Saturday, August 12, 2006

early warning system

Sakjege akeh bencana neng tlatah Jawa: gunung merapi, gempa bantul lan sing terakhir tsunami neng Pangandaran, bayan Semun sering krungu ukoro "irliworning sistem". Babar blas dheweke ora ngerti opo maksude.
Pas kepethuk karo petugas PPL, pak Karim, sing neng desa luwih terkenal pak tukang kawin suntik, bayan Semun nyempatne takon opo sing diarani wong wong pinter neng TV bab irli worning sistem.
"Pak Mantri, kulo koq sering mireng ukoro irli worning sistem teng TV, lha niku maksude nopo nggih ?"
" Oh..niku maksude sistem peringatan dini,..wah pak Bayan ki pinter juga yo.."semaure Pak Mantri karo gumuyu.
Karo semu isin mergo digunggung, bayan Semun isih takon maneh: " Lha maksude peringatan dini niki nopo, koq bahasane uuaangell pol".
Pak Mantri rodo bingung nerangke neng bayan Semun. Mikir sedela, piye carane bayan Semun ngerti sing dimaksud, Pak Mantri nerangke maneh"Ngene Pak bayan, koyo nek sapi sampeyan meteng lan arep manak ngono kae lho...hayo kelingan ora nek ku ngajari?"
"oh..maksude kados peringatan 3A kangge rojo koyo, nek sapi arep manak irli worning sistem-e ABUH, ABANG lan ANGET.." Bayan Semun karo manthuk2 sajak keminter.
" Nah...nggih leres, jan Pak bayan ki canggih..lho..."
"Wah Pak Mantri ki kados Lurah-e mawon. Ngarani kulo canggih, neng mboso taktakokne opo artine, jare lurah-e canggih niku -cangkeme nggah nggih-".

by kbh

No comments: