Thursday, March 27, 2008

Isih enak bojomu

Bayan Semun duwe kanca raket jenenge Keling bojone Yu Darmi, dewek-e wis kaya amplop lan perangko, yen ana semun nang kana mesti ana keling , mancing bareng , nonton wayang bareng , nganti golek wedhokan ya bareng,..
Pirang minggu kepungkur wong loro krungu yen jarene nang wisma rindu malam ana wong anyar , cakep bahenol , servise ruuaar biasa jenenge Ngatmi asli cah desa suratmajan maospati.
Pancen-e wis akeh sing crita soal Ngatmi iki, mulai goyangan-ne , nganti lekak-lekuk bodine. Nek mung Lunamaya wae lewat,..
Ngatmi pancen top markotop body bass bethot, barang legit kaya ketan ,...ngunu jare crita sing sumebar,..
"Mun jarene wong-wong, Ngatmi kuwi istimewa , kepriye nek kapan kapan awak-e dewe njajal nang wisma Rindu Malam" Ajak-e Keling
"Iya ling , wingi mbah karyo wis njajal, wah komentar-e uedan , daya cengkram-e pancen hebat pokok-e ciamik lah" jare Semun
"Kepriye arep njajal piye , aku sing mbayar lah" ajak-e Keling ora srantan
"Sakiki wae ya,..mumpung lagi kosong nggak ana kerjaan" Semun ya wis kemecer
Semun karo Keling budal bareng nang Sarangan goncengan brompit, tujuan-e jelas "Wisma rindu malam"

Tekan Sarangan langsung njujuk "Wisma Rindu Malam" , Sakwetara nunggu akhir-e Ngatmi methu , maklum akeh tamu kudu ngantri.
Keling ora sabar , "Mun aku disik ya , edan huuuayu tenan,...kowe mengko wae"
"Iya wis manut , wong kowe sing mbayari" jare Semun ngalah.
Wis sakjam lewat Keling durung methu saka kamar , wah aja aja pancen mak nyuss serpis-e Ngatmi kuwi Bayan Semun nlgamun,...
Lamunan bayan semun bubar merga Keling wis methu kamar "kepriye ling yahut ora serpis-e" Bayan Semun nyrocos ora sabar

Karo mencep lambe-ne keling njawab : "yahut apane , gak ana apa apane yen dibanding karo sing nang omah, isih enak-an bojo-ku, nek ora ngandhel jajalen dewe"

Gantian Keling sing nunggu nang njaba karo rokok-an.
Durung sak jam bayan semun wis methu " Kepriye mun enak ora" takon-e keling

"Bener omongan mu ling , ayu sih ayu tapi soal serpis , isih enakan bojo-mu" jare bayan Semun

No comments: