Friday, May 08, 2009

Bayan Semun Main Golep

Desa Pingkuk dibangun lapangan golep anyar. Investor menehi keanggotaan gratis kanggo para pamong (hebat banget). Lurah, Carik karo Kamituwo njajal lapangan anyar mau, ngajak Bayan Semun melok main.

“Kang Semun, sesuk jam pitu aku, carik, kamituwo karo kowe nuthuki bal neng lapangan suket anyar kuwi ya?”.Pak Lurah ngajak Semun.

“Nggih Pak, nanging nuwun sewu lho... mbokmenawi dipun keparengaken nyusul wingking mawon” jawabe Bayan Semun.

“Ora apa-apa lah... agger kowe nyusul tenan”, Pak Lurah ngijini.

Sesuke, nalika Lurah, Carik, Kamituwo tekan lapangan, eee... Bayan Semun wis nunggu neng kono.

Akhire perabot ndeso papat iku main, Bayan Semun maine lumayan masiyo nganggo tangan kiwo.

Merga puas wong papat mau janjian nek minggu ngarep main meneh.

“Pak Lurah... nyuwun sewu nek minggu ngajeng kula telat” ature Bayan Semun.

“Wis lah... pokok angger kowe gak mbolos ae”.

Kaya wingi... Minggu ngarepe nalika wong telu teko nang lapangan, Bayan Semun wis njagrog neng club.

Wong papat main meneh, Bayan Semun tetep main kiwa. Merga puas janjian arep main meneh minggu ngarepe.

?Pak.. ngapunten mbokmenawi minggu ngajeng badhe telat” Bayan Semun matur karo lurahe.

“Lha ora to Mun... kowe kuwi kok angger dijak main kok terus omong nek arep telat. Padahal kowe paling dhisik neng kene, lha terus mainmu ki nganggo tangan kiwa ki gek nyapo ngono lho?”

“Oooo.. niku. Ngaten lho Pak niku syarate dukun”, jawabe Bayan Semun..

“We lha main golep ae kok nganggo dukun”, carike melu urun rembug.

“Inggih Pak, miturut pituture mBah Dukun nek ajeng budahal teng lapangan niku ken ndelok Yu Darmi bojo kula.

Menawi pas mangkat Yu Darmi miring kiwa kula kudu main kede, nek miring nengen kula nggih kedah main tengen”.

“Lha nek yu Darmi mlumah, kowe kon piye?” aloke pak Lurah.

“Menawi Yu Darmi mlumah...kula mesthi telat Pak, mergi kedah triple boogey teng hole satu rumiyin”.

No comments: