Monday, February 25, 2008

Aku Wis Ngerti Kabeh

Darminah anake Yu Darmi pancen usil , masio sakjane ora ngerti ning deweke rumangsa ngerti,..

"Mas aku wis ngerti kabeh" jare Darminah mbisiki kangmase sing lagi turu.
ora ngomong apa-apa kangmase langsung menehi duwit limang ewu "wis kana kanggo jajan , aja ngomong yen aku lagi teler ya"
"rebes mas" jare Darminah nampani duwit langsung mlayu metu kamar

pas bapake muleh saka kantor Darminah usil maneh, "pak aku wis ngerti kabeh"
karo rada kaget pak-e ngomong : "wis iki sangumu tak tambahi 20 ewu ben dina , aja ngomong karo ibumu ya nek aku sering mlebu kamar-e ngatmi"

Masio rada kaget tur ya kesel merga ngerti yen bapak-e selingkuh karo ngatmi batur-e ning duwit 20 ewu ditampani karo Darminah.

Merga ora kuat atine sesuke Darminah ngomong karo ibune maksud-e ben ibune ngerti kelakuane Bapake : "Bune aku wis ngerti kabeh" jare Darminah
Ibune kaget mbrebes mili : "oalah nduk jok ngomong karo bapakmu ya, yen aku sering lunga karo semun, tenan ya nduk iki tak wenehi duwit 30 ewu" tangane ibune mblesek-ne duwit 30 ewu nang tangane Darminah anak-e

Darminah meneng wae , deweke kesel banget merga sakiki ngerti yen keluargane ora karuan kabeh mulai bapak-e , ibune nganti kangmase rusak kabeh,..
Darminah methu saka omah , pas nang arep lawang ketemu karo Semun,...

"Ning Darminah iki aku nggawa surat kanggo bapakmuu , ana ora bapakmu" jare Bayan Semun
karo mrengut Darminah mbengok: "halah ora usah alasan kowe mrene rak arep ketemu ibuku tho, aku wis ngerti kabeh sakiki"

"oalah nduk akhire kowe ngerti dewe ya, mrene-o nduk kekepen bapak-mu iki, pancen sejatine kowe iki anaku" jare Bayan Semun karo ndodok,...

No comments: