Tuesday, December 18, 2007

Semun Dadi banci

Tresno iku pancen nglarani ati, nanging sanajan ngunu sik akeh wong
sing ngalami katresnan. Alkisah, Semun lan Semi wes kenal rikolo sik
SMA. Hubungan e wes raket banget. Jare wong jowo, tresno iku jalaran
soko kulino. Amargo kulino cedak karo Semun, akhir e Semi jatuh
cintrong.

Tapi semi nyimpen rahasia, kekaguman e karo Semun sing pinter banget.
Dewekke wedi nek ditolak karo Semun, trus ora iso kekancan maneh karo
Semun. Sak ora-orane, yen dewekke bisa njogo perasaan e, dewekke isih
iso bareng-bareng karo Semun. Ngarep² sopo weruh yen Semun nembak
dewekke dhisik. Ngono pikir e Semi.

Wektu kliwat. Sekolah e Semun karo Semi wes lulus. Semun lan Semi ora
podo maneh sekolah e. Semi nang Mediun wae, kuliah nang IKIP disambi
kerjo jogo konter HP nang PP. Semun kuliah nang luar negeri. Tapi wong
loro iki isih hubungan e-mail, es em es, ngirim2 poto nang prenster
lan isih ngirim hadiah pas salah sijine ulang tahun. (jaman modern je,
semi wes jowo internet).

Semi kangen Semun balik, dewekke pengen menyatakan cinta lan perasaan
karo Semun, mbesuk yen Semun mulih. Dewekke wes tatag. Lah, njilalah
e-mail soko Semun mandeg. Es em es yo ra ono. Semi njajal hubungi,
nanging ora dibalesi. Nang ndi Semun? Ono kedadean opo? Akeh pitakonan
nang pikiran e Semi.

2 taun kliwat lan Semi isih ngarep² yen Semun bakal mbalik, utawa sak
ora-orane ngirimi surat. Nah, dongane Semi terkabul. Semi nompo es em
es soko Semun.

"Semi,temoni aku nang Juanda sesuk jam 7 bengi. Aku wes ra kuat pengen
ketemu awakmu...cinta & cium soko kancamu"

Semi berbunga-bunga. "Cinta & cium". Kanggone Semi, bocah wadon sing
tresno mati karo Semun, yo wes luar biasa. Semi seneng setengah mati,
amargo es em es e Semun lan bakal ketemu Arjuna ne. Sesuk e, isuk-isuk
Semi wis berangkat nang Surabaya, nang Juanda. Moh telat mapag Arjuna
ne. Dewekke nggawe klambi paling apik sing lagi tuku wingi nang Sri
Ratu. Pokokke Semi pengen tampil secantik mungkin. Ben Semun naksir
aku yen ketemu, ngono pikire Semi.

Jam 7 pas, Semi wes ngenteni nang gerbang kedatangan Internasional.
Pesawat sing soko Amrik wes teko. Semi celingak-celinguk golekki
Semun. Nanging ora enek. Amargo cuwo, Semi arep mulih. Nanging
ujug-ujug (dudu sepur) ono wong wadon gawe kaos ketat biru nyedak.
Seksi tenan bocah wadon iki, pikir e Semi.

"Hai, Semi ya? Lali yo karo aku?" pitakone bocah wadon iku. Rumangsa
jeneng e diceluk, Semi mandeg.
"Sampeyan iki sinten nggih?" jawab e Semi sopan.
"Aku nggowo kabar kanggo awakmu. Semun ora bakal teko, dewekke ora
bakal iso teko mrene maneh." jare wong wadon iku karo nyeleh koper e
nang cedak sikil. Tangan e nyekel pundak e Semi.
"Semun nang ndi? Ono kedadean opo? Omongno nang aku..." Semi mulai
panik. Wong wadon iku mentelengi trus nepuk pundak e Semi trus
ngomong....
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.
.

"ALAAMAAAKK.

. SEMI, INI EIKE SEMUN...APAKAH IKE TERLIHAT CANTIK
SEKARANG?? AIH...AIIIIH. .. YEY NGGAK BISA NGENALIN EIKE LG YAH???
IIHHH.......
..SEBELL DEEEEHH...!! !!"

............
..............

Semi langsung nggeblag ora sadar. Semaput...!!
!

No comments: