Monday, March 31, 2008

Mulane,..

Merga "ketrucut" apa pancen saking lugune bab "serpis" wingi , bayan semun rada jaga jarak karo keling,..
wis seminggu semun ora "ngorbit" nang pos ronda, padahal biasane meh saben wengi semun melu gadangan nang pos ronda nganti beduk subuh,...
Suwe ora kethok Keling nyambangi nyang omahe semun,..
Keling : Mun kok pirang-pirang ndino ora njedul nyangdi wae,..
Semun : Nyang omah wae ling ,...
Keling : ooo, eh mun kowe ngerti sing jenenge Luna Maya ora,...
Semun : ora , luna kuwi sapa tho,...
Keling : Lunamaya kuwi artis top , sakiki dewek-e lagi raket karo Gendhul Ireng lho,..
Semun : Gendhul Ireng cah maospati sing ireng, elek tur botak kae,...
Keling : Iya, lho kowe ora ngerti gosip anyar iki ya,.. mulane melu-o jagong nyang pos ronda maneh ,..aja nang omah wae,...

sesuk-e keling nyambangi semun maneh,..
Keling : Mun kowe ngerti sing jenenge Ayu azhari, kae lho bintang sing lagi gawe sensasi soal klambine sing wahhh
Semun : ora, eneng apa,..
Keling : Pas acara maca puisi nang manggala wana bakthi , dewe-e ngandeng cowok anyar bocah mediun asli,..
Semun : masak tho , sapa sing digandeng,..
Keling : iku cah mediun sing sakiki manggon nang mbandung , nek gak salah jenenge Agung Prabowo,....
Semun : oooo hebat ya agung kuwi, isa ngandeng artis top,..
Keling : mulane mun meluo jagongan nang pos ronda tha ,..

Sesuk-e maneh,..
Keling : Mung kowe ngerti ora sing jenenge , Ari Wibowo,..
Semun : halah sapa maneh kuwi,..
Keling : winggi ari wibowo ngandeng cewek anyar maneh , langsung 2 kiwa
tengen cah mediun sing digandeng , di ajak nonton konsere Diana Rose,..
Semun : sapa ling sing digandeng Ari wibowo,..
Keling : jare inpotaimen jenenge Yuni gaos karo Idafaya,..masak ora ngerti gosip paling anyar kuwi mun,..mulane melu-o jagongan nang pos ronda ,..dadi ngerti gosip anyar,....

Merga anyel sesuke bayan semun nyambangi pos ronda sing biasane nggo jagongan,..
Semun : ling kowe ngerti ora sing jenenge Mbah Darmo,..
Keling : Mbah darmo sapa,...
Semun : Kae lho , wong Tinap sing omahe cedhak-e kang Depe , sing awak-e gede dukur kaya adi ray, tumpakane CB glatik,..
Keling : Ora weruh ki mun , terus gosipe apa ,..
Semun : Mulane aja jagongan nang pos ronda wae, nek kowe sakiki nang omah pasti kowe ngerti,
Mbah darmo kuwi rak sing "ngeloni" bojomu saben bengi nek kowe ora ono.

No comments: