Friday, December 22, 2006

Faktor U mbah Bayan dongkol

Kang Semun boleh dibilang "the bayans family", lha piye wong mBahe suwargi ya bayan.. Nalika Kang Semun diangkat dadi bayan ternyata beliau penerus tradisi keluarga ngganti mbah Semin, bayan dongkol sing isik pernah pak dhe-ne, merga beliau kepingin pangsiun.
Masiyo mBah Bayan dongkol wia pangsiun tapi isik sehat seger buger, arang lara, nek nggreges mriyang cukup diombeni pil kita, bodrek apa naspro. Masiyo isik seneng ngombe kopi tubruk karo ngrokok klembak menyan, nanging isik kuat numpak pit lan bromfit merek Honda Supra. Cuma siji sing gak bisa ditipu, CPU-ne isik tipe XT mula sering "hang" alias menunjukkan tanda-tanda kepikunan, utawa nek istilah arek-arek disebut "faktor U" alias "uzur karena umur".

Esuk kuwi mBah Bayan dongkol nganggo Suprane arep menyang Mediyun. Lagi enak-enak ngematne suwarane mesin, tekan belokan Sangen, mak jegagik kepethuk cegatan "momen". mBah Bayan dongkol gak bisa menghindar, akhire dicekel pak pulisi..

"Selamat pagi Pak… mohon tunjukkan SIM-nya!" sapane pak pulisi.

Mbah Bayan dongkol rogoh-rogoh dompet, nggoleki SIM-e gak ketemu.. nalika noleh menyang pulisine nembe ngerti nek sing nyekel BRIPTU Wahyudi, tanggane dewe.

"Owalah Mas Yudi …. Aku njaluk ngapura Mas, mau merga kesusu mula SIM-ku ketinggalan"

"Ya wis Mbah Bayan…. untung sampeyan ketemu aku, pisan iki tak lolosne, tapi aja dibaleni, masiyo tangga, tapi lak gak enak karo kancaku apameneh nek konangan komandan!" .

"Maturnuwun sanget lho mas wis dibantu" ature mbah Bayan

"Sing ngati-ati mbah" omonge Mas Yudi karo dada-dada.

Dina candhake, mBah Bayan dongkol ketangkep meneh karo Briptu Wahyusi ing ngarep pasar Pagottan.. Mbah Bayan proaktif, durung ditakoni, wis ngulungne SIM "Aku memenuhi janji... gak lali karo SIM-ku, iki delengen".

"mBah, tapi endi STNK-ne", BRIPTU Wahyudi takon karo mBah Bayan.

"Nggg… mas sepisan meneh, aku nyuwun bantuan Mas, pisan meneh gak bakal tak baleni meneh wis"

"Mbah… wis ping pindo lho sampeyan nglanggar.. umpama dudu tanggaku wis di-sel utawa denda atusan ewu sampeyan. Mula aku serius… aja dibaleni meneh, di eling-eling, sepisan meneh sampeyan ngglanggar, aku gak bakal mbantu meneh. Janji lho mBah..." BRIPTU Wahyudi ngancam.

mBah Bayan dongkol mung ndingkluk karo janji "Aku janji Mas, gak tak baleni.. sesuk-sesuk mesthi komplit".

Seminggu meneh... mBah Bayan ketemu BRIPTU Wahyudi meneh ing ngarep pasar nDelopo. Durung ditakoni mBah Bayan wis nerocos, "Mas Yudi… aku memenuhi janjiku lho... saiki kabeh wis kumplit, iki SIM, STNK, spion, aku ya nganggo helem".

"Tetep isik ana sing kurang mBah" ature BRIPTU Wahyudi karo mentheleng.
"Lho… apa meneh sing durung lengkap?", Bayan dongkol isik durung paham.

"Kepingin ngerti…. Deloken awak sampeyan dewe mBah. Sampeyan niku gak numpak bromfit, tapi numpak pit onthel"

by.kangucup

No comments: