Monday, March 31, 2008

Transportasi semun

Bayan Semun – Numpak Becak

Bayan Semun entuk undangan Seminar ning Jogya, topike “Kiroto Boso Jawi Mediun-an vs Mataram-an” (halah, opo to kuwi). Ono wektu sedhelo dienggo blonjo ning Malioboro, sepur sore kudu dicengklak Semun ben sesok isuk iso nyambut gawe maneh nang Cibinong. Saking asyik-e blonjo, Bayan Semun kekepepet wektu, terus golek becak gawe ngeterke ning stasiun Tugu.

“Stasiun Tugu. Pinten?”

Lima ribu” (logate tukang becak Meduro-nan)

“Yo wis, sing cepet mengko tak tambahi”

Tukang becak langsung ngebut ugal-an, ngepot ora karu-an. Bakul jarit wae nekad diserempet. Semun pucet, ora bayangke nek tukang becak ngebut-e edan2-an koyo ngene.

“Aduh Mas, yo alon-alon to ….!”

Ciiiiiiet, tukang becak ngerim ndadak karo ngepot mbalik arah.

“De’ rem-ma sampiyan, jare nang Tugu saiki balik Lun-Alun”

-----------------------------

Bayan Semun – Numpak Bis Kota

Panas2 ning bis Kota Jurusan Joyoboyo – Bratang (karo bayangke lagune Franky S.), bayan Semun pucet kentekan napas. Ben oran mati sesak napas, Bayan Semun nyrondol nyedaki lawang mburi (ben entuk angin). Bis kota nge-gas ndadak, bayan Semun sing lagi nyrondol memburi tambah glundung. Untunge Bayan Semun sing pendekar Terate iso pasang kuda2 ben ora tibo. Ning tetep wae raine nyosor keno pipine cah wedok ayu ning sebelahe. Lumayan ….

“Bu, iki lho ono wong lanang ngambung aku”, jerite cak wedok mau ning ibune sing ngadek cedake. “Ojok kurang ajar, mengko tak laporno bapake, di-gibeng koen. Ngertio bojoku KKO!” jare ibu sing ketoke lagi teko pasar karo mendelik. Karo cengengesan bayan Semun nyauti, “Ngapunten Bu, mboten sengojo. Lagian senggolan kulit podo kulit mawon kok”.

Durung rampung Semun leh ngucap, bis ngegas ndadak maneh. Bayan Semun (nek saiki sengojo) nyosor pipine cak wedok mau. Ning ibune cak wedok luwih sigap. Keranjang blonjo diangkat, pipine Bayan Semun nyosor buah duren. “Rasakno iku kulit podo kulit” …. Ibune cak wedok mesem puas.

-------------------------------

Bayan Semun – Numpak Bemo

Asyike numpak bemo ning Suroboyo iku lungguh adep2-an. Nek pas rejeki iso entuk pemandangan dengkul-e mbak2 sing sexy. Sore iku mulih kuliah, barengan ambek mbak2 sing ketoke arep budhal njogo pameran ning Mall. Ndelok seragam-e ono lambang pabrik rokok “Gendul Ireng”. Perusahaan rokok Gendul Ireng pancen terkenal seragam rok super mini. Sore kuwi pancen rejekine Semun, SPG Gendul Ireng lungguh pas ning ngarep-e. Bayan Semun entuk pemandangan indah lan bebas, opo maneh pupune mbake kuwi ora gawe stocking, putih mulus tur ono wulu-2ne alus. Bayan Semun ora isin mendeliki Populer (Pose Pupu di-ler). Mbak SPG blingsatan, opo maneh ora nggowo tas mung dompet cilik. Bingung oleh-e nutupi area terbuka mau. Corone yo mung sekuat tenaga ndudute rok mini mau ben iso mlorot sethithik. Ning dasar bahane cupet, piye2 wae ora berhasil meng-cover telung prapat pupu mulus mau.

Karo santai bayan Semun alok, “Mbak, sampeyan sak jane arep nutupi bagian endi? Nek nduwur, yo wis ben ngono wae. Tapi nek pengin nutupi bagian ngisor, yo kene tak enteni”

No comments: