Thursday, June 07, 2007

Kacang Mede

Yu darmi nembe wae pindah nang desa pingkuk, ketepakan sebelahan karo
Bayan Semun sebagai penduduk anyar , Yu Darmi sowan nang omahe bayan
semun sing luwih tuwa umure.
Yu darmi : Mbah, tepangaken, kulo tetangga enggal sebelah griya njenengan nami kulo Darmi.
Bayan Semun : Oh, monggo pinarak, kok ngundang mbah tho wong aku isih gagah seger ngene lho? kulo Semun .
Pas lagi ngobrol, yu darmi ndelok ana saktoples kacang mede.
Yu darmi : Wah mbah, eh pak Semun angsal mboten nyicipi kacang medenipun
Bayan Semun: oh... yah...monggo monggo ora usah sungkan anggep wae omahe dewe.
Saking enak-ke ngobrol ngalor ngidul , saktoples mede entek di emplok Yu Darmi.
Yu Darmi : wah, ngapunten lo mas Semun (nyeluk mas merga rada isin ngentek-e mede saktoples) kacang medenipun kulo telasne...
Bayan Semun : Oh, nggak apa-apa kok, aku dewe yo ora pati seneng kacang mede mula tak klumpuke nang toples kuwi , senenganku coklat silverkuin.
Yu darmi : lho coklat silverkuin rak wonten mede-nipun to mas semun,..?
Bayan Semun : mulane kuwi angger mangan coklat silverkuin , ora nate tak cakot , mung tak klamuti wae lha kacang medene tak klumpuk-e nang toples sing kok entek-ke mau,...
Yu Darmi : "#$@##$&@"

rasakno tangga anyar kok ngragas bathine bayan semun karo mesem,......

No comments: