa Menjawab Teka-teki Kami".

"Spanduk iku tenanan lan ora ngapusi kan ?" takone Bayan Semun.

"Mboten kok, Pak. Panjenengan pirsani perawan ayu sing nembe melayani tiyang tumbas bensin menika ?. Perawan menika ingkang bade ngeladeni panjenengan menawi menang," jawab piyantun kakung, salesman stasiun BBM.

"Lha nek sing menang wong wedok ?", takone Bayan Semun.
"Nggih tamtu kemawon kula ingkang bade ngelayani", jawab si salesman enteng.
Salesman ngetokne teka-tekine, "Aku lagi mikirne angka saka siji nganti sepuluh, angka pira iku ?"
"Pitu !" jawabe Bayan Semun.

"Salah, sing bener Sanga," Si salesman mesem ketok menang.

Wis nganti ping pitu ning semun ora nate pener oleh-e mbedek.
Seminggu sawise iku Semun bali maneh neng pom bensin iku karo ngajak Kang Parno Kamituwo. Tapi jawabane tetep salah.

"Aku curiga, aja-aja sampeyan diblithuki sales Pom bensin iku, " jare Kamituwo Parno.

"Ah enggak mungkin" jawab Bayan Semun.

"Kok enggak mungkin ?". balese Kamituwo Parno.

"Lha Yu Darmi wis menang ping lima kok ...........!" bales Bayan Semun maneh ..........

Kamituwo Parno, " ....??*%^&$#@#?????"