Tuesday, May 19, 2009

Sapa sing salah?

Mayite cewek muda korban tabrak lari iku gumletak ing pinggir ndalan, ditutupi kertas koran... getih abang mblambang durung garing, embuh apa sing pating cecer daging apa bagian awak liyane... montor Vario rusak kaya angka wolu... Wong-wong ndeso Pingkuk mulai teka ngrubung,...

Dumadakan ana wong lanang setengah baya, sing ketok pucet gemeter ngacung,

“Nuwun sewu... kulo narto sing paling salah, kula sing njalari matine”. Kabeh mata nuju wong iku, sing nerusne omong “Kula wau mlampah teng pinggir ndalan mriki. Lare wedok wau numpak montor, ujug-ujug mak jegagik meh nyrempet kula... untung jantung teksih sehat, cobi nek empun mbrebet... mila kula pisuhi... ketingale piyambake keweden, grogi montore oleng.. kesamber montor sing ugal-ugalan, mak thes...... Duh Gusti.. inalillahi”.

Cep klakep, wong-wong pada pandeng-pandengan, ujug-ujug saka arah liya ana tangan liyane sing diangkat.

“mBoten leres niku... kula sing langkung salah”, kang Narto tukang parkir anyaran neng warung Darmi melu nrambul, “Lare niku wau parkir teng ngajeng warung, nalika ajeng lunga kula jaluk karcis parkire, ngakune ical. Terus kula njaluk STNKne, tirose mboten mbeta... Untunge onten tiyang sing kenal lare niku maringi konfirmasi. Kula saged yakin nek deke sanes maling, nanging kula sampun ngrampas wekdale gangsal menit.. Saumpami wau langsung kula kon lunga mboten kula tahan ngantos limang menit, mesthi lare niku teksih urip mboten kesamber montor nganti ajur ngoten niku”.

Eee ujug-ujug ana Briptu Slamet saka Polsek mBendo sing ngaku, masiyo omone ditegas-tegasne tapi grogine gak gak bisa ditutupi.

“Bukan.. bapak-bapak, niku salah saya... cewek naik Vario itu tadi melintas di depan saya jaga di prapatan. Ketok gugup. Naluri pulisi nek ana pengendara gugup iku kan panganan empuk, apameneh wektu iku durung sarapan. Eee naluri saya bener, sakwise tak stop lan tak takoni bener dia ndak nggawa surat kendaraan. Terus tak jak nyang pos, nawani transaksi damai. Saya merasa berdosa merga ngerasmpas wektune sepuluh menit lan ngerampok duwike nggo sarapan.. Mesthi merga bar tak cekel lan tak rampas duwike iku pikirane dadi terganggu, numpak montor karo ngelamun, mula gak tegen terus kesrempet montor nganti mati..."

Durung rampung Pak Pulisi omong, ana wong aneh sing gak jelas saka ngendi asale lan kapan tekane wis nang kerumunan kono.

“Maap Bapak2 dan Ibu2... ini kabeh salahku. Wanita iku jenenge Narti, kancaku sak kantor, deweke randa ditinggal bojone rabi meneh. Bayangne wis enem sasi gak dibelai wong lanang.. jelas kepingin tenan... Aku nyedhaki, rayuanku jebul bisa nembus lan nggoyahne imane... dekne gelem tak jak selingkuh, nyanggupi ketemu neng Losmen Cempaka kulon kono, supaya cepet tak kon nyilih montore mbakyune, sekalian mampir warunge Yu Darmi tuku payung merek Sutra... pengaman supaya lehku demenan luwih aman.... Ahh... wis takdire, nembe bae ninggalne warung Darmi... wis disamber montor ugal-ugalan... mula dosa gede banget, ngajari gak bener, ngejak selingkuh lan njalari matine”.

Saiki kabeh mata menthelengi wong aneh iku, kabeh pada menghakimi.
Nalika kahanan wis mulai tenang Pak Bayan nyedhaki wong iku “Ngertos kula lare niku dereng nate rabi, mboten kerja kantoran lan mboten duwe mbakyu. Berarti sampeyan salah?”

Wong asing itu mung manthuk.

Pak Bayan terus takon, “Sampeyan napa sanes warga Pingkuk, kok kula dereng nate sumerep nggih?. Sampeyan sinten nggih??”

Wong aneh iku mung mesem, “Aku Pak?.. aku iki rak sing ngarang cerita fiksi iki”

“Waduh... nuwun sewu mawon, nami kula kangucup melok dosa, merga njupuk ide cerita tanpa ijin".

No comments: