Thursday, October 29, 2009

pirooo limang atus ewu,....!

Bayan Semun dolan nang mediun mampir nang Cafe.
Pas lagi clingak clinguk golek panggonan , ana cah wedhok ayu ireng manis lungguh dewek-an nang pojokan.
"Nyuwun sewu dik, aku oleh lungguh nang kene?, tak traktir es jeruk yo,.." jare Bayan Semun nawani.
"Opo !!!! emang aku cewek murahan opo piye , enak wae arep ngajak nang Hotel...!!!" Cah wedok mau bengok bengok,...
"Aduh mboten, mboten ngoten ampun salah paham jeng,..kulo namung nawari es jeruk kok...menawi mboten kerso nggih mboten menopo-menopo,

.." Jawab-e Bayan Semun luwih sopan karo clingukan bingung.
"Eeeee lha kok ngeyel bocah iki , aku dudu cewek sing koyo ngunu iku ,..enak wae ngajak nang Hotel,.." Cah wedhok mau mbengok luwih banter
Bayan Semun kisinan banget , balik klepat mlaku ngadoh golek panggonan liyane. Wong sak Cafe mendelik kabeh matane ndelok Bayan Semun kisinan.
Kira-kira rong puluh menitan , cah wedhok mau gantian marani bayan Semun sing lagi nyruput kopi nang pojok-an.
"Ngapunten nggih mas. Aku mau lagi mraktekne ajaran nang sekolahku, aku iki mahasiswi prikologi sing lagi mempelajari perilaku manusia pada situasi yang tidak diinginkan." Cah wedhok mau sopan njaluk ngapuro.
Bayan Semun meneng sakwetoro raine sing abang mbranang kisinan mau isih durung ilang.
"Mas ngapunten nggih,..dek wau terpaksa mego memenuhi kebutuhan skripsi?" cah wedhok mau memelas..
Bayan Semun ngadek mbengok sak kenceng-kencenge "Pirooooo!!!!!? Limang atus ewu????, kuwi wis termasuk Hotel-e opo durung???"

No comments: