Friday, April 04, 2008

Endasmu pecah

Pemilihan umum 2009 kari pirang sasi maneh , partai pulitik pada mulai ancang-ancang golek pengikut, nek th. 1977 biyen para camat oleh jatah VW safari saka golkar nek tahun iki PPS (Partai Penggemar Sembukan) bagi-bagi Mubil VW Wuareg kanggo para Lurah,..
Lurah pingkuk oleh jatah siji, masio sakjane durung pati iso nyopir,..apa maneh mubil mewah sekelas VW Wuareg iki,..
Saben dino Bayan Semun kongkon ngelapi nganti kempling,..
Pas udan gede pak lurah nyengklak mubil-e arep nglebok-ke nang garasi sing wis di siapke ,
Semun : "mundur pak terus terus kiri kiri , kanan sithik terus terus,.."
Lurah : "piya ta mun kiri kanan terus terus sing bener to leh mu ngabani,.."
Semun : "nggih pak lurus mawon terus ,...terus ,..teruss"

mara-mara bruaaakkk pranggggg,....mubile nabrak jendela kantor-e paklurah,..

Lurah : "kowe iki piye tho mun teras terus teras terus , nabrak kok isih mbengok terus endasmu pecah kuwi,..."pak Lurah ngamuk misuh-misuh,...
"Pak Lurah endas kulo tasih utuh engkang pecah niku wau jendelo kamar" jare semun karo nggowo pecahan kaca nako,..
"wooo dasar , tiiiiiiiiiiit yu darmi, tiiiiiiiiit jaran, tiiiiiiiiiit embokmu kuwi,...." pisuhe lurah ndridil,....

note :
mergo lurahe misuh jorok kelewat wates mula kena sensor, tiiiiiiiiittttt.....

No comments: