Wednesday, June 13, 2007

Semun nggonceng dhemit

Flashback, balik nèh nèng tahun sewu sangag atus pitungpuluh lima... Kang Semun durung dadi bayan, isik dadi hansip, isik dadi OB nang kantor kelurahan, isik manten anyar karo bojone. Malah isik honimon, dasare bar entuk rejeki merga dibeseli amplop karo pak Lurah sing bar entuk saka wong bar duwikan lemah mula malem minggu bar maghrib semrinthil wis ngejak bojone nang PESTA BUGIL utawa "bukak giling" pabrik gula pagutan. Tujuane arep nonton ludruk, kethoprak, nonton gambar sorot sing bitange roy marten karo yessy gusman, jajan brondong karo kacang asin, mulihe nenteng Martabak India Super nggo adhine ipe karo maratuwane lanang...

Masiyo jarak nDelopo Pagutan iku gak pati adoh, mung nem kilo tur lewat dalan aspalan ireng jurusan Mediyun - Ponorogo, tapi ya lumayan wong kang Semun numpak pit lan tur akeh nggon sing wingit utawa angker yaiku kretek mBathil, kuburan Slambur, mBulak Sekelip karo kali Ngrobyong…. sing jaman sakmono durung rapet omah kaya saiki....

Saka nDelopo kang Semun goncengan ngonthel pit ngalor parane, Yu Semun ngetapel kaya ransel. Sakwise tekan simpangan dalan sepur sing disebut mBéngkok (cedhak sentral listrik ndelopo) dalane lumayan sepi.. Senajan cedhak gardu listik, tapi daerah kono peteng ndhedhet lan sepi lan ya cedhak karo kuburan lan jembatan mBathil... rongatus meter sakdurunge jembatan dalane mudun, nanging sakwise jembatan munggah meneh, mula ing kono ana rambu dishub gambar (nuwun sewu).... "kutang". Embuh merga dalane rada menggok merga simpangan sepur terus mudhun-munggah iku apa merga ana sing mbaurekso, daerah kono iku sering banget ana kecelakaan, wiwit jaman sepur "lempung" mediyun-slahung isik urip wis sering ana dongeng uwong utawa kendaraan ketabrak sepur, sakwise iku sering ana kejadian tabrakan utawa kecelakaan.. malah nurut jarene kancane tanggane dulure adhine kancaku nang daerah kono sering ana "penampakan" wewe gombel, embuh "kiasan" apa nyata gak bisa dibuktekne perawi utawa sanadnya... he,he,he....

Untung ing daerah kono lakune sepedah kang Semun kebantu gaya gravitasi, nanging persis nang tengah kreteg mBathil, sensor irunge kang Semun nangkep ambu telo bakar. Mak nyut... kang Semun kelingan kandhane wong-wong nek iku ambune "kringet gendruwo". Ditambah angin semiriwing nggawa wangine kembang kemboja saka kuburan.. githoke kang Semun kontan mengkorog atine mak serrrr... tanpa ancang-ancang sepeda digenjot kaya wong kesetanan mlayu sipat kuiping (padahal setane muncul saka atine).....
Lamat-lamat krungu wong bengok-bengok saka mburi, rumangsane deweke diuber dhemit.. mula tambah cepet lehe nggenjot sepeda… Tambah cepet meneh nalika ngliwati kuburan Slambur.... nembe krasa menggeh-menggeh nalika wis tekan lewat lan tekan daerah sing rada rame...…

"Kooangggg … koang…. Kang Semun… byuhh, byuuhhh... ra mbloko men sampeyan ki piye… budeg yaaa… kit maeng dibuuuengooooki kok tuerus ae..." Nalika noleh, kang Semun kaget kaya disamber bledeg luput... mas Dalimin krenggosan ngoyak deweke, sing tambah digumuni meneh bojone wis digonecengke karo mas Dalimin.

Kang Semun curige, engko gek iki mas Dalimin jadi-jadian, "Umpama iku bojoku tenanan, terus sik tang gonceng saka nDelopo karo tak jak ngobrol mau sapa???".
Kang Semun ndelok boncengan sepedae... jebul kosong... mak tratab, wis siap arep mlayu sepedane ditinggal...

"Kosik kang.... aja kaget, iki aku Dalimin tangga lan dulur sampeyan... bojo sampeyan iki mau lak ceblok nang kreteg mBathil… umpama mau sing nemokne dudu aku bisa dadi isen-isene asrama mBéngkok!" kang Dalimin cengengesan..

No comments: