Tuesday, December 18, 2007

Semun Jago Bal-balan

Cita-citane Semun dadi pemain bal-balan propesional ora tau
kesampaian. Asline Semun iku pinter main bal-balan, nanging amargo
rodo ndlodok lan ora iso disiplin, akhir e ora tau biso ditompo nang
tim2 gede. Mung iso memperkuat tim kesebelasan Gulun FC. Karier e
Semun wis mentok.

Semun iku duwe konco sing podo pinter bal-balan e lan dadi anggota
kesebelasan elit nasional, dadi seleb pokokke. Jenenge kang Samin.
Semun karo Samin iku wis koyo sedulur. Opo-opo bareng. Nah, sawijining
dino, Semin iku mati amargo overdosis narkoba (biasa sleeb kan
senengane narkoba). Lewat pitung ndino matine Samin, Semun ngimpi
ditekani karo kancane iku. Semun kaget weruh kancane.

"Piye kang Semin, awakmu apik2 wae to nang kono." pitakone Semun nang Samin.
"Ora apik mun, aku nyemplung neroko goro2 narkoba kae." jawab e Samin.
"Makane to kang, wingi2 wes tak kandani ngeyel wae...mending ngombe
arak wae....ojo narkoba..." jarene semun sok pinter.
"Jane aku mrene ora kanggo bahas kuwi Mun, aku mrene nggowo pesen apik
karo elek kanggo awakmu..." Samin omong maneh.
"Wes...sing apik wae dhisik..." jawab e Semun.
"Kabar apik e, awakmu bakal ditompo nang kesebelasan paling bergengsi
yang pernah ono nang seluruh jagat iki." jawab e Samin.
"Wah, sip kuwi, ganteni awakmu yo? Lah terus berita elek e opo, Kang?"
"Sikilku cedera, awakmu tak rekomendasi menyang bosku. Awakmu ditompo
nang Jahanam FC, tim pemimpin klasemen sementara nang Liga Neraka
ganteni aku."

Glodak...Semun glundung trus tangi langsung sholat subuh, tobat,
njaluk ngapuro karo Allah SWT. Tobat ora bakal ngombe arak maneh...

No comments: