Monday, August 14, 2006

Jam Jogja

Liburan, Bayan Semun dolan nang kutha Jogja ... medhun jlug saka sepur Sancaka jurusan Madiun - Jogja nang stasiun Tugu. Pemandangan pertama sing menarik kanggone Bayan
Semun yaiku andong Jogja sing parkir nang ngarep stasiun, beda banget karo dokar Madiun, merga rodane papat mirip kreta, kusire nganggo seragam, jarane dinggoni suwal tadhah tlethong...
Merga merasa tertarik bayan Semun lungguh nang cedhak andong nyawang kusir sing istirahat nunggu penumpang lungguh nang samping jaran. Gak suwe ana sing nyedhaki, "Pak, seniki jam pinten?"
Merga gak nganggo jam, Bayan semun takon nang kusir "Pak kusir... saniki .. jam pinten nggih?".
Pak kusir noleh sedela nyang sing takon, terus nyekeli k*nth*l jarane karo diobah-obahne ... onthong-onthong terus omong... "Anu Dèn... jam sewelas langkung kawanwelas menit!"
Bayan Semun ngobrol karo kusire, sawetara ana meneh sing nyedhaki karo takon meneh "Sakniki jam pinten nggih??". Peristiwa berulang, kusir nyekeli k*nth*l jaran, digoyang-goyang karo njawab: "Sewelas langkung tigangdoso gangsal menit, Dèn".
Ngono ambal-ambalan luwih nek ping telu... mula bayan Semun gumun, angger ditakoni jam, kusir kok mesthi nggoyang-nggoyangne anune jaran, wah iki mesthi dudu wong sembarangan merga bisa ngerti jam saka anu jaran, utawa anu jaran Jogja iku pancen ampuh tenanngono pikirane...
Merga penasaran, diwanek-wanekke bayan Semun takon karo kusir, "Pak.. kula ajeng belajar carane nggunakne 'jam gandhul' koyo sampeyan niku".
"Maksud sampeyan napa nggih?", si kusir ganti takon.
"Niku lho Pak... angger ditakeni jam kok sampeyan terus ngobahne k*nth*l jaran niku maksude napa nggih?"
"Nyyaaak... sampeyan niku, empun guyon...".
"Saestu kula gawok kalih sampeyan, mosok anu jaran kok didamel jam", sumaure Bayan Semun.
"Ooooo... ngaten ta Den", kusire ngguyu, "Anune jaran niku kula goyang, maksude supados jam ageng sing teng gapura nika ketingal saking ngriki to Den!!!"
"Oalah... tak kiraaa..".

Moral cerita:
Jangan mudah kagum atau silau melihat "kehebatan" orang lain sebelum mengetahui rahasianya.

No comments: