Friday, February 01, 2008

Sumpah

Embuh piye critane, mara-mara indra dp isa kepilih dadi bupati magetan, embuh merga programe sing "Berantas Korupsi" , embuh merga impen-e ngedek-ne "PERSETAN" , apa merga putra daerah (asline rak Tinap tho) aku ora ngerti,...
pas hari H ne sumpah jabatan , Bayan Semun melu teka iki penghormatan-e semun merga Idra dp karo semun kanca awit cilik , kanca nekeran, wok-wokan, genderan, .....
indra dp ngadek gagah nganggo kopyah ireng celana ireng lengkap nggawe dasi , ora lali nganggo kaos oblong jimate sing cap daun (eh kaos oblone rak ora kethok ya),...pas disumpah "tidak akan memperkaya diri sendiri" mara-mara Bayan Semun komplin,.......
"pak kyai nek mung disumpah ora arep nyugih-ke awake dewe ya gancil kuwi, dulur lan anak-e wae sing disugih-ne" ngunu komplaine semun
Bayan Semun maju karo nggandeng wong lanang rambut awut-awutan , ngganggo kathok ireng klambi ireng kaos putih mbladus sendalan saka bekas ban montor,..
Lha kudune sing nyumpah mbah singa edan dukun sing joss niki , mangga mbah njenengan sumpah,...
Mbah dukun singaedan numpangke tangane nang mburi sirahe idra dp sing rada bothak merga kepanasan kakehan kampanye out door,...
"kula mboten bade korupsi napa malih KKN , menawi nglanggar sumpah menika, kulo sak anak kulo pitung turunan bisulen pitung enggon mbhoten manthun-manthun" jare mbak dukun singoedan,.....
krungu uni sumpahe ngunu kuwi indra dp milih medun ora sidha dadi bupati,...........

No comments: