Tuesday, May 12, 2009

Ngertio Ngono

Sakdurunge dadi perangkat desa , bayan semun biyen nate dadi tukang lan melu kang Gudel kontraktor bangunan sing paling terkenal sak Magetan.
Embuh wis pirang perumnas sing dibangun tangane bayan semun , ora mung perumnas, gedung pemerintahan malah omah mewah duwek-e pejabat lan pengusaha terkenal nang mediun semun sing nggawe.
Isuk pas bareng-e musin pelem semun ngadep nang juragan-e kang Gudel, "Boss kulo bade medal , mboten saget tumut njenengan maleh" jare semun
"Loh ana apa tho mun" Kang Gudel kaget
"Awakmu wis tak angep keluarga dewe, lan tandang gawemu ya ora nate salah , Juragan Karyo sing pesen omah gedong kae ya puas, awakmu termasuk tukang sing paling rapi gaweane lho mun" Kang Gudel nerusne omongane ....
"eee,...kulo angsal pedamelan enggal boss , dados Bayan teng Kelurahan Pingkuk, niki pancen cita-cita kulo saget makaryo teng kelurahan" wangsulane Semun
"Gajimu pira tho nang kelurahan, apa perlu tak tambahi " Kang Gudel nawani..
"Mboten saget boss, kulo pun janji kalih pak Lurah lan Pak Carik yen kulo purung nyambutdamel teng kelurahan" Semun ngeyel
"nek pancen awakmu wis manteb, ya piye meneh ....tapi mun kepriye nek kowe ngawe omah siji maneh ukurane kira kira 150m2 nek wis dadi ya wis sumonggo nek arep pangsiun dadi tukang" Kang Gudel nawani ....
"gawekno sing apik ya mun, materiale miliho dewe sing paling apik, jogan-e marmer kayu jati kabeh,....material njaluk-o nang kang Tarjo ya..." pesen-e kang Gudel
"Nggih pun boss kulo damelke" jare Semun ngalah lan aras-arasen
Akhire semun ngawek-ne omah siji maneh kanggo kang gudel....merga wis aras-arasen semun ngawe sak kepenak-e dewe , ngaci tembok ora mateng ngosok mung sak madyo wae...
"Kang tarjo , aku butuh kayu jati lan marmer , arep tak pasang atep-e ,...." jare semun
"Lho kok cuepet men tho mun,...lagi rong sasi kok wis pasang getheng , malah wis arep masang tegel.." semaure kang Tarjo
"Iyo kang tak kebut wae ben gek ndang bar...aku wis ora srantan iki....."jawabe semun..
"Tapi Mun kayu jati lan marmer-e nang gudang lagi kosong,...anane mung kayu kamper karo keramik putih kw2 , aku isih order kira kira sewulan maneh tekane,.."
"Walah kesuwen kang Tarjo , wis lah sak anane wae tak pasange ,.."
Ora suwe ,..mung seminggu wae, genteng wis munggah keramik wis temata...omah wis siap huni...
"Kang Gudel niki kulo serah-ke kuncinipun , matur suwun sampun saget nyambut damel teng ngriki,.." semun nyerahke kunci omah.
"Ya ,...tak tampa kuncine Mun,...iki honormu rong sasi pitung ndino, lan iki bonuse..." kang Gudel nyerahne amplop karo nyerahno kunci sing mau diwenehne semun.....
"Dirawat sing apik ya mun,...." pesene Kang Gudel...
klemun klemun ndas-e semun ngelu mubeng-mubeng ,...mara mara bleg nggeblak....

..ora merga oleh kunci omah tapi merga getun...
ngertio ngono tak enteni nganti kayu jati lan marmer-e ana,...
ngertio ngono olehku nggawe omah tak gawe sing tenanan ora asal-asalan........

No comments: