Wednesday, May 06, 2009

Gak keduman bolo

Yu Darmi didawuh pak Lurah dadi panitia jamuan makan mêrga Pak lurah kepingin luwih akrab karo wargane. Sakjane Yu Darmi kuwi justru inisiator-e supaya tahun ngarêp isa kepilih dadi lurah maneh mula perlu PDKT karo wargane. Tapi mêrga umyêk dadi panitia” sing bertanggung jawab karo suplai makanan, Yu Darmi malah ora kepikiran yen dewek-e ora kêduman panganan.
“Wis êntèk, Yu,” jare Pak Lurah pas Yu Darmi nyandak piring.
“aku gak kêduman….?” Yu Darmi rada kêcewa.
Pak Kamituwa lan Bayan Sêmun ngguyu kêpingkêl pingkêl. Pak Carik , pak Jagabaya , pak Jaga Tirta lan Pak Modin ora kalah bantêr-e olehe ngguyu.
Yu Darmi mung mesêm kêcut wae.
“Bayan Sêmun mangané akèh déwé, Yu,” jare Pak Carik.
“Sing nggawé acara aku, sing ngêntèkne awakmu ngono lho pak ,” Bayan Sêmun ngêles karo nunjuk Pak Carik sing asik nyewêli iwak pithik.
“Pak Jagabaya…. sak balung-balungé dipangan,” balas-e Pak Carik.
“Dodo karo brutuné Pak Lurah, kèmpolé Pak Carik, aku mèk cèkèré,” jare pak Modin sing kawit mau mung mênêng wae.
“Mangan karèn-karèn gak opo-opo, Yu Darmi,” jare pak Modin.
Nang meja makan mung kari sêga thok iku wae sing nempel nang pinggiran cêthing.
“Mangkané masiho dadi panitia, nèk wayahé mangan sampèyan ojok têlat,” Bayan Sêmun mangsuli.
Pak Lurah prihatin karo Yu Darmi sing ora bagian babar blas kethoke kêcewa banget, “Gak opo-opo, Yu Darmi. Sampèyan isok dadi bahan pêlajarané wong gêde gêde sing lagi rêbutan bolo kae , Kuning wis kêduman, Biru ya wis nyêkêl bagiane mung abang thok sing isih umyêk alot golek bolo, masio abang sing dadi panitia koalisi ojok sampèk malah gak kêduman bolo.” Pak Lurah ngadêm-adêm Yu Darmi sing tambah mbêsêngut.

No comments: