Tuesday, February 05, 2008

Posisi sing kepenak

Isuk kuwi bayan semun mlaku-mlaku nang terminal maospati,..
ora adoh saka deweke ngadek ana sopir angkot pada lungguh ngobrol ngalor-ngidul,..

paijo : "Yen aku seneng gaya telu enem , mantep sajak kepenak ngunu lho,..."
parmo : "telu enem kuwi bahaya , yen aku luwih seneng sanga telu , takira iki sing paling kepenak tur yo marem santai lah,...."
bayan semun sing krungu obrolan sopir mulai tertarik melu nimbrung,...
"kang sing paling enak iku 69 nyamleng wis tho jajalen" jare semun nyamber kaya bensin,..
Paijo : "kang yen 69 kuwi ora lumrah tur ya ruwet"
parmo : "iya ora lumrah ya kaya ngene iki sing marahi cilaka"
Semun : "lho cilaka kepriye, wong aku wis njajal ping kopang kaping"
parmo : "sampeyan ngawa apa , bis apa colt"
Semun : "lho iki mau crita apa tho, soal ngisor udel dudu?"
paijo : "mulane aja nyamber wae kang , iki mau crita posisi nyekel setir bis, dudu nyetir ngisor udel,.."

No comments: