Friday, April 04, 2008

Bayan Semun vs Robert Kiyosaki

Jan tenan, goro2 bojone Semun moco bukune Robert Kiyosaki “Pak Sugih vs Pak Melarat” sing disilih teko perpustakaan Posyandu, bayan Semun mumet. Meh ben ndino bojone dremimil nyindir, “Mbok golek bisnis-an to pak. Kae koyo pak Agung sing duwe selepan. Nek ngandalke gaji thok, kapan mulyane. Aku lak yo penging mlaku2 nang Hongkong opo Swedia ndelok kembang musim semi”. Tibake bu Semun kadang maca milis MC ning secretariat PKK.


“Rumangsamu bisnis ra perlu modal to. Duit ko ngendi?” sauté karo nyruput kopi. “Alasan wae, jare pak Purdi E. Chandra sing penting niate”, bojone Semun ora gelem kalah, nduduhke perbendaharaan ilmu. Gatel ngrungoke omelane bojone, meneng2 bayan Semun njajal nyambi ngojek. Vespa dicengklak terus nongkrong ning pertelon Kleco. Lha opo tumon ojek gawe vespa bobrok, yo ora payu. Kabeh do milih numpak Honda anyar. Nganti bengi ora entuk penumpang, Semun mulih. Sial kudanan pisan ning tengah dalan, gek lali ora nggowo jas hujan. Wis awak tuwo, dadine tekan omah nggregesi kabeh.

“Aku mau njajal ngojek, mbokne” bengok Semun karo buka klambi. Bojone sumringah, “Piye pak? Ngojek ra popo sing penting bisnis, ora ngandelke gaji teko kelurahan thok. Entuk piro?”

“Saiki giliranmu bu. Iki ono duit, ndang lakok-no”. Bojone Semum gage mlayu mengarep karo ngatung, ning bingung mung nompo duit cring satusan siji. “Wis, duit kuwi ndang lakok-no ning gegerku kene. Aku masuk angin!”

No comments: