Monday, April 14, 2008

Surat Semun

Awit isuk mau semun mung lungguh tenguk-tenguk sajak nglamun karo sok-sok tangane nulis-nulis nang lemah nganggo drijine,..
Lurah : "Mun kowe laopo tho kok tak mat-matne nglamun wae"
Semun : "Niki lho pak lurah , urip kulo ngantos sakniki kok mboten onten perubahan"
Lurah : "Ora ana perubahan piye tho karepmu?, anak nambah omah duwe kurang apa maneh"
Semun : "Inggih pak Lurah tapi griya kulo rak tasih setengah gedek setengah bata, batanipun nglepone nggih namung ngangge lendut sanes semen , niki napa wonten hubungane kalihan nomer griya kulo engkang 13 niki nggih"
Lurah : "oalah mun kowe kok percaya men karo Gendhulireng, kuwi ora ilmiah blas,...mungkin kowe ora nate ndonga marang Gisti Allah"
Semun : "Saben dinten kulo sampun ndonga lho pak , ngantos dridil,.."
Lurah : "Mungkin dongamu kurang khusuk,.."
Semun: "Sampun kok pak Lurah , malah saking khusuk-e oleh kulo ndonga, dompet kulo didudut kaleh bojo kulo mawon, kulo mboten kraos,.."
Lurah : "Mungkin pancen durung wayahe mun,.. Gusti Allah Ora Sare,.."
Semun : "Dereng wancine pripun tho pak lurah, kulo kekurangan rak sampun dangu , wakijan engkang sampun sugih mawon rejekine malah tambah deres,.."
Lurah : "Oalah Mun kowe kok ngeyel men tho, sakjane kowe iki njaluk apa tho,..umpane dongamu sak dek sak nyet langsung dikabulke karo Gusti Allah ning mung sepisan, kowe arep njaluk apa tha"
Semun : "Kula bade nyuwun arta kangge mbangun gubuk kulo"
Lurah : "Terus nek wis keturutan , omahmu gedong maglong-maglong ning kowe ora isa ngrumat , ora isa mbayar pbb, nek rusak ora isa ndandani , terus omahmu ambruk rak kowe malah ora duwe omah,.."
Semun : "Nek ngoten kulo bade nyuwun Pabrik mawon , rak onten hasile dados mboten kekurangan duwit,.."
Lurah : "Kowe duwe pabrik ning ora isa nglakok-ne sing becik , saya suwe pabrikmu malah bangkrut kowe diuber-uber buruh-mu dijaluki pesangon rak malah mbambung kowe, SD wae ora tamat kok arep mimpin pabrik,.."

Semun bingung apa ya sing arep tak jaluk marang Gusti Allah,..
Merga bingung Semun nulis surat ,...
Isine mung cekak wae:

"Sederek sedoya pembaca Blog engkang minulya,...menawi Donga panjenengan sak dek sak nyet bade dipun kabulaken dining Gusti Allah, panjenengan sedoya bade nyuwun menapa,...?

Matur Sembah Nuwun
Bayan Semun

No comments: