Saturday, August 12, 2006

Tuku tissu gulung

Bayan semun dolan nang minimarket arepe tuku pakan kucing , pas arepe mbayar ditakoni kasire kowe tuku biskuit kanggo kucing iki opo kowe pancene duwe kucing , iki peraturan nang kene yen tuku pakan kucing yo kudu duwe kucing jare kasir-e mau , bayan semun ora protes muleh sedeluk ngendong kucing balik nang minimarket "iki lho kucingku" jare Bayan semun,......
sesuke Bayan semun balik nang minimarket arepe tuku pakan iwak-e , arep mbayar kasire takon maneh kowe opo duwe iwak kok tuku pakan iwak ? ojo ojo arep kok pangan dewe ,.... dilehne koyo ngono bayan semun ora protes , muleh nyiduk iwak nang akuarium dileboke plastik trus balik nang minimarket ,. " iki iwak-ku" jare bayan semun "yo wis iki pakane" jare kasire,........
sesuk-e Bayan semun ngowo kardus bekas indomi tengahe dibolongi sithik sak driji nang minimarket , lho sampeyan ngowo kardus indomi mrene kanggo opo ? jare kasire " iki lho lebokno rene drijimu nyang bolongan iki" semaure bayan semun,...kasire ragu " ora ora nyatek kok" jare bayan semun,....dibujuk bujuk akhire kasir mau gelem ngeboke drijine nang bolongan kardus indomi mau,... "lho kok empuk empuk iki kewan opo mun? kasir-e nguwek nguwek njero kardus mau nganggo drijine" bareng dicabut drijine mak breng ambune ora karuan ,...kasire grenengan,....wis ngerti tho ,...sakiki aku oleh ora tuku tisu gulung kango kamar mandi?

by.GI

No comments: