Friday, February 22, 2008

Mati Lampu

Koyo umume wong Indonesia, Bayan Semun lan keluargane nek bengi yo nonton Sinteron. Ning yen pas mati lampu ngene dadi bingun arep ngopo lha wong omah yo mung dipadangi lilin. Gak kekurangan akal, Bayan Semun wis rencana arep “indehoi” karo bojone. Kapan maneh isok kelonan rodo surup. Ben rencana lancar, anake sing cilik ditukokno kembang api.

Bubar Isya’ pruput bayan Semun menehi kode nang bojone ben ndang mlebu kamar, siap-siap. Terus njupuk kembang api sing mau sore tuku pas mulih kantor, “Le, iki ndang dolanan kembang api nang tengah latar omah kono. Ati2 yo, ojo nganti ngobong godhong garing ya!”. Anake Semun bungah banget entuk kembang api 10 bungkus. Sengojo ditukokno akeh ben Semun iso “long set” karo bojone.

Ndilalah pancen wis awak rodo tuwo, opo ora biasa main rodo sore, Semun karo bojone rodo suwe panase. Wis meh petang-puluh lima menit, lagi ono tondo2 “tekan puncak”. Bayan Semun karo bojone tambah semangat goyang empat lima. Ning kamare didodok, “Pak, kembang apiku entek. Nyuwun meneh pak” Semun lan bojone ora nggagas, soale eman2 nek diputus tengah dalan. Anake tambah banter leh ndodok lawang, “Pak, nyuwun kembang api!” Kembang api meneh, pak!”. Semun gak peduli, pokoke genjot terus. Kiro2 limang menit anake meneng. Semun nambah ritme soale wis muncup2 …..

“Pak, kobongan, kobongaaaaaaannnn” Anake Semun njerit karo nendangi lawang kamar. Semun langsung jengkirat, nyandak sarung buka lawang. Ning ngarep lawang anake Semun nyengir karo ngomong, “Gak kobong kok pak, ning tukok-e kembang api nggih?”

Semun karo muntab njewer kupinge anake, “Bocah kurang ajar, delengen kae, Goro2 kowe, adik-mu do nempel ning tembok!”

No comments: