Thursday, December 27, 2007

Bayan Semun sempal dhengkule

Masiyo blekak-blekuk lan ilate kelibet-libet nek maca ayat Al Quran, bayan Semun iku termasuk paling sregep sholat bareng nang langgar. Saking sregepe lan dhisik tekane nang langgar sasat nduwe kapling dewe yaiku nang shaf ngarep kiwane imam jejere Kaji Dulkamid...

Nanging rong dina iki irunge Bayan Semun ra ketok nang langgar… padahal akeh sing weruh nek deweke ora lunga, malah mau esuk akeh sing weruh isik nyang kelurahan.

Mula nalika wong-wong ngumpul sakwise sholat sing digunem ora liya absene si Bayan Semun.

"Nalika arep mangkat mrene mau, aku weruh kang Semun… tak jak bareng ora gelem malah sajak kesusu mlebu omah", kandane kang Dalimin menyang wong-wong.

"Eh.. kok nganeh-anehi men kang Bayan Semun ki, mengko gek saiki wis melok Islam Jamaah", aloke Saimo.

"Anggota Islam jamaah kuwi lak isoh didelok saka pakeyane ta Mo, biasane pada nganggo celono cingkrang" omonge Kadirun sok teu…

"Lha cocok wiisss!!!…", Dalimin semangat, "Wong mau ki celonone ya dilinting.. berarti bener dekne saiki emoh sholat bareng awak dewe merga wis dadi anggota Islam Jamaah"

Nembe gayeng pada rembugan, Kamituwo Kuwat rawuh nggoleki Bayan Semun, dijawab karo pating clebung karo wong-wong nek saiki deweke wis gak gelem nang langgar kono merga wis melok aliran sempalan.

"Empun rong dinten mboten purun sholat sareng teng langgar niki lho Pak Wo.." aloke wong-wong.

"Lhoo… nek wis rong ndina iki Bayan Semun dibayat dadi anggota golongan sempalan aku gak ngerti, tapi ngertiku rong dina kepungkur dengkule Bayan Semun abuh merga udunen. Malah kanda karo aku, nek sholat sikile cekakaran merga kangelan nek arep lungguh tahiyat… mungkin ae deke absen sholat nang langgar merga gak kepingin ngrepoti kiwa tengene…"

Oalah….. taraki melok aliran sempalan ra ngertine sempal dhengkule...

No comments: