Wednesday, May 27, 2009

Bayan Semun ketangkep polantas

Bayan Semun ngebut, tekan prapatan lampu abang murub isik bablas, akibate ketangkep Briptu Samidi terus arep ditilang.

Polantas: "Selamat malam Pak. Tolong lihat SIM-nya".

Bayan Semun (BS), dengan tenangnya: "Wah nggak nduwe… SIM-ku wis dicabut merga keseringen ngelanggar lalin"

Polantas: ”Nek ngono, endi STNK-ne ".

BS dengan PD njawab: "Nggak gableg Pak. Embuh iki mau mobile sapa. Wong mau ki ana mobil dirparkir nang samping stasiun, tak utak-atik nganggo kunci duplikat.. ee jalan.. ya wis terus tak lakokne ngono ae".

Polantas: "Berarti iki mobil curian?"

BS: "Aku gak ngerti istilahe... nyilih gak nembung apa nyolong... Tapi, tunggu sedela. Nek nggak salah, aku mau weruh ana STNK neng kotak perkakas nalika aku ndelikne pistulku neng kono”

Polantas: "Hah ...? Ana pistol nang kotak perkakas?"

BS: "Iya Pak. Aku ndelikne pistol sing bubar enggo ngrampok lan mateni uwong.. lha mayite korban mau tak lebokne neng begasi mburi kok".

Polantas kaget: "Ana Mayit nang begasi ..?"

BS : (Dengan muka dingin) "Iya Pak....".

Krungu ngono iku, Polantas panik, terus ngontak kantor pulisi terdekat, sing ngerahne tim buser. Gak suwe meneh mobil itu dikepung pulisi pak Kapolsek melu teka nyedhaki nginterograsi Bayan Semun sing gak melawan.

Kapolsek: "Boleh saya lihat SIM Anda, Pak ?"

BS : "Oh, mangga". (SIM isih berlaku lan resmi)

Kapolsek: "Iki mobile sapa?"

BS : "Niki mobile pak Lurah, wong kula wau dikongkon njemput bu lurah. Niki STNK-ne ". (Isik berlaku)

Kapolda: " Boleh Anda buka kotak perkakas dengan perlahan dan tunjukkan kepada saya pistol Anda di sana”.

BS : "Silahkan saja Pak.. cobi sampeyan tingali, niki obeng, tang, kunci Inggris, kuci busi, kunci pas... mboten wonten pistule kan".

Kapolres: "Hmm.. kalau begitu, boleh tolong buka bagasinya? Saya mendapat laporan bahwa ada mayat di sana”.

BS : "Mangga Pak ..." (Bagasi dibukak lan isine mung ban serep karo barang sawetara, mayit sing ana paling bathang cecak utawa kecoak sing kegencet)

Kapolda: "Saya heran. Petugas yang menghentikan mobil anda tadi mengatakan bahwa anda tidak memiliki SIM, dan anda telah mencuri mobil ini, punya pistol di kotak perkakas, habis merampok dan membawa mayat di bagasi".

BS : "Oh, ngoten nggih....? Mesthi... si tukang tipu niku badhe ngapusi sampeyan melih, criyos nek kula wau ngebut lan nglanggar lampu merah..."

No comments: