Wednesday, May 06, 2009

Naas ing lapangan Golep

Krungu ceritane sementara Bapak-Bapak genit karo caddy ing lapangan golep, Yu Darmi gak tega ngeculne Bayan Semun sing ndampingi Pak Camat main golep neng lapangan kulon ndeso. Nanging nembe setengah jam main Bayan Semun dadi gotongan digawa ambulan nyang Puskesmas.
Raine rusak, babak bundhas, awake ketekuk-tekuk, Pak Mantri ae gedeg-gedeg ndelok kahanane, mula banjur takon kena apa awake Bayan Semun kok nganti ancur-ancuran kaya ngono.
Bayan Semun crita nek Yu Darmi merga arang main, pukulane mlenceng terus. Nalika nuthuk rada seru, bal gak nuju lubang tapi menggok nyang rombongan kebo sing diangon ning sawah pinggir lapangan. Abot-abote mbelani Yu Darmi, gak kalah karo Jaka Tingkir, Bayan Semun dengan gagah perkasa nekat nyerbu ing antarane kebu, milang-miling lan mbiyaki kiwa-tengen nggoleki bale Yu Darmi. Ujug-ujug weruh ana barang putih bunder nyang silite kebo wedok sing paling gede.
Bayan Semun nyedhaki kebo iku, buntute ditarik, disilakne nganti bal golep sing nyelip ketok
“Bune Darmi... deloken silit kebo iki.... iki kaya wekmu!”
Yu Darmi mbengok, “Apa?, dasar kurangajar!”
Bayan Semun gak eling apa-apa ngerti-ngerti wis nang Puskesmas.

No comments: