Monday, December 11, 2006

Poligami

Gak ono udan gak ana puting beliung, Bayan Semun seneng banget karo lagune Sheila on Seven sing judule Pejantan Tangguh. Mungkin si Bayan Semun lagi duwe karep arep ngrebut poligami award sing digelar pengusaha restoran ayam bakar Wong Solo, mungkin juga malah deg-degan nek PP nomer 10 arep diperluas nyang-hyangane karo randa genit warung pinggir tanggul bakal ngalami hambatan.

Lha kok kebeneran, pak lurah duwe gagasan, pamonge kudu maju aja kalah karo angota Dewan sing studi banding nang luar negeri. Dina iku para pamong deso lan ibu-ibu PKK studi tour nang desa Prampelan, Karangrejo, Magetan. Tujuane arep ndelok proyek percontoan persilangan sapi. Rombongan dijak ndelok sapi pejantan tangguh.

Pertama sing dikunjungi pejantan Madura. Pejantan iki awake cilik, wulune abang, tapi giras alias ethes banget.

"Pak Mantri…napa istimewane sapi cilik niku kok pantes didamel pejantan?", ujug-ujug bu bayan Semun takon.

"Mergi sapi niku sregep ngombe ramuan madura… mila saged dikawinaken sedina nganti ping tiga bu", ujare pak Mantri.

Bu Bayan noleh menyang bojone karo alok, "Rungokno Pak… Ramuan Madura sedina kuat ping telu!!!"

Rumangsa disemoni, Bayan Semun mung pringas-pringis.

Rombongan nerusne laku menyang pejantan asal Bali.

Ana sing takon meneh "Lha nek sing niki apa istimewane Pak Mantri?".

"Sing saking Bali niku, gadhah cita rasa seni sing tinggi, bervariasi, mula menawi kawin kuat lan tahan lama", ujare pak Mantri.

Lagi-lagi bu Bayan nimpali, "Rungokno kuwi pak… bervariasi lan tahan lama".

Bayan Semun mung meneng ae., tapi batine dongkol.

Rombongan nerusne perjalanan ing kandang sapi Benggala..
"Pak Mantri nek sapi sing gagah, gedhe dhuwur niki napa istimewane?", ana sing takon meneh.

"Ooo sing asli India niki istimewa banget, angger onten sing nyebul suling kobrane langsung mulet-mulet, angger krungu kendang langsung jingkrak-jingkrak, mila mboten aneh sedina kuwat kawin ping gangsal"

Bu Bayan noleh menyang bojone karo mbengok, "Wooowwww..... Rungokna kuwi Pak, sedina ping lima"

Bayan Semun gak tahan disemoni terus-terusan, akhire kewetu omongane.

"Pak Mantri… kula ajeng taken, kuwat kawin sedina nganti ping lima niku babone siji napa lima Pak?".

"Nggih gangsal to Pak, namine mawon pejantan tangguh, mosok babone setunggal!", sumaure pak Mantri.

"Rungokno Bu…. Rungokno... Babone limo, dudu siji!!!", ujug-ujug Bayan Semun njenggelek karo setengah mbengok.

by.kangucup

No comments: