Tuesday, June 12, 2007

Kang Semun 1st day

Anuju sawijining dino, kang Bayan ingkang nembe nglokro,...( ngono salah ngene salah, pijer didukani wae karo pak Lurah....)... terus duwe angen-angen rodok nekat, pengin minggat seko kampung’e, dadi TKI...., neng ngendi wae, dadi opo wae, pokok’e uncat seko desone.........

Nanging, masiyo kadang-kadang ndlodog, kang Semun ora grusa-grusu oleh’e arep gegayuhan dadi TKI......., “aku kudu duwe modal disik...”, ngono lamunan’e...”Paling ora aku kudu iso coro Inggris....”......, tambah maju oleh’e nglamun.....

Masiyo oleh’e sekolah ndisik mbayar nganggo jagung gedheng’an, ning kang Semun wis ngantongi ijazah sekolah menengah, mestine nek pelajaran coro inggris yoo wis tau diwulang, ning sayang’e blaasss ora iso muni...... “Ben cepet iso muni inggrisku, aku kudu melu kursus wae nang kutho.....” gagasane kang Semun bab modal coro inggris sajak oleh dalan tur wis ditekadi tenanan........

Dino seloso isuk kang Semun mbolos....., pak Lurah thingak-thinguk thok, ndangu sopo-sopo ra enek sing weruh gelibet’e kang Semun...... “opo mergo wingi kae tak senen’i yoo ???.....aahhh mengko lak mbalik dhewe..” ngono batin’e pak Lurah...

Gak ngertiyo jam wolu isuk tibak’e kang Semun wis tekan ngarep kursus’an inggris sing gedhung’e magrong-magrong. Rodok gemeter sithik ning amergo wis nekat tenan kang Semun mlebu....

Ditemoni karo petrugas Pron Opis, nom2an cah lanang, “nyuwun sewu Mas Bagus......... (kabeh nom2an nek lanang mesti diundang Mas Bagus karo kang Semun, lha nek ketokane...masiyo mung ketokane ...wedok, mesti diundang mBak Ayu, opo maneh sing semlohee tambah suemuangat dek’e...ngundange mesti diimbuhi mesam-mesem) .......Mas Bagus, kulo niki pengin cepet-cepet saged coro inggris, carane pripun nggih ???, tumut kursus sing pundi niki ??.....”, karo nyerahke brosur sing wis setengah lecek diuntel-untel neng njero Colt mau...

Petugas’e sajak yoo ramah tur simpatik, terus mernah-mernahke kang Semun : “niki mawon Pak, niki Immerse Coarse, kirang langkung tigang wulan..gurune niki native speaker, .....”, kang Semun rodok ndlongop sithik, ning terus takon : “ wah kulo kok mboten mudeng...., genah’e pripun ??!!!. Immerse Coarse niku ibarat’e njenengan di leb-leb ke ngantos komoh-komoh kaliyan gurune sing saking inggris langsung, lhhaaa mengke nek mpun mentas mesti mpun saged muni inggris’e...... Wooo ngaten thoo, nggih mpun kulo tumut niku mawon....., batin’e kang Semun : wong aku biasa ciblon karo lumban neng kali wae kok.... dileb-leb ke ritak ra po’po....asal inggrisku ndang muni........

Singkat ceritaaa........ha..ha..ha, ...tibak’e yoo kesel ngarang/nulis crito Bayan Semun kuwi....

Hari pertama kang Semun neng kelas........., sakjane dek’e yoo wis siap-siap nggowo kathok kolor diwadahi tas kresek...siap-siap nek arep di leb-leb ke mau....

Tapi..lhooo, lha kok konco-koncone podho necis-necis, klimis ngguantheng-nggantheng tur wedok’e yoo akeh tenan....., kang Semun mulai ragu-ragu..., “ ahhh mosok wong-wong koyok ngene arep di leb-leb ke neng kali..” batin’e.....cah kae mesti ngapusi......, batin’e mulai nggerundel karo petugas pron opis..

Nanging mental Bayan’e terus metu....tenaanggg, jarene atine...

Sak wis’e Mr. Steven Gerrard (dudu gelandang’e liverpool) nerangke toto coro kursus nganggo coro indonesia......banjur kursus’e dimulai, ....neng kelas wis ora oleh maneh nganggo boso indonesa (iki kebiasaan’e kang Semun nek ngonek’ke indonesia mesti ora nganggo huruf “i”...dadi dudu salah ketik, pancen yoo indonesa tenan), kabeh kudu nganggo boso inggris......arep takon, usul, ijin....opo wae kudu nganggo coro inggris.... (namanya juga immerse coarse...).....

Sayang’e kang Semun rodok gak nyemak....dadi yoo rodok plonga-plongo.......

Lhaaa oleh rong jam neng kelas sing full ac...., mulai enek masalah...., mungkin mau isuk bar sarapan ngombene kakehan, tur ruangane adem pisan, kang Semun mulai kebelet pipis.......waduh piye iki ???!!!, rai’ne di tenang-tenangke ning soyo-suwe soyo pucet......., arep ijin sik durung iso ngomong’e.....waaahhhh, dengkul’e wis dirapetke karo bokong’e rodok megal-megol neng kursi, lambene wis njekithut.....

Ndelalah enek cah wedok sing lungguh ngarep menyat karo ngacung njaluk ijin neng toilet.....” excuse me Steve, may I......bla..bla....” terus metu seko kelas....., lha iki wis enek sing mulai...batin’e kang Semun..., cuman mergo lungguh’e dek’e nang mburi..., gak sepiro’o krungu bocah mau ngomong’e piye ????...waaduuhhh...., kepekso ngemept terus. Bareng cah wedok mau mbalik, enek maneh sing ijin, cah ngarep..... excuse me Steve....bla..blaa............, terus mlaku metu kelas....

Suwe-suwe kang Semun gak kuat maneh....., begitu cah ngarep mau mbalik mlebu klas....., kang Semun karo mundhuk-mundhuk, tangane kiwo nyekeli ngisor wudel, nguempeet poolll, terus tangan tengen’e ngacung neng Steve karo setengah bisik-bisik muni ngene :...."kus me Steve, I want to throw little water"

maksude "Maap Steve, aku kepingin buwang air kecil"...mak bleber terus njeranthal metu....

!!!!!.......

No comments: