Saturday, August 12, 2006

radio telesonic vs radio republik indonesia

Bayan Semun sing adate sumringah, dino iku katonmbesengut wae. Ora duwe esem babar blas, koyo wongditagih utang.Nganti lewat ngarep omahe guru Markum sing biasanekonco plek, yo blas ora ngaruhi. Sampek guru Markumdhewe gedeg gedeg ndelok praupane bayan Semun.
“ heh…kang Bayan, koq ndingaren nginthik wae leh mumlaku….? Guru Markum cluluk karo rodo mbengok.
“ Wehh… ngapunten mas guru…ora ngerti nek sampeyan neng kono…”
“ Ono opo sampeyan koq sajak mbesengut wae..?” guruMarkum takon karo nyedak bayan Semun.
“Iki lho, aku wingi tuku radio neng toko prolimankono. Lha bareng tekan omah, radione koq ora podho karo sing diomongne bakule. Lha aku yo emoh to..”
“ Lha ngopo koq mbesengut, tinggal dibalekne nengbakule to..” Guru Markum semaur sajak koyo nerangke neng murid-e ngono kae.
“ Yo iku sing marahi aku gelo, lha wong bakule emoh nek radio iki tak balekne” Semaure bayan semun karo ndudah glempo sing isi radio.
“Lha opo alasane bakule ora gelem, wong jelas sing ditawakne karo barange ora podho.”
“ Lha iku sing marahi aku gelo. Wingi bakule ngomong nek radio iki jenenge telesonik, neng pitansi yo enek tulisan radio telesonik, ning bareng teko omah koq beda” Bayan semun ngetokne pitansi sing neng njero sabuk oklok-e.
Karo manthuk manthuk guru Markum nyocokne pitansi karo merek neng radio sing digowo bayan Semun”Lha iki yo wis bener to Kang, radione merk telesonik podho karo kwitansine…terus opone sing salah?”
“Memang radio karo pitansine podho telesonik-e. Tapibareng tak setel neng omah dik bengi, penyiarengomonge duduk telesonik… ngomonge ngene… INILAH RADIO REPUBLIK INDONESIA….?!!??”Lha nek ngono iki sing ngapusi bakule opo penyiar-e…??!!?”

footnote: glempo = taplak mejo

by kbh

No comments: