Saturday, August 12, 2006

Ngumbah kucing

Bayan Semun tuku rinso nang tokone yu Darmi.
"Kok kadingaren sampeyan umbah-umbah dhewe?" takone yu darmi.
"Aku arep ngumbah kucing" jare bayan Semun.
" Gak salah kuwi kucing kok di kumbah" yu Darmi bingung.
"Iyo soale kucingku akeh tumane" jare bayan Semun.
"Walah mengko rak iso mati kucing sampeyan Mun" yu Darmi ngelingno.
"ora yu tanggaku yo nate kok ning ora mati" semaure bayan Semun.
Mari mbayar, bayan Semun menyat mulih arepe ngumbah kucing-e.
Sesuke bayan Semun teko maneh nang tokone yu Darmi arepe tuku rokok.
"Piye kucing sampeyan Mun? takone yu Darmi.
"Kucingku mati" jare bayan Semun.
"Lha rak tenan tho, aku wingi rak wis ngelekne kowe ora percoyo , lha wong kucing kok di kumbah nganggo rinso yo pasti mati, kan ono obat tumo" yu Darmi nyrenengi.
"Kucingku mati ora mergo tak kumbah rinso yu" jare bayan Semun.
"lho trus kenek opo" yu Darmi penasaran.
"Tak peres ......"


by surya

No comments: