Thursday, January 04, 2007

Kempongane Bayan Semun

Bayan Semun dipanggil nang kecamatan, deweke dituduh nyebar berita palsu merga nggawe lapuran menawa montor muluk Adhem Air nyiblok ndik dukuh nDadapan.
Lurah dewe sakjane ya rumangsa melu salah, geneya langsung percaya karo Bayan Semun, tanpa ngecek langsung nerusne lapuran menyang Camat karo Kapolsek. Mungkin sing kepikiran supaya bisa cepat ditangani sapa ngerti ana sing bisa dislametne. Saka lapurane Lurah, berita diterusne pak Kapolsek tekan Kapolres, munggah terus tekan Gubernur lan Mentri Tahta
Rajaperkasa, akhire Presiden.

Gara-gara kempongane bayan Semun, wong sak ndonya umyeg, kampung nDadapan dadi rame, wartawan pada teka, stasiun telepisi siaran langsung. Tukang ojek panen, biasane sak tarikan limang ewu mundak dadi seket ewu.
„Mun, kowe sakjane weruh dewe ora?“ takone Mantri Polisi.
„Nggg... sakjane niku nggih namung jarene mBah Jambrong kok“, Bayan Semun lugu.
„Haaah.... mBah Jambrong kuwi sapa, aku arep ketemu“, ature pak Camat karo menteleng.
Kaya pesakitan dikeler, Bayan Semun nginthik ditutne para penggedhe kecamatan lan desa.. deweke mlebu kuburan, mlangkahi maesan-maesan. Tekan cungkup ngisor wit kepuh… ana wong edan sing rambute gimbanl, klambine rowak rawek lagi turu.
“Niku.. mBah Jambronge”, aloke Bayan Semun.
“Heeeh... Mbah Jambrong, aja turu ae… endi montor muluk sing nyiblok iku”,
getakane pak Kapolsek.
”Bapak-bapak priyagung, aku gak ngapusi kok … aku yakin weruh dewe. Lha kae montor muluke… pancen gak bisa didelok nganggo mata biasa, kudu nganggo trawang mata batin”, mBah Jambrong ngoceh..
“Waiyah… ngawur… montor muluk iku gaweyan pabrik nang negara maju, isine alat lan mesin canggih komputer ngono kae dudu thuyul karo dhemit, bisa mabur merga avtur dudu merga dikutugi menyan utawa disiram banyu kembang”., ature pak Lurah.
„Lho montor muluk ing trawanganku iku ya canggih lan njlime. Sing nggawe empu. Nalika kudu pasa patangpuluh dina patangpuluh bengi, kudu dietung dinane, neptune, digoleki naga dinane, naga sasine, digoleki naase. Merga dina nggawene Rebo Paing mula dijenengi „Boeing“. Kurang njlimet lan canggih piye?“, mBah Jambrong ngoceh terus gak gelem kalah.
“Eyel-eyelan karo wong edan berarti melok edan. Dasar gendeng, gak bisa mbedakne antara dunia nyata karo dunia lain. Gak bisa mbedakne alam nyata karo ngimpi”, pak Lurah rada nesu.
“He, he, he… sampeyan sing ngaku waras ya isik seneng ngimpi kok, buktine isik iso diapusi wong edan”, omonge mBah Jambrong karo cengengas-cengenges.

“Owalah lha nek gak saka ngimpi... kapan meneh awake dewe neng negara iki biso ngrasakne seneng" grenengane pak Lurah.
"Mesakne Pak Tahta Rajaperkasa, merga pusing mikir bencana kapal laut disusul kabar simpang siur kapal mabur rambute langsung dadi putih memplak", mBah Jambrong ndleming.
"Husy... iku nambah wibawa kok..."

No comments: